Sabtu, 14 Mei 2011

tafsir suroh al baqoroh ayat 44-45

Suroh Al baqoroh ayat  : 44
 
44. ata/muruuna nnaasa bilbirri watansauna anfusakum wa-antum tatluuna lkitaaba  , afalaa ta'qiluuna
44.Kena apa sira padha prentah marang wong liya ( nglakoni ) kebecikan , nanging sira padha nglalekake  awak ( kewajiban ) ira dhewe , ing mangka sira padha maca Al Kitab ( Taurat) ? Apa sira ora padha angen-angen ?.

Asbabun – Nuzul :   
Ditegasake dening Al Wahidi lan Sa’labi saka jalur Al Kalbi lan Abu Salih , saka Ibnu Abbas , Ngendikane :  diturunake ayat iki  ngenani uwong-uwong Yahudi Madinah . Sawijining wong lanang ing antarane dheweke  kandha marang sedulure sak omah kang uwis memeluk agama islam ,” tetepa sira manut ing agamamu  islam  kang wus sira anut lan padha manuta marang kang wis dianjurake dening Nabi Muhammad SAW , karana kebeneran ana ing pihake nabi   .”  dadi dheweke ngekon uwong kaya mangkana iku , ananging dheweke ora nglakoni= jarkoni = bisa ngujar ora bisa nglakoni
تفسير ابن كثير
Tafsir  Ibnnu Katsir
Abul Fuad Ismail Bin ‘Umar bin Katsir al Kurosyiyil Damsyiqy

Ana ing ayat iki Alloh meringatake/ngelengake  Ahli Kitab “ kepriye to sira nganjurake /ngekon uwong liya supaya padha tumindak becik , sedeng/ ing mangka sira kabeh nglalekake  diri sendiri / awakmu dhewe
Ora nindakake kebecikan iku. Ing mangka sira tansah maca Kitabe Alloh lan ngerteni bahayane uwong kang ora gatekake perintahe Alloh , apa toh sira ora mangerti, ora nyadari saka apa kang sira kabeh tindakake/perbuat marang awakmu dhewe , supaya sira bisa sadar saka turumu lan deleng saka kewutaanmu.

Qotadah ngendika :” Biyen Bani Isroil seneng nganjurake uwong liya supaya sira dadi wong kang taat , taqwa ananging dheweke dhewe   malah nyalahi perintah iku dhewe. Mangka Alloh ora rena tumindak kaya mangkana iku.”

Abdurrohman bin Zaid ngendika ,: Biyen  uwong Yahudi Manawa ditakoni ngenani bab kang ora ana kepentingane kanggo dheweke  lan tanpa suap mula dijawab kanthi bener , mangka Alloh mencela / ora ridho perbuatane dheweke kang ngekon marang wong liya supaya tumindak bener ananging dheweke lali marang awake dhewe. Lan teguran iki dudu jalaran anggone ngekon tumindak becik ananging jalaaran dheweke nglalekake ddiri sendiri/ awake dheweke. . Sebab Amar ma’ruf iku wajib tumrap uwong liya , ananging si Alim berkewajiban nindakake makruf iku bareng marang kang diajarake/ diwulangake kaya dene penjelasane Nabi Syuaib  A.S.   ing dalem surat Hud ayat : 88
Wamaa uriidu an ukhoolifakum ilaamaa anhaa kum anhu, in uriidu illal ish laaha ma tatho’tu wamaa taufiiqii illa billahi alaihi tawakkaltu wa ilaihi unibb.  Hud :88 = Lan aku ora bakal nyalahi sira sahingga nindakake apa kang aku uwis nglarang marang sira . Tujuanku mung anggawe becik sak isaku , lan ora ana pengarepanku kajaba taufiq kanggo awakku  sangka Alloh,  Marang Alloh piyambak aku beserah diri lan yo mung Marang Alloh uga aku  bakal nbali utawa  bertobat.

Said Bin Jubair ngendika :  Ing Manawa sawijining uwong iku ora antuk padha beramar ma’ruf lan nahi mungkar , mula banget ora ana sawijining uwong kang nindakake amar makruf lan nahi mungkar .

Malik ngendika Lan  sapa toh uwong kang ora duweni dosa  ?  “

Jundub Bin Abdulloh ngendikakake : ‘ Manawa  Rasululloh SAW bersabda : “

“ Matsalul ‘aalimi yu’allimun-naasal – khoira walaa ya’malubihi kamatsalissiraaji yudhii-u lin-naasi wayahruqu nafsahu  : “
Conto   perumpamaane uwong alim kang ngajar kebecikan marang Manungsa , ananging dheweke dhewe / dirinya sendiri ora nindakake kebecikan iku ,  kaya dene lampu lilin kang madhangi  uwong liyane nanging  mbakar awake dheweke / dirinya sendiri.

Anas R.A . negasaken  Manawa Rasululloh SAW . Bersabda : ‘” Nalika aku Isrok mlaku ngliwati sawijining kaum kang digunting lambene Deweke kanthi gunting neraka . Lan ing wektu iku aku takon marang marang Jibril , Ya Jibril sinten menika  tiyang ingkang nggunting lambenipun piyambak?  Jibril Jawab :” bilih menika para ahli khotbah saking umat panjenengan  ingkang  nganjuraken dateng tiyang sanes supadas  nindakaken kesaenan ananging piyambakipun  supe / lupa dateng dirinipun piyambak  ing mangka piyambakipun menika tansah mahos Kitab Alloh .  apa toh dweke ora padha mikir Manawa ana riwayat kang nyebutake digunting bibir / lambene deweke iku .”

Usamah Bin Zaid R.A .  ngendika :”  aku krungu Rasululloh SAW Bersabda :”
Yuja-u birrajuli yaumal qiyamati faylqaa finnaari fatandaliqa aqtabuhu fyduurubihaa fiin-naari kamaa yadururul himaru birihaahu fayuthiifubihi ahlun-naari, Fayaquuluuna ya fulaanu maa ashobaka ?  alam takun ya/murunaa bilma’ruufi watanhaanaa ‘anil munkari? Fayaquulu : kuntu aamurukum bilma’ruufi walaa aatiihi wa anhaakum ‘anilmunkari wa aatiihi   “. 
Rawaahu Ahmad, Bukhori wa Muslim

‘ Besok ana ing dina kiamat bakal diadhepake sawijining uwong lan banjur terus dilempar ana ing geni naraka , mula  banjur metu ususe , banjur dheweke keputer ana ing  jerone naraka kaya dene mubenge himar/ sapi ing panggilingane, mula  diubengi dening pirang-pirang uwong kang ana ing naraka lan takon ing dheweke , : “ hai fulan kena ngapa sira ?  ‘” kudune sira iku kan sok nganjurake  kita kabeh iki supaya tumindak becik lan nyegah saka tumindak mungkar ? “ Jawabe  , :”  Biyen aku nganjurake / ngajak sira supaya tumindak becik ananging aku aku ora nindakake , lan nglarang sira supaya nyegah mungkar , nanging aku nindakake.”

Uga panegasan kanjeng Nabi :

Innal –Looha yu’afil ummiyyina : sayektine Alloh paring maaf marang  
   ummiyyina  = uwong kang bodho  

Maa laa yu’afil ulamaa ‘  =
   ora paring ngapura = maaf marang para  ulama .”

Sebab  ora bisa dipadhakake uwong kang pinter / mangerti  ananging uwong iku bodho .

Malah ana keterangan Manawa Alloh bakal ngumpulake pitung puluh saka wong bodho sak durunge dingapura / dimaafake wong siji  si alim .

Firman Alloh : “
Qul hal yas tawilladziina ya’lamuuna wal ladziina laa ya’lamuuna  innamaa ya tadzakkaru uulul albaab. “  =
“  Kandhakna , apa  isa dipadhakake uwong kang ngerti kelawan uwong kang ora ngerti , sayektine uwong kang sadar yo iku mung wong wong kang  sehat pikirane.”

Al Wahidi Bin Uqbah  ngendika :” Manawa Nabi SAW bersabda : sayektine ada pirang-pirang uwong ahli suwarga kang deleng uwong –uwong ahli naraka , banjur takon marang   wong-wong ahli naraka =  : “ kena ngapa  sira  kok dilebokakake ana ing naraka ? kamangka  demi Alloh kita kabeh iki ora bisa mlebu ana ing suwarga   kejaba  kanthi apa kang sira wulangake marang kita kabeh ? jawab wong ahli naraka : “ aku Biyen mulang sira / nuturi sira ananging aku  ora nindakake saka apa kang dadi pituturku iku .” .H.R  Ibnu Asakir .

 Sawijining Sahabat teka / nemoni Sahabat Ibnu Abbas R.A  lan  nyuwun pertimbangan :  “ Wahai  Sahabat Ibnu Abbas kula kepengin nindakaken dakwah / kula kepengin mulang ngaji / dados khotib supadas kula saget amar ma’ruf nahi mungkar .” Ibnu Abbas takon marang   piyantun iku : ‘” apa sliramu uwis  bisa duweni drajat iku ? “ jawabipun :”  mugi-mugi sampun .”   Ibnu Abbas nerusake atur :”  menawa sira ora khawatir kecewa kanthi telung ayat kang kasebut ana ing Al qur’an mula laeksananono/ mula tindakna :”  piyantun wau  nglajengaken pikaten : “ menapa menika ya Sahabat  : “  Jawab Ibnu Abbas :”
1.     Ata’muruunan-naasa bil birri watansauna anfusakum
      apa toh  sira ngekon uwong tumindak becik/ nglakoni becik , ing   
      mangka sira nglalekake ddiri sendiri .” /Al Baqoroh :44
2.      Limaa taquuluuna maa  taf’alun,  3. kabura maqtan indalloohi an taquuluu maa laa taf’aluuna =  “  
      kena ngapa sira ngucapake / ngandhakake saka apa kang ora sira 
      lakoni ,Dosa gedhe mungguhe Alloh amarga saka pangucap sira
      ananging ora sira tindakake / ora sira lakoni.”/Ash-Shoffat :2-3

Sahabat Ibnu Abbas nerusake pitakon marang sahabat mau : “ Apa sira uwis nglakoni kang kaya kasebut ing ayat qur’an telu mahu ?  . jawab :”  Dereng .”

Ingkang langkung sahe tumrap kita para muslimin lan muslimatin  / tiyang islam jaler  sha tiyang islam setri :”  supadas kita saget slamet gesang ing ngalam donya punika kedah emut kaliyan pitutur saking Nabi Syuaib A.S. Lan menika  ugi  stunggaling keterangan  saking satunggaling kisah ingkang dipun cuplik kaliyan sahabat Ibnu Abbas  :

Tidak ada komentar:

Posting Komentar