Jumat, 27 Juni 2014

tafsir 'ali 'imron ayat 92-110


Qs. Ali Imron
Juz IV  ‘Ali ‘Imron Ayat 92- 110
لَنْ تَنَالُوا الْبِرَّ حَتَّى تُنْفِقُوا مِمَّا تُحِبُّونَ وَمَا تُنْفِقُوا مِنْ شَيْءٍ فَإِنَّ اللَّهَ بِهِ عَلِيمٌ (92)

 Durung(ora) لَن nggayuh*) sira kabeh تَنَالُوا۟ ing kebecikan ٱلْبِرَّ hingga حَتَّىٰ nafaqohake sira kabeh تُنفِقُوا۟ saking barang ( bandha) مِمَّ kang seneng sira( ing maa)تُحِبُّونَ ۚ utawi barang kang وَمَا nafaqohaken sira kabeh (ing maa) تُنفِقُوا۟ saking مِن sawiji-wiji شَىْءٍ mangka satuhune فَإِنَّ AllahTa’ala ٱللَّـهَ kelawan syaiin بِهِۦ iku Maha Mirsani عَلِيمٌ ﴿آل عمران:٩٢ 

*)nggayuh =merkolehi = mencapai=dikeparengake
92.Sira kabeh ora padha antuk  suwarga sahingga sira kabeh padha nyedekahaken barang kang  sira senengi .Apa bahe kang sira sedekahake Alloh Ta’ala  Mirsani.
كُلُّ الطَّعَامِ كَانَ حِلًّا لِبَنِي إِسْرَائِيلَ إِلَّا مَا حَرَّمَ إِسْرَائِيلُ عَلَى نَفْسِهِ مِنْ قَبْلِ أَنْ تُنَزَّلَ التَّوْرَاةُ قُلْ فَأْتُوا بِالتَّوْرَاةِ فَاتْلُوهَا إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ (93)
۞ utawi saben -saben كُلُّ panganan ٱلطَّعَامِ iku ana iyo thoam كَانَ iku halal حِلًّا kaduwene bani لِّبَنِىٓ Israil إِسْرٰٓءِيلَ kejaba  إِلَّا apa/barang مَا kang ngaromaken حَرَّمَ sapa bani isroil dewe إِسْرٰٓءِيلُ ingatase عَلَىٰ awake bani isroil نَفْسِهِۦ saking مِن sakdurunge قَبْلِ manawa أَن diturunake تُنَزَّلَ apa kitabTaurat ٱلتَّوْرَىٰةُ ۗ dawuha sira قُلْ mangka nekakna sira فَأْتُوا۟ kelawan kitab taurot iku بِٱلتَّوْرَىٰةِ mangka macaha sira ing taurot  فَٱتْلُوهَآ lamun إِن ana sira kabeh كُنتُمْ iku padha bener sira kabeh صٰدِقِينَ ﴿آل عمران:٩٣ 
93.Sakabehe Dhaharan iku Halal tumerap bani isroil , kajaba kang diharomaken Nabi  Ya’qub  kanggo awake dhewe ( marga nadzar) hiya iku untha.Kedadeyan iku sak durunge  tumurune taurot. *) Kandhakna ( Muhammad) ,” mula gawanen taurot  banjur wacanen , menawa sira kabeh uwong-uwong kang bener.”
*)Sakwise Taurot diturunake , ana pirang-pirang panganan kang diharamake kanggo dheweke minangka hukuman . jeneng-jeneng panganan iku  disebut ing jerone kitab taurot .  selanjutnya lihat ( QS.AN NISAA  (sk _4) ayat 160 dan q.s. al An ‘am ( sk 6) ayat 146.
Wong-wong Yahudi padha matur  marang Nabi Muhammad mangkene : Sampeyan kok  ngaku netepi  agamane Nabi Ibrahim,tiyang sampun dhahar daging unta . Ing mangka  Nabi Ibrahim boten kersa  dhahar daging untha  lan boten kersa  ngunjuk papan untha. Nuli Alloh Ta’ala nurunaken  ayat iku .”
(Al Ibriz Li Ma’rifati tafsiril Qur’anil ‘aziz billughotil jawwiyah  juz 1-10  hal 154 )
فَمَنِ افْتَرَى عَلَى اللَّهِ الْكَذِبَ مِنْ بَعْدِ ذَلِكَ فَأُولَئِكَ هُمُ الظَّالِمُونَ (94)
 Mangka sing sapane فَمَنِ gawe-gawe  iyo man ٱفْتَرَىٰ ingatase عَلَى Allah ٱللَّـهِ ing goroh ٱلْكَذِبَ saking  مِنۢ sak uwise بَعْدِ terange hujjah ذٰلِكَ mangka mangkono  iku فَأُو۟لٰٓئِكَ deweke ( ulaaika) هُمُ iku uwong uwong kang dholim ٱلظّٰلِمُونَ ﴿آل عمران:٩٤ 
94. Mangka  sak sapa wahe kang gawe kebohongan marang Alloh,*) sak wise iku , mula dheweke iku uwong –uwong kang dholim .
*)dusta marang Alloh yoiku kanthi ngendika  menawa sakdurunge Taurot diturunake  , Alloh wus ngaramake pirang-pirang panganan  marang Bani Isroil.
قُلْ صَدَقَ اللَّهُ فَاتَّبِعُوا مِلَّةَ إِبْرَاهِيمَ حَنِيفًا وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِينَ (95)
 Dhawuha sira قُلْ pancen bener صَدَقَ Allah ٱللَّـهُ ۗ mangka manuta sira فَٱتَّبِعُوا۟ ing agama مِلَّةَ Nabi Ibrahim إِبْرٰهِيمَ kang lurus حَنِيفًا lan ora وَمَا ana hiya Ibrahim iku كَانَ saking مِنَ  wong-wong musyrik ٱلْمُشْرِكِينَ ﴿آل عمران:٩٥ 
95.Dhawuha sira Muhammad  nyata bener Alloh Ta’ala, mula  andhereke tha sira kabeh  ing agamane Nabi Ibrohim ,hiyo iku agama Islam , lan mengo sangking agama sakliyane  agama  islam  lan ora Nabi Ibrahim iku golongane wong-wong kang musyrik.

Bantahan ingatase pengakuwane Ahli Kitab ngenani  omah kang kanggo ngibadah kang kawitan .
إِنَّ أَوَّلَ بَيْتٍ وُضِعَ لِلنَّاسِ لَلَّذِي بِبَكَّةَ مُبَارَكًا وَهُدًى لِلْعَالَمِينَ (96)
Sak tuhune  إِنَّ kawitane  أَوَّلَ rumah بَيْتٍ kang didegaken hiyo baiti  وُضِعَ kanggo manungsa لِلنَّاسِ yekti iku kang ana ing لَلَّذِى ing Mekkah بِبَكَّةَ kang diberkahi  مُبَارَكًا lan dadi pituduh وَهُدًى tumeraping ngalam kabeh لِّلْعٰلَمِينَ ﴿آل عمران:٩٦     
96.Sejatine omah kang dibangun sepisanan kanggo ( panggonan ngibadah ) manungsa hiya iku baitullah kang ana ing Bakkah ( Mekkah) kang diberkahi lan dadi pituduh tumrap sakabehe manungsa.*)
*)Ahli kitab ngandhakake yen omah kanggo ngibadah kang dibangun sepisanan iku ana ing Baitul Maqdis ,amarga iku Alloh mbantah.
فِيهِ آَيَاتٌ بَيِّنَاتٌ مَقَامُ إِبْرَاهِيمَ وَمَنْ دَخَلَهُ كَانَ آَمِنًا وَلِلَّهِ عَلَى النَّاسِ حِجُّ الْبَيْتِ مَنِ اسْتَطَاعَ إِلَيْهِ سَبِيلًا وَمَنْ كَفَرَ فَإِنَّ اللَّهَ غَنِيٌّ عَنِ الْعَالَمِينَ (97)
Iku ing dalem alladzi فِيهِ utawi pira-pira pertandha ءَايٰتٌۢ kang pertela بَيِّنٰتٌ yoiku maqom مَّقَامُ Nabi Ibrahim إِبْرٰهِيمَ ۖ lan sing sapa wonge وَمَن kang mlebu sapa man ing Makkah دَخَلَهُۥ mangka ana hiyo man كَانَ iku aman ءَامِنًا ۗ lan iku kagungane Alloh وَلِلَّـهِ ingatase عَلَى manungsa ٱلنَّاسِ utawi haji ana ing حِجُّ rumah/Baitullah ٱلْبَيْتِ sapa/orang مَنِ kang kuwasa iyo man ٱسْتَطَاعَ marang (Baitullah) إِلَيْهِ dedalane سَبِيلًا ۚ sing sapa wonge وَمَن kufur hiyo man كَفَرَ mangka sayektine فَإِنَّ Allah ٱللَّـهَ Maha Sugih غَنِىٌّ sangking عَنِ wong ngalam kabeh ٱلْعٰلَمِينَ ﴿آل عمران:٩٧ 
97.Ana ing sajrone ( Baitulloh) ana tandha-tandha kang nyata ( ing antarane ) maqom Ibrahim *) ; sing sapa wonge mebu ( Baitulloh kono) dheweke bakal ngrasa aman ; dene nglakoni ngibadah haji iku kewajibane manungsa marang Alloh , hiya iku ( tumrap) wong-wong kang sanggup nganakake ongkos umbalan tumuju baitulloh **) .Sapa wonge ngingkari (kewajiban haji ) , mujla satemene Alloh iku Maha Sugih ( ora butuh apa-apa) saka ngalam samekta.
*)Hiya iku panggonan Nabi Ibrahim jumenenng mbangun ka’bah.
**)Hiya  iku wong-wong kang sanggup nyawisake pesangon  lan prabote lelungan kalebu tumpakan ,warase jasmani lan aman sajrone lelungan .
Dhawuha sira Muhammad قُلْ hai ahli يٰٓأَهْلَ Kitab ٱلْكِتٰبِ kerana apa padha لِمَ kufur sira kabeh تَكْفُرُونَ kelawan pira –pira ayate بِـَٔايٰتِ Allah ٱللَّـهِ utawi Allah Ta’ala وَٱللَّـهُ Iku mirsani شَهِيدٌ ingatase  عَلَىٰ barang مَا kang padha sira tindakakeتَعْمَلُونَ ﴿آل عمران:٩٨ 
98.Dhawuha sira ! “ He Ahli Kitab , kena apa sira kabeh padha ngingkari ayat-ayat Alloh, kamangka Alloh iku Maha Nyekseni marang apa kang sira padha nglakoni?”
قُلْ يَا أَهْلَ الْكِتَابِ لِمَ تَصُدُّونَ عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ مَنْ آَمَنَ تَبْغُونَهَا عِوَجًا وَأَنْتُمْ شُهَدَاءُ وَمَا اللَّهُ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُونَ (99)
 Dawuha sira Muhammad قُلْ hai ahli يٰٓأَهْلَ Kitab ٱلْكِتٰبِ kerana apa padha لِمَ ngalang-alangi sira kabeh تَصُدُّونَ sangking عَن dalane سَبِيلِ AllahTa’ala ٱللَّـهِ ing wong مَنْ  ءَامَنَ sirapadha pamrih ing sabil تَبْغُونَهَا ing bengkok عِوَجًا lan ing mangka sira وَأَنتُمْ padha nekseni kabeh شُهَدَآءُ ۗ lan ora ana وَمَا sapa Allah ٱللَّـهُ iku lali بِغٰفِلٍ saking barang عَمَّا kang sira lakoni/tindakake تَعْمَلُونَ ﴿آل عمران:٩٩ 
99.Dhawuha sira ! “ hai Ahli Kitab , kena apa sira kabeh padha ngalang-ngalangi saka dalan Alloh, wong-wong kang padha iman,sira kabeh padha ngarepake dalan  Alloh dadi bengkaong , kamangka sirakabeh padha nyeksekake?” Alloh babar pisan  ora bakal supe saka apa kang sira kabeh padha nglakoni.
Kewajiban njaga kerukunan
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا إِنْ تُطِيعُوا فَرِيقًا مِنَ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ يَرُدُّوكُمْ بَعْدَ إِيمَانِكُمْ كَافِرِينَ (100)
 hai يَا أَيُّهَا wong-wong kang ٱلَّذِينَ (dheweke) wus padha iman ءَامَنُوٓا۟ menawa إِن turuti sirakabeh تُطِيعُوا۟ ing golongan فَرِيقًا sangking  مِّنَ wong-wong kang ٱلَّذِينَ dheweke diwenehi أُوتُوا۟ Al Kitab ٱلْكِتٰبَ mangka ambalekake sira kabehيَرُدُّوكُم ing dalem sakwise بَعْدَ iman iro kabehإِيمٰنِكُمْ (dadi) wong-wong kafir كٰفِرِينَ ﴿آل عمران : 100  
100.Hei wong-wong kang padha iman ,kalamun sira kabeh padha manut marang sak perangan saka wong-wong kang kaparingan Al Kitab , mesthi dheweke kabeh bakal mbalekake sira kabeh dadi wong kafir sakwise iman.
وَكَيْفَ تَكْفُرُونَ وَأَنْتُمْ تُتْلَى عَلَيْكُمْ آَيَاتُ اللَّهِ وَفِيكُمْ رَسُولُهُ وَمَنْ يَعْتَصِمْ بِاللَّهِ فَقَدْ هُدِيَ إِلَى صِرَاطٍ مُسْتَقِيمٍ (101)
 Lan kepiyeوَكَيْفَ sira kafir تَكْفُرُونَ lan /ing mangka sira  وَأَنتُمْ uwis diwacakake تُتْلَىٰ marang sira عَلَيْكُمْ ayat-ayat ءَايٰتُ Allah ٱللَّـهِ lan ing tengah-tengahe sira kabeh وَفِيكُمْ ana Rosule Alloh رَسُولُهُۥ ۗ lan sak sapa wonge وَمَن (dheweke) cekelan kenceng يَعْتَصِم marang Allah بِٱللَّـهِ mula temenan فَقَدْ diwenehi pituduh هُدِىَ nuju إِلَىٰ dalan  صِرٰطٍ kang lurus مُّسْتَقِيمٍ ﴿آل عمران:١۰١ 
101. Kena ngapa sira kabeh nganti dadi kapir,kamangka ayat-ayat Alloh wis kawacakake  marang sira kabeh , lan Rasul-E  uga ana ing tengah-tengah ira kabeh? ( mula )  sapa wonge kang tansah gegondhelan kuwat marang ( agamane ) Alloh , mula satemene dheweke iku wis pinaringan pituduh ( lumaku) ana ing dalan kang lempeng.

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ (102)
Hai eling eling  يَا أَيُّهَا wong kang ٱلَّذِينَ (dheweke ) wus iman ءَامَنُوا۟ pada taqwaha sira kabeh ٱتَّقُوا۟ marang Allah ٱللَّـهَ kanthi sak bener-benere حَقَّ takwa marang Alloh تُقَاتِهِۦ lan aja وَلَا pisan –pisan sira mati تَمُوتُنَّ kejaba إِلَّا utawa  sirakabeh  (ing dalem keadaan) وَأَنتُم padha muslim sira kabeh مُّسْلِمُونَ ﴿آل عمران:  102
102.He wong-wong kang padha iman,padha taqwaha sira kabeh marang Alloh kang sak bener –benere  taqwa marang Panjenengane lan aja pisan –pisan nganti sira kabeh mati , kejaba sira kabeh netepi agama Islam .
وَاعْتَصِمُوا بِحَبْلِ اللَّهِ جَمِيعًا وَلَا تَفَرَّقُوا وَاذْكُرُوا نِعْمَةَ اللَّهِ عَلَيْكُمْ إِذْ كُنْتُمْ أَعْدَاءً فَأَلَّفَ بَيْنَ قُلُوبِكُمْ فَأَصْبَحْتُمْ بِنِعْمَتِهِ إِخْوَانًا وَكُنْتُمْ عَلَى شَفَا حُفْرَةٍ مِنَ النَّارِ فَأَنْقَذَكُمْ مِنْهَا كَذَلِكَ يُبَيِّنُ اللَّهُ لَكُمْ آَيَاتِهِ لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُونَ (103)
Lan cekelana tha sira kabeh وَٱعْتَصِمُوا۟ kelawan taline بِحَبْلِ AllahTa’ala( agama) ٱللَّـهِ kabeh جَمِيعًا lan aja padha وَلَا pecah belah sira kabeh تَفَرَّقُوا۟ ۚ lan elenga sira kabeh وَٱذْكُرُوا۟ ing nikmat  نِعْمَتَ Alloh Ta’ala ٱللَّـهِ ingatase sira kabeh عَلَيْكُمْ nalikane إِذْ ana sira kabeh كُنتُمْ iku padha dadi sateru أَعْدَآءً mangka ngerukunake  sapa Alloh فَأَلَّفَ ing  ing dalem antarane بَيْنَ ati ira kabeh قُلُوبِكُمْ mangka esuk-esukan sira kabeh فَأَصْبَحْتُم kelawan nikmate Alloh بِنِعْمَتِهِۦٓ iku dadi seduluran إِخْوٰنًا la nana sira kabeh وَكُنتُمْ iku ingatase عَلَىٰ pinggire شَفَا jurangحُفْرَةٍ saking مِّنَ neraka ٱلنَّارِ mangka nyelametaken iya Alloh ing sira kabeh فَأَنقَذَكُم saking neraka مِّنْهَا ۗ kaya mangkono kang tinutur كَذٰلِكَ mertelakaken يُبَيِّنُ sapa Allah ٱللَّـهُ marang sira kabeh  لَكُمْ ing pira-pira ayate Alloh ءَايٰتِهِۦ supaya sira kabeh لَعَلَّكُمْ iku oleh pituduh sira kabeh تَهْتَدُونَ ﴿آل عمران : 103  
103.lan padha cecekelana sira kabeh marang tampare ( agamane ) Alloh, lan aja nganti sira kabeh  padha prenca-prenca, lan padha nghelingana sira kabeh marang nikmate Alloh kang wis kaparingake marang sira kabeh  rikala sira kabeh biyen ( jaman jahiliyah ) padha musuh-musuhan , mula Alloh ( banjur ) nglulutake antarane atinira kabeh , banjur amarga nikmate Alloh sira kabeh dadi wong-wong kang padha paseduluran ; lan sira kabeh wis ana ing sapinggiring jurang neraka, banjur Alloh nylametake sira kabeh saka jurang neraka iku, Kaya mengkono iku Alloh mratelakake ayat-ayat-E  marang sira kabeh , kang supaya sira kabeh padha antuk pituduh.
وَلْتَكُنْ مِنْكُمْ أُمَّةٌ يَدْعُونَ إِلَى الْخَيْرِ وَيَأْمُرُونَ بِالْمَعْرُوفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَأُولَئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ (104)
Lan dadiyoوَلْتَكُن ing antarane sira مِّنكُمْ ummat أُمَّةٌ (dheweke ) ngajakيَدْعُونَ marang إِلَى kebecikan ٱلْخَيْرِ lan (dheweke) ngekon وَيَأْمُرُونَ kelawan kebecikanبِٱلْمَعْرُوفِ lan (dheweke) nyegah وَيَنْهَوْنَ saka عَنِ mungkar ٱلْمُنكَرِ ۚ lan dheweke iku  وَأُو۟لٰٓئِكَ deweke هُمُ uwong-wong kang bejaٱلْمُفْلِحُونَ ﴿آل عمران : 104   
104.Lan supayaha ana ing antarane sira kabeh sagolongane umat kang ngajak-ajak tumuju marang kebagusan , padha printah marang kang makruf lan nyegah saka kang mungkar *) hiyo dheweke  kabeh iku wong-wong kang nemahi kauntungan.
*)”Makruf “sakabehe tingkah polah kang nyedakake marang Allo dene “mungkar”  sakabehe tingkah polah kang ngedohake saka Alloh
وَلَا تَكُونُوا كَالَّذِينَ تَفَرَّقُوا وَاخْتَلَفُوا مِنْ بَعْدِ مَا جَاءَهُمُ الْبَيِّنَاتُ وَأُولَئِكَ لَهُمْ عَذَابٌ عَظِيمٌ (105)
Lan ajaوَلَا sira dadi تَكُونُوا۟ wong-wong kang كَٱلَّذِينَ (deweke) congkrah-تَفَرَّقُوا۟ lan (deweke) berselisih وَٱخْتَلَفُوا۟ saka مِنۢ sakwise بَعْدِ apa مَا kang teka marang deweke جَآءَهُمُ keterangan kang jelas ٱلْبَيِّنٰتُ ۚ lan deweke iku وَأُو۟لٰٓئِكَ kanggone deweke لَهُمْ siksa عَذَابٌ kang gedhe عَظِيمٌ ﴿آل عمران :105    
105.Lan aja nganti sira kabeh iku kaya dene wong-wong kang padha prenca-prenca lan pasulayan sawise teka katerangan kang pratela  marang sira kabeh , Dheweke kabeh iku wong-wong kang entuk pasiksan kang abot.
يَوْمَ تَبْيَضُّ وُجُوهٌ وَتَسْوَدُّ وُجُوهٌ فَأَمَّا الَّذِينَ اسْوَدَّتْ وُجُوهُهُمْ أَكَفَرْتُمْ بَعْدَ إِيمَانِكُمْ فَذُوقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنْتُمْ تَكْفُرُونَ (106)
dinaيَوْمَ dadi putih (berseri) تَبْيَضُّ wajah-wajah وُجُوهٌ lan dadi ireng (geseng) وَتَسْوَدُّ wajah-wajah وُجُوهٌ ۚ mangka anane فَأَمَّا wong-wong kang  ٱلَّذِينَ dadi ireng  (geseng) ٱسْوَدَّتْ wajah-wajah deweke وُجُوهُهُمْ kenapa sira kafir أَكَفَرْتُم sakwise بَعْدَ (sira beriman) إِيمٰنِكُمْ mula rasakna فَذُوقُوا۟ azab ٱلْعَذَابَ disebabake بِمَا sira كُنتُمْ (sira) kafir تَكْفُرُونَ ﴿آل عمران :106    
106.Ana ing dina kang ing wektu iku ana rahi kang katon putih mencorong lan uga ana rahi kang ireng geseng , ana dene wong-wong kang rahine dadi katon ireng geseng ( marang dheweke diucapake ) :” kena apa sira teka dadi kafir sakwise sira iman ? Amarga saka iku rasakna pasiksan kang disebakake kapir ira iku.”
وَأَمَّا الَّذِينَ ابْيَضَّتْ وُجُوهُهُمْ فَفِي رَحْمَةِ اللَّهِ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ (107)
adapun وَأَمَّا wong-wong kangٱلَّذِينَdadi putih (berseri) ٱبْيَضَّتْ wajah-wajah deweke وُجُوهُهُمْ mula (ana) فَفِى rahmat رَحْمَةِ Allah ٱللَّـهِ deweke هُمْ ing jerone suwarga فِيهَا deweke langgengخٰلِدُونَ ﴿آل عمران : 107      
107. Suprandene wong-wong kang katon rahine dadi putih mencorong , mula dheweke kabeh ana ing sajerone rohmate Alloh ( suwarga) ;dheweke kabeh padha langgeng ana njerone kono.
تِلْكَ آَيَاتُ اللَّهِ نَتْلُوهَا عَلَيْكَ بِالْحَقِّ وَمَا اللَّهُ يُرِيدُ ظُلْمًا لِلْعَالَمِينَ (108)
Mangkana iku تِلْكَ ayat-ayat-E ءَايٰتُ Allah ٱللَّـهIngsun wacakake ( ayat-ayat)َتْلُوهَا marang sira  عَلَيْكَ kanthi bener بِٱلْحَقِّ ۗ lan ora وَمَا Allah ٱللَّـهُ Alloh kersakake يُرِيدُ aniaya ظُلْمًا tumrap ngalam kabeh (hamba-hamba Alloh) لِّلْعٰلَمِينَ ﴿آل عمران: 108   
108. Hiyo mengkana iku ayat-ayat Alloh, Ingsun wacakake ayat-ayat iku marang sira kabeh kanthi bener , lan Alloh wis ora bakal kagungan kersa nganingaya marang kawula-Ne.
وَلِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ وَإِلَى اللَّهِ تُرْجَعُ الْأُمُورُ (109)
Lan kagungane Alloh وَلِلَّـهِ kabeh ( apa wae ) مَا di فِى langit ٱلسَّمٰوٰتِ lan  lan kabeh (apa wae) وَمَا di فِى bumi ٱلْأَرْضِ ۚ lan marang  وَإِلَى Allah ٱللَّـهِ dibalekake تُرْجَعُ sakabehe urusan  ٱلْأُمُورُ ﴿آل عمران : 109 
109.Hiyo mung kagungane Alloh dhewe apa wahe kang ana  langit lan bumi.Lan namung marang Alloh  wahe  dibalekake kabeh urusan iku .
Keluwihan umat Islam saka umat kang liya
كُنْتُمْ خَيْرَ أُمَّةٍ أُخْرِجَتْ لِلنَّاسِ تَأْمُرُونَ بِالْمَعْرُوفِ وَتَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَتُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَلَوْ آَمَنَ أَهْلُ الْكِتَابِ لَكَانَ خَيْرًا لَهُمْ مِنْهُمُ الْمُؤْمِنُونَ وَأَكْثَرُهُمُ الْفَاسِقُونَ (110)
Sira kasebutكُنتُمْ sak apik-apike  خَيْرَ ummat أُمَّةٍ  kang dilahirake أُخْرِجَتْ kanggo manungsa  لِلنَّاسِ sira ngekon  تَأْمُرُونَ marang kebecikan  بِٱلْمَعْرُوفِ lan nyegah  وَتَنْهَوْنَ saka  عَنِ mungkar ٱلْمُنكَرِ lan sira padha iman وَتُؤْمِنُونَ marang Alloh  بِٱللَّـهِ ۗ lan sekirane  وَلَوْ beriman ءَامَنَ Ahli أَهْلُ Kitab ٱلْكِتٰبِ mesti wae   لَكَانَ lebih baik خَيْرًا kanggone dheweke  لَّهُم ۚ ing antarane dheweke  مِّنْهُمُ  uwong-uwong kang iman ٱلْمُؤْمِنُونَ lan akeh-akehe dheweke وَأَكْثَرُهُمُ uwong-uwong kang fasik ٱلْفٰسِقُون﴿آل عمران110
 110.Sira kabeh iku umat kang luwih bagus  kang kalahirake kanggo manungsa ,( kang supaya  sira kabeh padha printah marang kang makruf , lan padha nyegah marang kang mungkar , lan iman marang Alloh. Saumpamane Ahli Kitab iku padha Iman, mesthine iku luwih apik tumrap dheweke kabeh ; ing antarane dheweke kabeh ana kang iman ,( neng) akeh-akehe dheweke kabeh iku wong-wong kang pasek.