Minggu, 24 Mei 2015

tafsir surat An Nisaa' ayat 1-23 - pardiro

Surat An-Nisaa’ 
 Oleh : Ustadz Pardiro As-Slemany 
Hukum keluwarga Kuwajibane para waasi ( wong kang wasiyat) ingatase asuhane lan kuwajibane para wali ingatase wong-wong kang dadi perwaliane ( wong kang diwaleni)

 يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا (1

 Hai eling-eling يَا أَيُّهَا Para manungsa النَّاسُ Wediyo sira kabeh اتَّقُوا Ing Pangeran ira kabeh رَبَّكُمُ kang الَّذِي nitahaken iyo alladzii ing sira kabeh خَلَقَكُمْ saking مِنْ Awak-awakan (adam) نَفْسٍ Kang siji وَاحِدَةٍ Lan nitahaken iyo Allah وَخَلَقَ Saking nafsin مِنْهَا Ing bojone nafsin زَوْجَهَا Lan ambabarake sapa Allah وَبَثَّ Saking karone (Adam lan Hawa)مِنْهُمَا Ing pira pira wong lanang رِجَالاً Kang akeh كَثِيرًا Lan pira-pira wong wadhon وَنِسَاءً Lan wediya sira kabeh وَاتَّقُوا Ing Allah Ta’ala اللَّهَ kang الَّذِي Takon –takon sira kabehَتَسَاءَلُونَ Ing Allah بِهِ Lan wediyo sira kabeh ing pira –pira sanak وَالْأَرْحَامَ sayektine إِنَّ Allah اللَّهَ Iku ana hiya ing Allah كَانَ Ingatase sira kabeh عَلَيْكُمْ Iku ngreksha(jaga lan ngawasi )رَقِيبًا (1)

1. hai kabeh manungsa , padha takwaha sira kabeh marang Pangeran ira kabeh kang wus nitahake sira kabeh saka wong ijen ( Adam ) lan saka wong ijen iku (Adam ) Allah nitahake bojone ( Hawa) *) ; Lan saka dene loro-lorone ( Adam lan Hawa ) Allah nitahake /mbabarake keturunan lanang lan wadhon kang okeh . Lan padha takwaha sira kabeh marang Allah kang kanthi (nganggo )gunakake Asmane ( Allah ) sira kabeh padha njaluk-jinaluk siji an sijine **) Lan reksanen /njaganen sesambungan silaturohim . Sayektine Alloh tansah njaga lan ngawasi sira kabeh .” [*] (maksude saka kalimat iki yoiku : manut jumhur Mufasirin paring makna saka wong ijen (hiyo iku saka bagian jisim ( balung iga wekase ) nabi Adam AS . adhedasar hadits imam Bukhori lan Muslim . sak liyane iku ana kang nafsiri saka wong ijen hiya iku saka unsur kang pada yoiku lemah kang saka lemah iku Adam.A.S. katitahake. [**]miturut padatan wong arab , rikala lagi nakokake sawiji perkara utawa njaluk marang wong liya , wong arab mau ngucaake mangkene :” As aluka billah “ artine Aku takon utawa njaluk marang sira kanthi nganggo asma Allah.

 وَآَتُوا الْيَتَامَى أَمْوَالَهُمْ وَلَا تَتَبَدَّلُوا
 الْخَبِيثَ بِالطَّيِّبِ وَلَا تَأْكُلُوا أَمْوَالَهُمْ إِلَى أَمْوَالِكُمْ إِنَّهُ كَانَ حُوبًا كَبِيرًا (2

Lan padha nekanana sira kabeh وَآَتُوا Ing pira-pira bocah yatim الْيَتَامَى Ing pira-pira bandhane yatma أَمْوَالَهُمْ Lan aja padha وَلَا Anggeneni(ngijolake ) sira kabeh تَتَبَدَّلُوا Ing perkara kang ala الْخَبِيثَ Kelawan perkara kang becik بِالطَّيِّبِ Lan aja padha وَلَا mangan sira kabeh تَأْكُلُوا Ing pira –pira bandhane bocah yatim أَمْوَالَهُمْMarang pira-pira إِلَى Bandha ira kabeh أَمْوَالِكُمْ Satemene akla amwalal yatim إِنَّهُ Iyo akla amwalal yatim كَانَ Iku dosa حُوبًا Kang gedhe كَبِيرًا

 2. Lan awehna marang bocah-bocah yatim ( kang uwis baligh ) , bandhane dheweke kabeh, aja nganti sira kabeh padha nganti kang apik kanthi nganggo kag ala , lan aja nganti sira kabeh padha mangan bandhane deweke kabeh (bocah- bocah yatim) kecampur bandha nira kabeh.Satemene tumindak (ngijoli lan mangan ) iku (wujude) dosa kang gedhe.

 وَإِنْ خِفْتُمْ أَلَّا تُقْسِطُوا فِي الْيَتَامَى فَانْكِحُوا مَا طَابَ لَكُمْ مِنَ النِّسَاءِ مَثْنَى وَثُلَاثَ وَرُبَاعَ فَإِنْ خِفْتُمْ أَلَّا تَعْدِلُوا فَوَاحِدَةً أَوْ مَا مَلَكَتْ أَيْمَانُكُمْ ذَلِكَ أَدْنَى أَلَّا تَعُولُوا (3

Lan lamun وَإِنْ Kuwatir sira kabeh خِفْتُمْ Manawa ora أَلَّا Adil sira kabeh تُقْسِطُوا Ing dalem pira-pira فِي Bocah yatim الْيَتَامَى Mangka nikaha sira kabeh فَانْكِحُوا Apa kang مَا Becik / senengi طَابَ Tumrap sira لَكُمْ saka مِنَ Pira pira wong wadhon النِّسَاءِ Loro-loro مَثْنَى Telu-telu وَثُلَاثَ Papat papat وَرُبَاعَ mangka manawa فَإِنْ Kuwatir sira kabeh خِفْتُمْ Menawa ora أَلَّا Adil sira kabeh تَعْدِلُوا Mangka siji فَوَاحِدَةً utawa أَوْ Apa kang مَا Sira duweni مَلَكَتْ tangan tengen iro kabeh أَيْمَانُكُمْ Mangkana iku ذَلِكَ Iku luwih cedhak أَدْنَى Menawa ora أَلَّا Sira tumindak aningaya تَعُولُوا 

3. Lan kalamun sira kabeh kuwatir ora bakal bisa tumindak adil ingatase ( hak-hak) wadhon kang isih yatim ( kalamun sira ngrabi dheweke) mula padha ngrabenan sira kabeh wanita –wanita (liya) kang sira kabeh senengi ; loro , telu utawa papat . Tumuli kalamun sira kabeh kuwatir ora bakal bisa tumindak adil *) , mula (rabenana) wanita siji wahe**) , utawa budhak-budhak kang sira miliki. Kang kaya mangkana iku luwih perek (cedhak) marang ora tumindak nganingaya. [*] tumindak adil iku tegese adil sajrone ngladeni bojo wadhon , kaya ta sandangan , papan panggonan , giliran lan liya-liyane kang asipat lahiriyah. [**]Islam ngolehake wayuh kanthi syarat-syarat kag wus ditentokake .Sak durungr ayat iki tumurun , wayuh wus ana , lan uga nate den tindakake dening para Nabi sadurunge Nabi Muhammad SAW . Ayat iki tumurun mates wayuh nganti wanita papat wahe.

 وَآَتُوا النِّسَاءَ صَدُقَاتِهِنَّ نِحْلَةً فَإِنْ طِبْنَ لَكُمْ عَنْ شَيْءٍ مِنْهُ نَفْسًا ُفَكُلُوه هَنِيئًا مَرِيئًا (4

 Lan menehana sira kabeh وَآَتُوا Ing pira pira wong wadhon النِّسَاءَ Ing pira pira maskawine صَدُقَاتِهِنَّ Kelawan menehi temen نِحْلَةً Mangka lamun فَإِنْ Seneng atine (sapa) nisaa’ طِبْنَ ل Marang sira kabeh َكُمْ saking عَنْ Sawiji-wiji شَيْءٍ saking maskawine مِنْهُ Seneng atine نَفْسًا ُ Mangka mangana sira kabeh فَكُلُوه Kelawan seneng/puas هَنِيئًا Tur kepenak/cukup مَرِيئًا

 4. Awehana maskawin (mahar) marang wanita ( kang sira rabeni) minangka paweweh kang kebak ing karilan *) .Tumuli , kalamun dheweke kabeh (wanita-wanita) mau padha ngulungake marang sira kabeh saperangan saka maskawin iku kanthi senenge ati, mula padha mangana (jupuka) paweweh iku (minangka panganan) kang enak tur bagus akibate. [*] paweweh hiya iku maskawin kang gedhe cilike katetepake dening gumathuke panemu loro-lorone pihak , amarga paweweh iku kudu ditindakake kanthi ikhlas. Asbabun Nuzul Awehana maskawin (mahar) marang wanita ( kang sira rabeni) minangka paweweh kang kebak ing karilan (Surah An Nisaa’ayat 4 ) Dipun tegasaken dening Ibnu Abi Hatim saking Abu Salih ngendikanipun : Jaman rumiyin menawi tiyang jaler ngawinaken putrinipun , dipun pendhet maskawinipun tanpa nyukakaken dateng temanten putri . mila Allah lajeng nglarang piyambakipun andamel kados makaten . lan mila Allah nurunaken ayat : Awehana maskawin (mahar) marang wanita ( kang sira rabeni) minangka paweweh kang kebak ing karilan (Surah An Nisaa’ayat 4 ) (Tafsir Jalalain Dening Imam Jalaluddin Al Mahalli Lan Imam Jalaluddin Asy Syuyuthi Jilid 1 Halaman 396) 

 وَلَا تُؤْتُوا السُّفَهَاءَ أَمْوَالَكُمُ الَّتِي جَعَلَ اللَّهُ لَكُمْ قِيَامًا وَارْزُقُوهُمْ فِيهَا وَاكْسُوهُمْ وَقُولُوا لَهُمْ قَوْلًا مَعْرُوفًا (5

Lan aja وَلَا Maringi sira kabeh تُؤْتُوا Ing pira –pira wong bodho السُّفَهَاءَ Ing pira pira bandhane sira أَمْوَالَكُمُ kang الَّتِي andadekake جَعَلَ (sapa) Alloh اللَّهُ Marang sira kabeh لَكُمْ Ing nguwasani قِيَامًا Lan menehana pangan sira kabeh ing anak-anak yatim وَارْزُقُوهُمْ Ing dalem amwal فِيهَا Lan nyandhangana sirakabeh ing anak-anak yatim وَاكْسُوهُمْ Lan ngucapa sira kabih وَقُولُوا Marang anak-anak yatim لَهُمْ Kelawan pangucap قَوْلًاKang bagus مَعْرُوفًا

 5. Lan aja ngnati sira kabeh nyerahake marang wong-wong kang durung sampurna akale *) bandhane (dheweke kabeh kang ana ing) kekuwasaan ira , kang kadadekake dening Allah minanka pokok (sumber) kauripan.Awehana dheweke kabeh blanja lan sandhangan (saka asile bandha iku) lan padha ngucapa sira kabeh marang dheweke kabeh iku , kanthi nganggo tembung-tembung kang bagus. [*] wong kang durung sampurna akale hiya iku bocah yatim kang durung baligh , utawa wong tuwa kang ora bisa ngatur bandhane. 

 وَابْتَلُوا الْيَتَامَى حَتَّى إِذَا بَلَغُوا النِّكَاحَ فَإِنْ آَنَسْتُمْ مِنْهُمْ رُشْدًا فَادْفَعُوا إِلَيْهِمْ أَمْوَالَهُمْ وَلَا تَأْكُلُوهَا إِسْرَافًا وَبِدَارًا أَنْ يَكْبَرُوا وَمَنْ كَانَ غَنِيًّا فَلْيَسْتَعْفِفْ وَمَنْ كَانَ فَقِيرًا فَلْيَأْكُلْ بِالْمَعْرُوفِ فَإِذَا دَفَعْتُمْ إِلَيْهِمْ أَمْوَالَهُمْ فَأَشْهِدُوا عَلَيْهِمْ وَكَفَى بِاللَّهِ حَسِيبًا (6)

Lan anjajala sira kabeh وَابْتَلُوا Ing pira –pira anak yatim الْيَتَامَى hingga حَتَّى Menawa/nalika إِذَا Wus tumeka iya yatim tekan umur بَلَغُوا Ing nikah النِّكَاحَ Mangka lamun wus فَإِنْ Weruh sira kabeh آَنَسْتُمْ Ing anatarane yatama مِنْهُمْ cerdas رُشْدًا Mangka serahna فَادْفَعُوا Marang dheweke (yatama) إِلَيْهِمْ Ing pra-pira bandhane yatama أَمْوَالَهُمْ Lan aja padha وَلَا Mangan sira kabeh ing amwal تَأْكُلُوهَاLuwih saka wate إِسْرَافًا Lan enggal enggal وَبِدَارًا Menawa dheweke dewasa أَنْ يَكْبَرُوا an saksapa wonge وَمَنْ Yoiku ( man) كَانَ Iku sugih غَنِيًّا Mangka ngreksaha (iya )man فَلْيَسْتَعْفِفْ Lan saksapa wonge وَمَنْ Yo iku ( man) كَانَ Iku mlarat فَقِيرًا Mangka manganaفَلْيَأْكُلْ Kelawan bagus/sak patute بِالْمَعْرُوفِ Mangka nalika فَإِذَا Masrahaken sira kabeh دَفَعْتُمْ Marang anak-anak yatim إِلَيْهِمْ ng pira pira bandhane yatim أَمْوَالَهُمْ Mangka neksekna sira kabeh فَأَشْهِدُوا Ing atase anak-anak yatim عَلَيْهِمْ Lan cukup banget وَكَفَى Marang Allah بِاللَّهِ Dzat kang ngreksha حَسِيبًا (6) 6. Padha nyobana *) sira kabeh marang bocah-bocah yatim iku nganti tekan umure rabi (adiwasa). Sabanjure kalamun miturut panemuira kabeh bocah-bocah yatim mau wis padha pinter (nanjakake bandha) mula padha mawehna sira kabeh marang bandha- bandhane dheweke kabeh iku. Lan aja nganti sira kabeh padha mangan bandhane bocah yatim nganti ngluwihi wates tur padha rerikatan (nggunakake bandhane bocah –boch yatim mupung dheweke kabeh isih durung pinter nanjakake bandhane) sadurunge dheweke kabeh tutug adiwasa.Sapa wonge (ing antarane wong-wong kang ngopeni bocah-bocah yatim) mampu (sugih) ,mula becike dheweke bisaha ngempet awake (melu mangan bandhane bocah yatim iku) lan sapa wonge kang miskin , mula dheweke bisa melu mangan bandhane bocah yatim iku kanthi bagus ( kanthi sawajare) .Tumuli kalamun sira kabeh padha nyerahake bandha marang dheweke kabeh (bocah –bocah yatim ) mula kudune sira kabeh nganakake saksi-saksi (ngenanipepasrahan iku) tumrap dheweke kabeh. Lan iya wis cukup Allah iku minangka Dzat kang ngawasi (marang kaseksen iku). [*] hiya iku nganakake penelitian marang dheweke kabeh ngenani agamane ,pambididaya lan kelakuwane sarta liya-liyane nganti bisa dimengerti yen bocah iku wis bisa dipercaya Pokok pokok ukum warisan لِلرِّجَالِ نَصِيبٌ مِمَّا تَرَكَ الْوَالِدَانِ وَالْأَقْرَبُونَ وَلِلنِّسَاءِ نَصِيبٌ مِمَّا تَرَكَ الْوَالِدَانِ وَالْأَقْرَبُونَ مِمَّا قَلَّ مِنْهُ أَوْ كَثُرَ نَصِيبًا مَفْرُوضًا (7) Kanggo (tumrap) wong lanang لِّلرِّجَالِ bagian نَصِيبٌ saking barang مِّمَّا kang tinggal تَرَكَ saking wong tuwa loro ٱلْوٰلِدَانِ lan pira –pira kerabate وَٱلْأَقْرَبُونَ lan iku kaduwene pira pira wong wodhon وَلِلنِّسَآءِ iku ana bagiane نَصِيبٌ saka apa (bandha) مِّمَّا kang tinggalتَرَكَ wong tuwane loro ٱلْوٰلِدَانِ lan pira-pira kerabate وَٱلْأَقْرَبُونَsaka apa (bondho) مِمَّا sithik hiyo (mal) قَلَّ saking mal مِنْهُ utawa أَوْ akeh كَثُرَ ۚ ingkang dadi bagiyane نَصِيبًا kang den pestheni مَّفْرُوضًا ﴿النساء:٧﴾ 7. Tumrap wong-wong lanang iku ana hak seperangansaka bandha tinggalane ibu bapa lan kerabate , lan tumrap wong-wong wanita (uga) ana hak saka bandha tinggalane ibu – bapa lan kerabate , padha uga sithik utawa akeh , miturut bagiyan kang wis katemtokake. Asbabun Nuzul Tumrap wong-wong lanang iku ana hak seperangansaka bandha tinggalane ibu bapa lan kerabate ......hinggaakhir (Surah An Nisaa’ayat 7 ) Dipun tegasaken dening Abu Syaikh lan dening Ibnu Hibban ing dalem Kitab Faraid sanad hadits saking jalur Kalbi saking Abu Salih saking Ibnu Abbas :” tiyang-tiyang jahiliyah biasanipun mboten purun marisaken bandhanipun dateng golongan wanit alan lare jaler ingkang taksih alit ngantos dumugi dewasa. Kaleresan sawijining pawongan jaler saking golongan anshor ingkang naminipun Aus bin sabit seda kanthi nilaraken kalih putrinipun lan setunggal putra jaler ingkang taksih alit . mila dateng sederek sepupunipun ingkang nami Kholid lan Atrofah ingkang dados asobah( ingkang nampi sedanten warisan ) , lajeng mendhet bandhonipun sedanten . Mila lajeng dateng garwanipun , manggihi Rasulullah SAW , lajeng nyritakaken bab ingkang dipun pirsani . Jawabipun Nabi SAW : Ingsun durung ngerti apa kang kudu ingsung kandhakake “. mila lajeng tumurun ayat : Tumrap wong-wong lanang iku ana hak seperangansaka bandha tinggalane ibu bapa lan kerabate ......hinggaakhir (Surah An Nisaa’ayat 7 ) (Tafsir Jalalain Dening Imam Jalaluddin Al Mahalli Lan Imam Jalaluddin Asy Syuyuthi Jilid 1 Halaman 396) وَإِذَا حَضَرَ الْقِسْمَةَ أُولُو الْقُرْبَى وَالْيَتَامَى وَالْمَسَاكِينُ فَارْزُقُوهُمْ مِنْهُ وَقُولُوا لَهُمْ قَوْلًا مَعْرُوفًا (8) Lan nalikane وَإِذَا tekane حَضَرَ ing bagiyan ٱلْقِسْمَةَ wong kang anduweni أُو۟لُوا۟ hubungan sanakٱلْقُرْبَىٰ lan anak-anak yatim وَٱلْيَتٰمَىٰ lan uwong-uwong miskin وَٱلْمَسٰكِينُ mula wenehana dheweke rezeki فَٱرْزُقُوهُم saka bandha iku مِّنْهُ dan lan ngucapa sira وَقُولُوا۟ marang dheweke لَهُمْ pangucap قَوْلًا kang becik/patut مَّعْرُوفًا ﴿النساء:٨﴾ 8. Lan rikala ngedum (mbagi) iku ana kerabat*) bocah yatim lan wong meskin kang teka , mula awehana dheweke kabeh iku saka bandha mau**) (samana sukane) lan padha ngucapna sira kabeh marang dheweke kabeh iku kanthi tembung-tembung kang bagus. [*] kerabat maksude : kerabat kang ora duwe hak warisan saka bondha gana gini. [**] paweweh samana sukane iku ora kena luwih saka saprotelon warisan. وَلْيَخْشَ الَّذِينَ لَوْ تَرَكُوا مِنْ خَلْفِهِمْ ذُرِّيَّةً ضِعَافًا خَافُوا عَلَيْهِمْ فَلْيَتَّقُوا اللَّهَ وَلْيَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا (9) Lan kudune wedi وَلْيَخْشَ wong-wong kang ٱلَّذِينَ sak jerone لَوْ wetenge deweke تَرَكُوا۟ sakaمِنْ burine deweke خَلْفِهِمْ keturunan/anak-anak ذُرِّيَّةً lemah ضِعٰفًا deweke khawatir خَافُوا۟ marang deweke عَلَيْهِمْ mula taqwaha فَلْيَتَّقُوا۟ marang Allah ٱللَّـهَ lan kudune deweke ngaturake وَلْيَقُولُوا۟ pangucap قَوْلًا kang benar سَدِيدًا ﴿النساء:٩﴾ 9.Lan becik padha wediha marang Allah wong-wong kang sak umpamane padha ninggalake anak-anak keturunaan ing mengkone padha apes-apes kang dheweke kabeh padha nguwatirake anak keturunane (yen ing mengkone anak keturunane padha urip kacingkrangan ) .Amarga saka iku, becik padha taqwaha dheweke kabeh iku marang Allah , lan becik padha ngucapa , kanthi tetembungan kang bener. إِنَّ الَّذِينَ يَأْكُلُونَ أَمْوَالَ الْيَتَامَى ظُلْمًا إِنَّمَا يَأْكُلُونَ فِي بُطُونِهِمْ نَارًا وَسَيَصْلَوْنَ سَعِيرًا (10) sayektine إِنَّ wong-wong kang ٱلَّذِينَ (dweke) mangan يَأْكُلُونَ bandhane أَمْوٰلَ anak yatim ٱلْيَتٰمَىٰ (secara) zalim ظُلْمًا sayektine إِنَّمَا deweke mangan يَأْكُلُونَ ing dalem فِى wetenge dewekeبُطُونِهِمْ geni نَارًا ۖ lan deweke bakal mlebu وَسَيَصْلَوْنَ neraka kang bulat-bulat genine سَعِيرًا ﴿النساء: 10﴾ 10.Sejatine wong-wong kang padha mangan bandhane bocah-bocah yatim kanthi cara kang zalim , sabenere dheweke kabeh iku padha mangan geni sakebake wetenge, lan dheweke kabeh bakal mlebu ing njero geni kang mulat – mulat ( neraka ). يُوصِيكُمُ اللَّهُ فِي أَوْلَادِكُمْ لِلذَّكَرِ مِثْلُ حَظِّ الْأُنْثَيَيْنِ فَإِنْ كُنَّ نِسَاءً فَوْقَ اثْنَتَيْنِ فَلَهُنَّ ثُلُثَا مَا تَرَكَ وَإِنْ كَانَتْ وَاحِدَةً فَلَهَا النِّصْفُ وَلِأَبَوَيْهِ لِكُلِّ وَاحِدٍ مِنْهُمَا السُّدُسُ مِمَّا تَرَكَ إِنْ كَانَ لَهُ وَلَدٌ فَإِنْ لَمْ يَكُنْ لَهُ وَلَدٌ وَوَرِثَهُ أَبَوَاهُ فَلِأُمِّهِ الثُّلُثُ فَإِنْ كَانَ لَهُ إِخْوَةٌ فَلِأُمِّهِ السُّدُسُ مِنْ بَعْدِ وَصِيَّةٍ يُوصِي بِهَا أَوْ دَيْنٍ آَبَاؤُكُمْ وَأَبْنَاؤُكُمْ لَا تَدْرُونَ أَيُّهُمْ أَقْرَبُ لَكُمْ نَفْعًا فَرِيضَةً مِنَ اللَّهِ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلِيمًا حَكِيمًا (11) Masiyatake marang sira يُوصِيكُمُ Allah ٱللَّـهُ ing dalem فِىٓ anak-anakira أَوْلٰدِكُمْtumrap anak lanang لِلذَّكَرِ kaya مِثْلُ bageane حَظِّ loro anak wadon ٱلْأُنثَيَيْنِ ۚ mula menawa فَإِن keadaane deweke كُنَّ wadon نِسَآءً luwih فَوْقَ saka loro anak wadon ٱثْنَتَيْنِ mangka bagiane dewekeفَلَهُنَّ dua pertiga ثُلُثَا marang barang مَا kang ditinggalake تَرَكَ ۖlan menawaوَإِن keadaane deweke كَانَتْ (suwiji )seorang وٰحِدَةً mula kanggo deweke فَلَهَا separuh ٱلنِّصْفُ ۚ lan kanggo ibu bapake وَلِأَبَوَيْهِ kanggo saben-saben لِكُلِّ seorang وٰحِدٍ saka kelorone مِّنْهُمَا seperenam ٱلسُّدُسُ saka apa/harta مِمَّا kang sira tinggalake تَرَكَ menawa إِن keadaane كَانَ bageane لَهُۥ anak-anak lanang وَلَدٌ ۚ mangka menawa فَإِن ora لَّمْ dadekake يَكُن kanggo deweke لَّهُۥ anak-anak lanang iku وَلَدٌ lan marisi وَوَرِثَهُۥٓ ibu-bapake أَبَوَاهُ mula kanggo ibune فَلِأُمِّهِ sepertiga ٱلثُّلُثُ ۚ mula menawa فَإِن keadaaneكَانَ kanggo deweke لَهُۥٓ sedulur-sedulure إِخْوَةٌ mula kanggo ibune فَلِأُمِّهِ seperenam ٱلسُّدُسُ ۚ saka مِنۢ sakwise بَعْدِ berwasiat وَصِيَّةٍ deweke wasiatke يُوصِى kanggo dewekeبِهَآ utawa أَوْ (dibayar) utang-utange دَيْنٍ ۗ ibu-bapakmu ءَابَآؤُكُمْ lan anak-anakmuوَأَبْنَآؤُكُمْ ora لَا sira mangerteni تَدْرُونَ sapa ing antarane deweke أَيُّهُمْ luwih cedhak أَقْرَبُ kanggo sira لَكُمْ manfaate نَفْعًا ۚ ketetapan فَرِيضَةً saka مِّنَ Allah ٱللَّـهِ ۗ sayektine إِنَّ Allah ٱللَّـهَ Ya Allah iku كَانَ Maha Mirsani عَلِيمًا Maha Wicaksana حَكِيمًا ﴿النساء:١١﴾ 11.Allah iku wus prentah marang sira kabeh ngenani urusane anak-anakira kabeh (kang ditinggal mati dening wong tuwane ) hiya iku ; bagiane anak lanang siji padha karo bagiane anak wadhon loro *) lan kalamun anak iku kabeh wadhon luwih saka loro **) mula dheweke kabeh iku entuk bagian rong protelon saka bandha tinggalan; kalamun anak wadhon iku namung siji wahe, mula dheweke entuk bagian separone bandha.Lan kanggo wong tuwa loro ibu- bapan, mula kabeh-kabehe entuk bagian seperenem saka bandha kang ditinggalake , kalamun kang mati iku ora duwe anak ,lan dheweke diwaris dening ibu –bapake wahe , mula ibune entuk bagian sak protelon (sisane kanggo bapa kabeh ), kalamun kang mati mau nduwe sedulur-sedulur , mula ibune entuk sepranem,(sisane kanggo bapa) ( pembagian –pembagian kasebut ing dhuwur iku) sawise ngleksanakake wasiyate mayit ngenani kanggone bandha utawa (lan ) sawise ginawe nyahur utange (mayit)(Ngenani) wong tuwanira lan anak amak ira , sira kabeh ora bisa mangerteni sapa ing antarane dheweke kabeh kang luwih apek (akeh) manfangate tumrapira. Hiya iku ketetepane saka ngarsane Allah .Sejatine Allah iku Zat kang Maha Mirsani tur Mahs Wicaksana. *)( bagiane lanang tikel pindho karo baiane wadhon iku amarga kewajibane lanang iku luwih abot katimbang wadhon , kaya ta kewajiban mbayar maskawin lan aweh nafkah marang kulawarga .Amrih pahame deleng ayat nomor 34 surat An Nisaa’ iki ) **)(luwih saka loro iku tegese : loro utawa luwih , cocok kara kang wis katindakake dening kanjeng Nabi Muhammad SAW. Asbabun Nuzul Allah iku wus prentah marang sira kabeh ngenani urusane anak-anakira kabeh (kang ditinggal mati dening wong tuwane ) hiya iku ; bagiane anak lanang siji padha karo bagiane anak wadhon loro (Surat An Nisaa’ ayat 11 ) Dipun tegasaken dening Imam berenam sanad hadits saking sahabat Jabir Bin Abdullah , ngendikanipun :” Nabi SAW , sesarengan kaliyan Abu Bakar nengok ingsun (Jabir ) ing perkampunangan Bani Salamah kanthi tindak( jalan kaki) . Beliau manggihi kawula nembe boten sadar diri( pinsan ) , Rasulullahlajeng nyuwun toya lajeng Rasulullah SAW kagem wudhu lan sak sampunipun kanthi toyo mnika Rasululah nyiprataken toyo menika dateng diri kula hingga ingsun sadar saka pinsan , banjur ingsun tangklet dateng Rasulullah SAW : menapa ingkang kedah kula tindakaken miterat Panjenengan ngengingi bandha kula menika ya Rasulullah ? : mila lajeng tumurun ayat : Allah iku wus prentah marang sira kabeh ngenani urusane anak-anakira kabeh (kang ditinggal mati dening wong tuwane ) hiya iku ; bagiane anak lanang siji padha karo bagiane anak wadhon loro (Surat An Nisaa’ ayat 11 ) Dipun tegasaken denig Ahmad,Abu Daud ,Turmudzi lan Hakim sanad hadits saking Jabir ngendikanipun : Garwanipun Sa’ad Bin Rabi’ dateng manggihi Rasulullah nangletaken dateng Rasulullah SAW : Ya Rasulullah , kekalih putri niki putranipun Sa’ad Bin Rabi’ ingkang bapakipun seda ing perang Uhud minangka Syahid , Pamanipun lare menika mendhet sedanten bandhanipun lan boten nilaraken sekedik kemawon saking bandha menika , ing mangka lare menika boten saget nikah kejawi kanthi wontenipun bandha , mila jawab nabi SAW : “ Allah mutusake bab iku “.Mula banjur tumurun ayat ngenani bab pembagian harta warisan .” وَلَكُمْ نِصْفُ مَا تَرَكَ أَزْوَاجُكُمْ إِنْ لَمْ يَكُنْ لَهُنَّ وَلَدٌ فَإِنْ كَانَ لَهُنَّ وَلَدٌ فَلَكُمُ الرُّبُعُ مِمَّا تَرَكْنَ مِنْ بَعْدِ وَصِيَّةٍ يُوصِينَ بِهَا أَوْ دَيْنٍ وَلَهُنَّ الرُّبُعُ مِمَّا تَرَكْتُمْ إِنْ لَمْ يَكُنْ لَكُمْ وَلَدٌ فَإِنْ كَانَ لَكُمْ وَلَدٌ فَلَهُنَّ الثُّمُنُ مِمَّا تَرَكْتُمْ مِنْ بَعْدِ وَصِيَّةٍ تُوصُونَ بِهَا أَوْ دَيْنٍ وَإِنْ كَانَ رَجُلٌ يُورَثُ كَلَالَةً أَوِ امْرَأَةٌ وَلَهُ أَخٌ أَوْ أُخْتٌ فَلِكُلِّ وَاحِدٍ مِنْهُمَا السُّدُسُ فَإِنْ كَانُوا أَكْثَرَ مِنْ ذَلِكَ فَهُمْ شُرَكَاءُ فِي الثُّلُثِ مِنْ بَعْدِ وَصِيَّةٍ يُوصَى بِهَا أَوْ دَيْنٍ غَيْرَ مُضَارٍّ وَصِيَّةً مِنَ اللَّهِ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَلِيمٌ (12) ۞ lan kanggo sira وَلَكُمْ separuh نِصْفُ apa/harta مَا kang ditinggalake تَرَكَbojo-bojomu أَزْوٰجُكُمْ menawa إِن ora لَّمْ ana يَكُن kanggo dheweke لَّهُنَّ anak lanang-lanang وَلَدٌ ۚ mangka menawa فَإِن ana كَانَ kanggo dheweke لَهُنَّ anak-anak lanang وَلَدٌ mangka kangga siraفَلَكُمُ seperempat ٱلرُّبُعُ saka apa/harta مِمَّا dheweke tinggalake تَرَكْنَ ۚ saka مِنۢ sakwise بَعْدِ (dipenuhi) wasiat وَصِيَّةٍ dheweke berwasiat يُوصِينَ kanthi (bandane) بِهَآ utawa أَوْ utang-utange دَيْنٍ ۚ lan kanggo dheweke وَلَهُنَّ seperempat ٱلرُّبُعُ saka apa (harta) مِمَّا kang sira tinggalake تَرَكْتُمْ menawa إِن ora لَّمْ ana يَكُن kanggo sira لَّكُمْ anak-anak lanang وَلَدٌ ۚ mangka menawa فَإِن ana كَانَ kanggo sira لَكُمْ anak-anak lanang وَلَدٌ mula kanggo deweke فَلَهُنَّ seperdelapan ٱلثُّمُنُ saka apa/harta مِمَّا sira tinggalake تَرَكْتُم ۚ saka مِّنۢ sakwise بَعْدِ (dipenuhi) wasiat وَصِيَّةٍ sira gawe wasiat تُوصُونَ kanthi(banda iku ) بِهَآ utawa أَوْ uatang-utange دَيْنٍ ۗ lan menawa وَإِن ana كَانَ sawijining laki-laki رَجُلٌ diwariske يُورَثُ ora duwe bapa ibu lan anak كَلٰلَةً utawa أَوِ wadon ٱمْرَأَةٌ lan bageane وَلَهُۥٓ sedulur lanang أَخٌ utawa sedulur wadon أُخْتٌ mula kanggone saben-saben فَلِكُلِّ (suwiji) seorang وٰحِدٍ saka kelorone مِّنْهُمَا seperenam ٱلسُّدُسُ ۚ mula menawa فَإِن keadaane deweke iku كَانُوٓا۟ luwih akeh أَكْثَرَ saka مِن kang mangkono iku ذٰلِكَ mula kanggone deweke iku فَهُمْ (sekuthonan) bersekutu شُرَكَآءُ ing dalem فِى sepertiga ٱلثُّلُثِ ۚ saka مِنۢ sakwise بَعْدِ (dipenuhi) wasiat وَصِيَّةٍ diwasiatke يُوصَىٰ sangka (bondhone iku) بِهَآ utawa أَوْ utang-utange دَيْنٍ ora غَيْرَ (dadekake mlarat )memudlaratkan مُضَآرٍّ ۚ wasiat/ketetapan وَصِيَّةً saka مِّنَ Allah ٱللَّـهِ ۗ lan Allah وَٱللَّـهُ Maha Mirsani عَلِيمٌ Maha Nyantuni (Aris ) حَلِيمٌ ﴿النساء:١٢﴾ 12.Lan tumrap sirakabeh (bojo-bojo lanang) separo saka bandha kang ditiggalake dening bojo-bojo wadhone , kalamun dheweke kabeh iku ora duwe anak , kalamun boo-bojo wadhon iku duwe anak , mula sira kabeh antuk seprapat saka bondha kang ditinggalake sawise ngleksanakake wasiyate dheweke kabeh (bojo-bojo wadhon) ngenani kanggone bandha utawa (lan) sawise dibayar utang-utange; Bojo-bojo wadhon entuk seprapate Bandha kang sira tinggalake , lamun sira ora duwe anak .Yen sira duwe anak mula para bojo wadhon oleh saprotelon saking Bandha kang sawise nglaksanakake wasiyat ira ngenani bandha utawa (lan ) sawise dibayar utang-utang ira. Kalamun sawijine wong mati lanang utawa wadhon kang ora ninggalake bapa lan ora ninggalake anak , ananging nduwe sedulur lanang siji(tunggal ibu wahe ) , mula saben-saben siji saka sedulur loro rong jenis mau entuk sepranem. Nanging lamun sedulur-sedulur wadhon tunggal ibu mahu luwih saka siji, mula dheweke kabeh sekuthonan sarone kang saprotelon iku.sawise ngleksanakake wasiyate mayit utawa sawise dibayar utang-utange , kanthi ora nimbulake kemlaratan (marang ahli waris )*). (Alloh netepake kang kaya mengkono iku minangka ) wales kang bener-bener saka ngersane Allah . Lan Allah iku Maha Mirsani tur Maha Aris . *)(Nuwuhake kemlartan marang ahli waris iku kaya tumindak a.marisi luwih saka saprotelone bandha gana – gini. b.duwe wasiyat kanthi maksud ngurangi bandha warisan .Senajan kurang saka saprotelon, yen pancen ana niyat ngurangi hak waris , uga ora diparengake. تِلْكَ حُدُودُ اللَّهِ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ يُدْخِلْهُ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا وَذَلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيمُ (13) Utawi mangkana (hukum hukum kang tinutur)تِلْكَ iku pira pira hukume حُدُودُ Allah ٱللَّـهِ ۚ lan sing sapa wongeوَمَن ngabekti iyo man يُطِعِ Allah ٱللَّـهَ lan RasulNya وَرَسُولَهُۥ mangka ngelebokake iyo Allahيُدْخِلْهُ ing pira pira suwarga جَنّٰتٍ kang mili تَجْرِى saking مِن ngisore jannah تَحْتِهَا pira –pira bengawan ٱلْأَنْهٰرُ dheweke langgeng kabehخٰلِدِينَ ing jerone jannah فِيهَا ۚ lan kang mangkana iku وَذٰلِكَ iku kabejan ٱلْفَوْزُ kang agung ٱلْعَظِيمُ ﴿النساء:١٣﴾ 13.(Ukum-ukum kasebut ) iku wujude ketetapan-ketetapan saka ngarsane Allah . Sapa wonge taat marang Allah lan Rasul-E , mesthi Allah manjingake dheweke ing njero suwarga kang mili ing ngisore suwarga kono kali-kali sedeng dheweke kabeh padhalanggeng ana ing njerone ; lan hiya iku wujude kemenangan kang gedhe. وَمَنْ يَعْصِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ وَيَتَعَدَّ حُدُودَهُ يُدْخِلْهُ نَارًا خَالِدًا فِيهَا وَلَهُ عَذَابٌ مُهِينٌ (14) Lan sak sapa wongeوَمَن andurakani iyo man يَعْصِ Allah ٱللَّـهَ lan utusane Allah وَرَسُولَهُۥ lan ngeliwati iyo man وَيَتَعَدَّ ing pira-pira watese Allah حُدُودَهُۥ mangka ngelebokake iyo Allah ing man يُدْخِلْهُ ing neraka نَارًا hale langeng خٰلِدًا ing dalem neraka فِيهَا lan iku kaduwene man وَلَهُۥ utawi siksa عَذَابٌ kang ngina مُّهِينٌ ﴿النساء:١٤﴾ 14.Lan sapa wonge duraka marang Allah lan Rasul-E lan nerak waler-waler-E , mesthi Allah manjingake dheweke ing njero geni neraka sedheng dheweke langgeng ing njerone ; lan tumrap dheweke pasiksan kang nginakake. Dhasar-dhasar kanggo netepake kelakuwan-kelakuwan kang banget alane lan ukum-ukume. وَاللَّاتِي يَأْتِينَ الْفَاحِشَةَ مِنْ نِسَائِكُمْ فَاسْتَشْهِدُوا عَلَيْهِنَّ أَرْبَعَةً مِنْكُمْ فَإِنْ شَهِدُوا فَأَمْسِكُوهُنَّ فِي الْبُيُوتِ حَتَّى يَتَوَفَّاهُنَّ الْمَوْتُ أَوْ يَجْعَلَ اللَّهُ لَهُنَّ سَبِيلًا (15) Utawi wong-wong wadon وَٱللّٰاتِى kang padha anekani iyo allati يَأْتِينَ ing penggawe alaٱلْفٰحِشَةَ saking مِن pira-pira wadhon ira kabeh نِّسَآئِكُمْmangka naksekna sira kabehفَٱسْتَشْهِدُوا۟ ing atase nisaikum عَلَيْهِنَّ ing seksi papat أَرْبَعَةً saking sira kabeh مِّنكُمْ ۖ mangka lamun padha فَإِن nekseni iyo arbangatan شَهِدُوا۟ mangka ngekero sira kabeh فَأَمْسِكُوهُنَّ ing dalem فِى pira pira omah ٱلْبُيُوتِ hingga حَتَّىٰ mundhut ing nisaikum يَتَوَفَّىٰهُنَّ apa pati ( malaikat)ٱلْمَوْتُ utawa أَوْ andadekaken يَجْعَلَ sapa Allah ٱللَّـهُ marang nisaikumلَهُنَّ ing dalan سَبِيلًا ﴿النساء:١٥﴾ 15.Lan (tumrap) wanita-wanita kang padha nglakoni kelakuwan kang banget alane *);mula kudune ana wong papat kang dadi seksi , ing antarane sira kabeh (kang padha nekseni ) , Tumuli yen dheweke kabeh (wong papat ) wus padha aweh paseksene, mula padha ngekero sira kabeh ing dheweke (wanita-wanita mau) ana ing sajerone ngomah nganti dheweke kabeh iku padha nemoi ajale , utawa nganti Allah maringi dalan kang liya marang dheweke.**) *) (kelakuwan kang banget alane ; miturut jumhur Mufassirin ngartekake ; penggawe njiha, sedheng panemu kang liya ngartekake njia hubungan sek antarane lanang padha lanang lan sapadhane . iturut penemune Mujahid maksude kelakuwan kang banget alane iku ,Musahaqah =lesbian(hubungan sek anatarane wadhon lan wadhon ) **)( Miturut jumhur Mufasirin dalan kang liya iku,hiya iku tumurune ayat 2 surat An Nur .) . وَاللَّذَانِ يَأْتِيَانِهَا مِنْكُمْ فَآَذُوهُمَا فَإِنْ تَابَا وَأَصْلَحَا فَأَعْرِضُوا عَنْهُمَا إِنَّ اللَّهَ كَانَ تَوَّابًا رَحِيمًا (16) Utawi wong loroوَٱللَّذَانِ kang nekani iyo alladzani ing fahisah (zina) يَأْتِيٰنِهَا saking sira kabeh مِنكُمْ mangka ngelarakna tho saking sira kabeh ing aladzani فَـَٔاذُوهُمَا ۖ mangka lamun فَإِن tobat iyo alladzani تَابَا lan ambagusi iyo alladzina وَأَصْلَحَا mangka mengoha sira kabehفَأَعْرِضُواsaking karone alladzani عَنْهُمَآ ۗ satuhune إِنَّ Allah ٱللَّـهَ iku ana hiya Allah كَانَ iku akeh ngapurane تَوَّابًا tur akeh welaseرَّحِيمًا ﴿النساء:١٦﴾ 16.Lan tumrap wong loro kang padha nglakoni kelakuwan kang banget alane ( njina) ing antarane sira kabeh , mula awehna ukuman marang sklorone , tumuli kalamun saklorone gelem mertobat lan bagusi dhiri pribadine , mula umbaren dheweke saklorone iku. Sejatine Allah iku Maha Narima ing tobat tur Maha Asih. إِنَّمَا التَّوْبَةُ عَلَى اللَّهِ لِلَّذِينَ يَعْمَلُونَ السُّوءَ بِجَهَالَةٍ ثُمَّ يَتُوبُونَ مِنْ قَرِيبٍ فَأُولَئِكَ يَتُوبُ اللَّهُ عَلَيْهِمْ وَكَانَ اللَّهُ عَلِيمًا حَكِيمًا (17) Anging mesthineإِنَّمَا utawa pangapura ٱلتَّوْبَةُ ing ngatase عَلَى Allah ٱللَّـهِ iku kaduwene wong لِلَّذِينَ kang ngelakoni iyo alladzina يَعْمَلُونَ ing ngamal kang ala ٱلسُّوٓءَ kelawan bodho بِجَهٰلَةٍ mangka keri keri tobate iyo alladzina ثُمَّ tobate alladzina يَتُوبُونَ saking مِن zaman kang parek قَرِيبٍ mangka utawi mangkana alladzina فَأُو۟لٰٓئِكَ iku paring ngapura يَتُوبُ sapa Allah ٱللَّـهُ ing ngatase alladzina عَلَيْهِمْ ۗ lan ana وَكَانَ sapa Allah ٱللَّـهُ iku Mirsani عَلِيمًا tur Wicaksanaحَكِيمًا ﴿النساء:١٧﴾ 17.Sejatine mertobat ana ing ngersane Allah iku mung tobat tumrap wong wong kang nglakoni kejahatan amarga bodho *) kang tumuli dheweke kabeh padha mertobat saka mangsa kang perek (enggal-enggalan ) mula hiya dheweke kabeh iku kang tinarima tobate dening Allah , Lan Allah iku Maha Mirsani tur Maha Wicaksana. وَلَيْسَتِ التَّوْبَةُ لِلَّذِينَ يَعْمَلُونَ السَّيِّئَاتِ حَتَّى إِذَا حَضَرَ أَحَدَهُمُ الْمَوْتُ قَالَ إِنِّي تُبْتُ الْآَنَ وَلَا الَّذِينَ يَمُوتُونَ وَهُمْ كُفَّارٌ أُولَئِكَ أَعْتَدْنَا لَهُمْ عَذَابًا أَلِيمًا (18) Lan ora ana وَلَيْسَتِ apa pangapuran ٱلتَّوْبَةُ iku kaduwene wong لِلَّذِينَ kang ngelakoni يَعْمَلُونَ ing pira pira ngamal ala ٱلسَّيِّـَٔاتِ hingga حَتَّىٰٓ nalika إِذَا nekani حَضَرَ ing salah sawijine alladzina أَحَدَهُمُ kang mati iyo alladzina ٱلْمَوْتُ mangka ngucap iyo ahadukum قَالَ satuhune ingsun إِنِّى iku tobat ingsun تُبْتُ sak ikine ٱلْـٰٔنَ lan ora وَلَا wong wong ٱلَّذِينَ kang mati iyo alladzina يَمُوتُونَ hale utawi alladzina وَهُمْ iku pada kufar kabeh كُفَّارٌ ۚ utawi mangkana alladzina أُو۟لٰٓئِكَ iku nyawisaken ingsun أَعْتَدْنَا marangalladzinaلَهُمْ ing siksa عَذَابًا ngelarakake أَلِيمًا ﴿النساء:١٨﴾ 18.Lan ora ana tobat iku ditampa dening Allah saka wong-wong kang padha nglakoni kejahatan (kang ) nuli yen wis teka ajal marang salah sijine wong ing antarane dheweke kabeh , (lagi) dheweke ngucap : (uga ) ora (ditompo tobate ) wong –wong kang mati , sedeng dheweke kabeh ana kahanan kekupuran . Tumrap wong-wong iku kabeh wis Ingsun cawisi pasiksan kang banget larane . Cara nyrawungi bojo wadhon يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا لَا يَحِلُّ لَكُمْ أَنْ تَرِثُوا النِّسَاءَ كَرْهًا وَلَا تَعْضُلُوهُنَّ لِتَذْهَبُوا بِبَعْضِ مَا آَتَيْتُمُوهُنَّ إِلَّا أَنْ يَأْتِينَ بِفَاحِشَةٍ مُبَيِّنَةٍ وَعَاشِرُوهُنَّ بِالْمَعْرُوفِ فَإِنْ كَرِهْتُمُوهُنَّ فَعَسَى أَنْ تَكْرَهُوا شَيْئًا وَيَجْعَلَ اللَّهُ فِيهِ خَيْرًا كَثِيرًا (19) Hei eling eling يَآأَيُّهَا wong-wong kang ٱلَّذِينَ (deweke ) beriman ءَامَنُوا۟ ora لَا halal يَحِلُّ tumrap siraلَكُمْ menawa أَن sira marisiتَرِثُوا۟ wanita-wanita ٱلنِّسَآءَ kanthi peksa كَرْهًا ۖ lan aja وَلَا sira nyusahake تَعْضُلُوهُنَّ bakal jupuk maneh لِتَذْهَبُوا۟ sebagian بِبَعْضِ apa مَآ kang wus sira wenehakeءَاتَيْتُمُوهُنَّ kejaba إِلَّآ menawa أَن deweke nindakake يَأْتِينَ panggawe ala بِفٰحِشَةٍ kang cetho مُّبَيِّنَةٍ ۚ lan srawungana dewekeوَعَاشِرُوهُنَّ kanthi cara kang patut بِٱلْمَعْرُوفِ ۚ mangka menawa فَإِن sira ora nyenengi deweke كَرِهْتُمُوهُنَّ maka isa uga فَعَسَىٰٓ menawa أَن sira ora seneng تَكْرَهُوا۟ sawiji wiji شَيْـًٔا ing mangka didadekakeوَيَجْعَلَ dening Allah ٱللَّـهُ marang sira فِيهِ kebecikan خَيْرًا kang okeh كَثِيرًا ﴿النساء:١٩﴾ 19.He wong-wong kang padha iman, ora halal tumrap sira kabeh maris wanita-wanita kanthi ngango dalan meksa *) Lan aja nganti sira kabeh nyusahake dheweke kabeh (wanita-wanita) amarga arep jupuk maneh saperangan saka apa kang wis sira kabeh paringake marang wanita-wanita iku , kejobo yen pancen dheweke kabeh padha nglakoni penggaweyan ala kang nyata **) Lan padha ngancanana sira kabeh marang wanita wanita iku kanthi nganggo cara kang bagus . Tumuli yen sira kabeh wis ora padha nyenengi marang dheweke kabeh (mula padha sabara sawetara) amarga mbok menawa sira kabeh ora nyenengi marang sawijining perkara , kamangka Allah ndadekake marang perkara mau kebagusan kang akeh. *)(Ayat iki nuduhake yen marisake wanita ora kanthi nganggo dalanmeksa diolehake iku ora , Miturut padatan wong Arab Jahiliyah,yen ana wong mati , anak lanange kang mbarep utawa anggota keluwargane kang liya , marisi randha iku , rondha iku bisa dirabeni dhewe utawa dikawinake karo wong lanang liya kang maskawine dijupuk maneh marisi utawa ora oleh kawin maneh) **) ( tegese bangkang prentahe bojo lanang utawa nglarake atine.) Asbabun Nuzul : Sumber: Bukhari Tema: [Bab] Surat An Nisaa` ayat 19 لا يحل لكم أن ترثوا النساء كرها ولا تعضلوهن لتذهبوا No. Hadist: 4213 | Sumber: Bukhari | Kitab: Tafsir Al Qur`an Bab: [Bab] Surat An Nisaa` ayat 19 حَدَّثَنَا مُحَمَّدُ بْنُ مُقَاتِلٍ حَدَّثَنَا أَسْبَاطُ بْنُ مُحَمَّدٍ حَدَّثَنَا الشَّيْبَانِيُّ عَنْ عِكْرِمَةَ عَنْ ابْنِ عَبَّاسٍ قَالَ الشَّيْبَانِيُّ وَذَكَرَهُ أَبُو الْحَسَنِ السُّوَائِيُّ وَلَا أَظُنُّهُ ذَكَرَهُ إِلَّا عَنْ ابْنِ عَبَّاسٍ ) يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا يَحِلُّ لَكُمْ أَنْ تَرِثُوا النِّسَاءَ كَرْهًا وَلَا تَعْضُلُوهُنَّ لِتَذْهَبُوا بِبَعْضِ مَا آتَيْتُمُوهُنَّ ( قَالَ كَانُوا إِذَا مَاتَ الرَّجُلُ كَانَ أَوْلِيَاؤُهُ أَحَقَّ بِامْرَأَتِهِ إِنْ شَاءَ بَعْضُهُمْ تَزَوَّجَهَا وَإِنْ شَاءُوا زَوَّجُوهَا وَإِنْ شَاءُوا لَمْ يُزَوِّجُوهَا فَهُمْ أَحَقُّ بِهَا مِنْ أَهْلِهَا فَنَزَلَتْ هَذِهِ الْآيَةُ فِي ذَلِكَ Uwis nyaritakake marang ingsun Muhammad bin Muqatil Uwis nyaritakake marang ingsun Asbath bin Muhammad Uwis nyaritakake marang ingsun Asy Syaibani dari 'Ikrimah dari Ibnu 'Abbas penjenganipun ngendika ; -Asy Syaibani ngendika -; uga disebutake dening Abu Al Hasan As Suwai lan ingsun ora ngira panjengane nyebutake kejaba saka jalur sanad Ibnu 'Abbas ngenani firman Allah: "Hai wong-wong kang iman, ora halal kanggo sira paring pusaka (pesen ) marang wanita kanthi dalan kang dipeksa lan aja sira nyusahake dheweke (Annisa: 19). Biyen nalika sawijining suami seda , mula waline kang jaler kasebut kang berhak marang bojone si mayit , menawa siwali duwe krentek nikahi bojone simayyit kanggo dheweke mula dheweke banjur nikahi bojone simayyit . utawa nikahake marang wong liya utawa ora nikahake babar pisan . mula banjur tumurun ayat iku .. (HR.Bukhori No.4213 ) وَإِنْ أَرَدْتُمُ اسْتِبْدَالَ زَوْجٍ مَكَانَ زَوْجٍ وَآَتَيْتُمْ إِحْدَاهُنَّ قِنْطَارًا فَلَا تَأْخُذُوا مِنْهُ شَيْئًا أَتَأْخُذُونَهُ بُهْتَانًا وَإِثْمًا مُبِينًا (20) Lan lamun وَإِن ْ ngarepaken sira kabeh أَرَدتُّمُ ing angganteni ٱسْتِبْدَالَ bojo زَوْجٍ ing panggonane مَّكَانَ bojo liya زَوْجٍ lan nyaguhi sira kabeh وَءَاتَيْتُمْ ing salah sawijining zaujat إِحْدَاهُنَّ ing bandha akeh قِنطَارًا mangka فَلَا ngalap sira kabeh تَأْخُذُوا۟ saking qinthor مِنْهُ ing apa-apa شَيْـًٔا ۚ anatoh ngalap sira kabeh ing qinthor أَتَأْخُذُونَهُۥ kerana nganingaya بُهْتَانًا lan dosa وَإِثْمًا kang pertela مُّبِينًا ﴿النساء :۰ ٢﴾ 20.Lan kalamun sira kabeh arep ngganti bojo wadonira kanthi bojo wadon kang liya *)sedeng sirakabeh wis maringi bandha kang akeh marang salah sijine dheweke kabeh , mula aja nganti sira kabeh padha njupuk bandha (kang wis sira wenehake senajan ) mung sethithik wahe .apatah sira kabeh bakal njupuk maneh bandha (kang wis sira weehake mau) kanthi nganggo dalan pandakwan kang goroh lan kanthi (nanggung ) dosa kang cetha?. *)( maksude :megat bojo wadon kang ora disenengi , lan rabi maneh karo bojo wadon kang anyar .Senajan megat bojo ndhisik iku ora dadi tujuwane rabi , neng njaluk maneh marang bandha kang wis diwenehake iku ora dikenakake.) وَكَيْفَ تَأْخُذُونَهُ وَقَدْ أَفْضَى بَعْضُكُمْ إِلَى بَعْضٍ وَأَخَذْنَ مِنْكُمْ مِيثَاقًا غَلِيظًا (21) Lan kepriye وَكَيْفَ nglap sira kabeh ing qinthorتَأْخُذُونَهُۥ ing hale temen-temen وَقَدْ uwis ngumpuliأَفْضَىٰ setengah ira kabeh بَعْضُكُمْ marang إِلَىٰ setengahe kang liya بَعْضٍ lan ngalap hiya azwajوَأَخَذْنَ saking sira kabeh مِنكُم ing perjanjian مِّيثٰقًا kang kuwat غَلِيظًا ﴿النساء:٢١﴾ 21.Kepriye nganti sira kabeh bakal njupuk maneh bandha (kang wis sira wenehake ) kamangka saperangan sira kabeh iku wis ngumpuli (nyampuri) marang kang liya minangka (jejere) laki rabi .Lan dheweke kabeh (bojo wadhonira ) iku wis padha nampa janji kang abot saka sira kabeh ( mesthi wahe ora patut) Ukum-ukume wong laki-rabi وَلَا تَنْكِحُوا مَا نَكَحَ آَبَاؤُكُمْ مِنَ النِّسَاءِ إِلَّا مَا قَدْ سَلَفَ إِنَّهُ كَانَ فَاحِشَةً وَمَقْتًا وَسَاءَ سَبِيلًا (22) Lan aja وَلَا nikah sira kabeh تَنكِحُوا۟ ing wong مَا kang nikah ing maa نَكَحَ sapa bapak-bapak ira kabeh ءَابَآؤُكُم saking مِّنَ wong wadon ٱلنِّسَآءِ kejaba إِلَّا barang مَا kang temen-temen قَدْ wus keliwat ing maa سَلَفَ ۚ satuhune nikahuhun إِنَّهُۥ iku ana hiya كَانَ iku ala فٰحِشَةً lan den benci(bendu) وَمَقْتًا lan ala banget وَسَآءَ dalane سَبِيلًا ﴿النساء:٢٢﴾ 22.lan aja ngnati sira kabeh padha ngrabeni wanita-wanita kang wis pernah dirabeni dening bapak ira kabeh , kejaba kang wis kelakon.Satemene panggawean (ngrabeni wanita tilase bapa) iku banget alane lan digethingi dening Allah lan saala-alane dalan ( kang dilewati ).

 حُرِّمَتْ عَلَيْكُمْ أُمَّهَاتُكُمْ وَبَنَاتُكُمْ وَأَخَوَاتُكُمْ وَعَمَّاتُكُمْ وَخَالَاتُكُمْ وَبَنَاتُ الْأَخِ وَبَنَاتُ الْأُخْتِ وَأُمَّهَاتُكُمُ اللَّاتِي أَرْضَعْنَكُمْ وَأَخَوَاتُكُمْ مِنَ الرَّضَاعَةِ وَأُمَّهَاتُ نِسَائِكُمْ وَرَبَائِبُكُمُ اللَّاتِي فِي حُجُورِكُمْ مِنْ نِسَائِكُمُ اللَّاتِي دَخَلْتُمْ بِهِنَّ فَإِنْ لَمْ تَكُونُوا دَخَلْتُمْ بِهِنَّ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ وَحَلَائِلُ أَبْنَائِكُمُ الَّذِينَ مِنْ أَصْلَابِكُمْ وَأَنْ تَجْمَعُوا بَيْنَ الْأُخْتَيْنِ إِلَّا مَا قَدْ سَلَفَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ غَفُورًا رَحِيمًا (23

Den haromaken حُرِّمَتْ ingatase sira kabeh عَلَيْكُمْ Sapa pira-pira ibukira kabeh أُمَّهٰتُكُمْ lan pira-pira aak wadon ira kabehوَبَنَاتُكُمْ lan pira-pira dulur wadon ira kabeh وَأَخَوٰتُكُمْ lan pira-pira dulur wadon bapak ira kabeh وَعَمّٰتُكُمْ lan pira-pira dulur wadone embokira kabeh وَخَالَاتُكُمْ lan pira –pira anak wadone وَبَنَاتُ dulur lanang ٱلْأَخِ lan pira –pira anak wadon وَبَنَاتُ dulur wadon ٱلْأُخْتِ lan pira –pira embokira kabeh وَأُمَّهٰتُكُمُ kang ٱلّٰتِىٓ nusoni sira kabeh أَرْضَعْنَكُمْ lan dulur pira-pira wadonira kabeh وَأَخَوٰتُكُم saking مِّنَ tunggal nusu ٱلرَّضٰعَةِ lan pira –pira ibune وَأُمَّهٰتُ pira –pira bojo ira kabeh نِسَآئِكُمْ lan pira-pira anak kuwalon ira kabehوَرَبٰٓئِبُكُمُ kang tetep ٱلّٰتِى ingdalam فِىpangkonira kabehحُجُورِكُم saking مِّن pira-pira bojo ira kabeh نِّسَآئِكُمُ kang ٱلّٰتِى jimak sira kabehدَخَلْتُم kelawan hiya nisaikum بِهِنَّ mangka lamun فَإِن ora ana لَّمْ sira kabeh تَكُونُوا۟ iku jimak sira kabehدَخَلْتُم kelawan iya nisaikum بِهِنَّ mangka ora ana فَلَا dosa iku maujud جُنَاحَ ingatase sira kabeh عَلَيْكُمْ lan pira-pira bojo wadone وَحَلٰٓئِلُ anak lanang ira kabeh أَبْنَآئِكُمُ kang tetep ٱلَّذِينَ saking مِنْ pira-pira iga wekas ira kabeh / tulang rusukmu أَصْلٰبِكُمْ lan yento وَأَن ngumpulake sira kabeh تَجْمَعُوا۟ ing dalem antarane بَيْنَ dulur wadon loroٱلْأُخْتَيْنِ kejaba إِلَّا barang مَا kang temen-temen قَدْ keliwat iya maa سَلَفَ ۗ sayektine إِنَّ Allah ٱللَّـهَ iku ana iya Allah كَانَ iku akeh pangapurane غَفُورًا tur akeh welase رَّحِيمًا ﴿النساء:٢٣﴾

 23.Diharamake ing atase sira kabeh (ngrabeni) ibu-ibunira , anak-anakira kang wadhon *) sedulur-sedulur ira kang wadhon , sedulur-sedulure bapak ira kang wadhon ; sedulur-sedulure ibu iro kang wadhon , anak-anak wadon saka sedulur-sedulurira kang lanang , anak-anak wadon saka sedulur sedulur ira kang wadon ,ibu-ibu ira kang nusoni sira kabeh ; sedulur wadon tunggal susu , ibu-ibune bojone wadonira (maratuwa) ; anak-anak bojo wadonira (anak kuwalon) kang sajerone pawengkonira ska bojo wadon kang wis sir kumpuli , ananging kalamun sira durung ngumpuli bojo wadonira (ibune anak kuwalonira) iku (lan wis sira pegat ) mula sira ora dosa ngrabeni anake (lan diharamake tumrap sira) bojo-bojo wadone anak kandhungira (mantu wadhon) lan ngumpulake (wayoh) sedulur wadon loro , kejaba kang wis kelakon ana ing mangsa ndhisik ( jaman Jahiliyah ) Satuhune Allah iku Zat kang Agung Pangapurane tur Agung Welase. *) (maksud ibu ing kene yoiku ibu, embah, seteruse mendhuwur .Lan anak wadhon hiya iku anak wadon ,putu lan sakteruse mengisor , semono ugo kang liyane ) 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar