Minggu, 14 Agustus 2011

tarjamah al baqoroh juz 1

AL BAQOROH

SUROH ALBAQOROH
Suroh Al Baqoroh (sapi wadon)

Suroh kaping    2 :  286

                                                       Kagolong suroh madaniyah,
kajabo ayat 281 turun ono ing Mina(Mekkah) naliko Haji Wada’(haji pepisahan)
lan akehe kata lafadz 6121 lafadz/kalimat ,lan okehe huruf 25500 huruf.
kalebu surat kaping pisan turun ing Madinah. *) (Muqodimaah Tafsir Ibnu Katsir )
Suroh Al Baqoroh iki kalebu surat Al Qur’an kang dowo dhewe.

  1. Alif Laam Miim

1.Alif Laam Miim *)

1.ora ana  kang pirsho tegese kajobo Alloh Ta’ala  dhewe.
{ الم } (Alif laam miim) Allah yang lebih mengetahui akan maksudnya.

Tafsir Ibnu Katsir :تفسير  اين كثير


قد اختلف المفسرون في الحروف المقطعة التي في أوائل السور،
Ahli Tafsir beda-beda ing panemu ngenani huruf lepas kang kaemot ing dalem suroh iki.
فمنهم من قال: هي مما استأثر الله بعلمه، فردوا علمها إلى الله، ولم يفسروها [حكاه القرطبي في تفسيره عن أبي بكر وعمر وعثمان وعلي وابن مسعود رضي الله عنهم به،
1.Mbalekake tafsire iki marang Alloh , naming Aloh kang mirsani tegese. Uga kang ditegasake dening Abu Bakar, Umar ,Usman , Ali lan Ibnu Mas’ud r.a.

2.Asma Surat utawa sebagian saka Asma Alloh kang didekekakke  ing dalem awal suroh . saben huruf nunjukake Asma Alloh  Alif: Alloh Laam : Lathif, Miim : Majid.
Ibnu Abbas r.a. negasaken Alif Laam Miim termasuk ismullohil a’dhm. “
3.Pendapat kang liyo : Tujuan huruf-huruf lepas iku mumjukake I’jazul qur’an, keluwihane mu’jiyat al qur’an, arepa al quran kasusun saka huruf kalimat kang biasa digunakake dening makhluk  kang ora sanggup nyusun, damel kaya sapadane alqur’an, arepa kaya suroh kang sak ringkes ringkese, mangkana uga pendapate Ar-Rozi saka al Mubarrid lan Qurthuby, al Farraa’, banjur dibenerake  dening az-Zamakhsyari lan diturut dening Ibnu Taimiyah .
Az Zamakhsyari ngendika : “ lan sengaja kabeh huruf-huruf iku ora didadekake siji, ananging di baleni maneh ing dalem pirang-pirang suroh, supaya luwih kuwat lan hebat tantangane, uga ana kalane mung sak huruf ( Nun ) utawa loro huruf  (Haa Miim), telung huruf (Aliif lam Miim) ,patang huruf ( Aliif Laam Miim Shood ), lan limang huruf ( Kaf Haa’ Yaa’ ‘Ain Shod )
﴿حـم ﴾
(Ha Mim) (44:1) Sometimes, three letters were mentioned, such as,
﴿الم ﴾
(Alif Lam Mim (2: 1)) and four letters, such as,
﴿المر﴾
(`Alif Lam Mim Ra) (13:1), and
﴿المص ﴾
(Alif Lam Mim Sad) (7:1).
Sometimes, five letters were mentioned, such as,
﴿كهيعص ﴾
(Kaf Ha Ya `Ayn Sad) (19:1), and;
﴿حـم - عسق﴾
(Ha Mim. `Ayn Sin Qaf) (42:1-2).
(Fii Kitaabi Tafsiir Ibnu Katsiir  Juz I   )



Tafsir Al Maroghi :تفسير 
Ing dalem Kitab Tafsiir Al Maroghi  pirang –pirang suku kata kang kasebut ing conto-conto  awal surah kang lafadze Aaliif Laam Miim --- Aaliif Laam Miim Shood----Aaliif Laam Miim Roo’ . Gunane kanggo nggugah para pangrungu supaya musatake kawigatene marang apa kang lagi diturunake ( Lit – Tanbih ).
Maksude supaya paara pangrungu Firmane Alloh SWT  , ngenani kedudukane Al Qur’an ,Alqur’an minangka  Hujjah kanggo ahli kitab , lan Bahasan liyo kang bakal ditegasake  ing dalem suroh iki.
( Fii Kitaabi  Tafsiir Al Maroghi Juz I )

Suroh Al Baqoroh  ( Sapi )  iku suroh Madaniyyah  ( Suroh kang diturunake ono ing kutho Madinah )  cacahe ayat ana 286  , Aaliif Laam Miim  lan uga huruf huruf  kang dadi kawitane  suroh kaya 
ق -  ن - ص
Qoof , Nuun , Shood  - lan liya liyane iku ora ana  kang pirsha tegese kajobo Alloh Ta’ala  dhewe. Mangkana munguh dhawuhe  “Ulamaa salaf. Saweneh ngulama ana kang duweni  peenemu yen  Aaliif iku tegese  Alloh , Laam iku tegese  Lathif , Miim iku tegese  Majiid .  Dadi Aaliif Laam Miim iku rumuz kang tegese  Alloh iku Maha Welas Lan Maha Agung.
Saweneh ‘Ulama’ maneh ana kang duweni  panemu yen   Aaliif Laam Miim  iku minangka  kanggo wiwitan  dhawuh  - saperlu  mundhut perhatiane manungsa =  umpamane mangkene : Nalika    arep den anakake  rapat nalika wong-wong wus padha hadir kabeh biyasane  padha omong-omngan dhewe dhewe -  Yen pimpinan rapat  ujuk-ujuk banjur  pidato , mesthine ora oleh perhatian  saka hadhiriin .,Nanging yen pimpinan rapat sak durunge  miwiti guneman  nuli andhodhok mejane disik  : DHUK-DHUK-DHUK  , iku biyasane hadirin banjur  anggatekaken = sak bakdane hadhirin  anggatekaken  lagi ketua rapat miwiti pidatone =  semono uga  , Aaliif Laam Miim , Nalika uwong-uwong lagi padha ketungkul , dumadakan krungu  swara  kang ora den ngerteni tegese ( Aaliif Laam Miim )  nuli padha madhep anggatekake = sak wuse lagi di dhawuhi  :  DZAALIKAL KITAABU……… ilal akhirihi.
( Fii Kitaabi Al Ibriiz  lima’rifatu tafsiiril qur’aanil ‘Aziiz billughotil jaawiyyah  = ta’liif Al Faqiir KH Bisri Musthofa Rembang Juz 1  halaman  4  = penerbit = Menara Kudus )
  1. 2.Kitab AlQur’an iku  Ora ono keraguane  Minongko pituduh tumrape wong wong kang podho yaqiin
2.Kitab*1) AlQur’an iku  Ora ono keraguane  Minongko pituduh tumrape wong wong kang podho taqwa *2)

*1)Pangeran maringi jeneng Al Quran  kanthi Kitab  kang mengku arti “kang ditulis  “ kuwi minangka isyarat menawa Al Qur’an mau diprentahake supaya ditulis .”
*2) Taqwa artine ngreksa siksane Alloh kanthi nglakoni sakabehing perintahe Pangran lan ninggal sekabehing kang dilarang . iki ora mung cukup diarteke wedi wahe.

Tafsir Ibnu Jalalain : تفسير الجلا لين
ذَلِكَ الْكِتَابُ لَا رَيْبَ فِيهِ هُدًى لِلْمُتَّقِينَ (2)
"ذَلِك" أَيْ هَذَا "الْكِتَاب" الَّذِي يَقْرَؤُهُ مُحَمَّد .
"لَا رَيْب" لَا شَكَّ "فِيهِ" أَنَّهُ مِنْ عِنْد اللَّه وَجُمْلَة النَّفْي خَبَر مُبْتَدَؤُهُ ذَلِك وَالْإِشَارَة بِهِ لِلتَّعْظِيمِ "هُدًى" خَبَر ثَانٍ أَيْ هَادٍ "لِلْمُتَّقِينَ" الصَّائِرِينَ إلَى التَّقْوَى بِامْتِثَالِ الْأَوَامِر وَاجْتِنَاب النَّوَاهِي لِاتِّقَائِهِمْ بِذَلِكَ النَّار
"ذَلِك" "الْكِتَاب"  (Kitab iki) yoiku kang diwaca dening Muhammad saw. لاَ رَيْبَ     (ora ono keraguane) utawo kebimbangane فِيهِ (ing sak jerone Al qur’an) manawa alqur’an iku bener-bener saka Allah swt. Kalimat negatif dadi predikat saka subyek 'Kitab iki', semono uga kata-kata isyarat 'iki' diagem minongka penghormatan. هُدًى (minangka pituduh) nunjukake predikat keloro (ke-2), tegesa minangka penuntun  لِّلْمُتَّقِينَ (kangga uwong-uwang kang takwa) maksude uwong uwong kang ngusahake awake dhewe supaya dadi uwong kang takwa kanthi dalan  ngetutake perintah dan ngedogi larangan kanggo njaga diri saka  geni  neraka.
 
  1. 3.( Yoiku) wong wong kang padha iman marang kahanan kang ghoib  lan padha nglakoni sholat lan padha gelem nginfaqkake sak dhengah saking rizki , kang Ingsun paringake marang dheweke.
3.( Yoiku) wong wong kang padha iman*3) marang kahanan kang ghoib*4)  lan padha nglakoni sholat*5) lan padha gelem nginfaqkake sak dhengah saking rizki*6) , kang Ingsun paringake marang dheweke.
 


*3).iman kuwi kepercayan kang kuat kang dibarengi  kanthi tundhuk lan masrahake jiwa raga. Tandha-tandha anane iman yoiku ngelakani apa wahe kang dikarepake dening iman mau.
*4).Kang ghoib yoiku perkara kang ora bisa ditingali dening panca driyo .percaya marang kang ghoib maksude neqodake marang perkara kang wujud kang ora bisa ditingali dening panca driyo , amarga dalil-dalil kang nuduhake  marang anane perkara ghoib mau , kaya anane Alloh, Malaikat-malaikat, dina akhirat lan sapanungggalane.
*5).Sholat cora bahasa arab artine miturut istilahe syara’ yoiku ibadah kang wus kinaweruhan, kang diwiwiti kanthi takbir lan dipungkasi kanthi salam kang dilakoni kanggo mbuktekake kumawula lan ngasorake awak marang Alloh.Ngelakoni Sholat artine nindakake kanthi teratur , kanthi nglengkapi kabeh syarat syarat lan rukune sarta tatakramane ,padha uga kang ketingal utawa  kang batin ( ora ketingal ) kaya khusyu’, nggatekake marang kang diwaca lan sapanunggalane.
*6)Rezeki: sakabehaning perkara kang bisa dimanfa’atake . Nafkahake saperangan rezeki iku menehake saperangan bandha donyane kang diparingake dening Alloh marang wong kang duweni hak nerima , kaya wong –wong fekir , wong –wong miskin , sanak kerabat, bocah-bocah yatim lan sapanunggalane
  1. 4.Lan uwong uwong kang padha percaya marang kitab(AlQur’an) kang diudhunake marang   Sira (Muhammad) lan kitab kitab kang diudhunake sak durungira , sarta padha percayaMarang anane dina akhirat .
4.Lan uwong uwong kang padha percaya marang kitab(AlQur’an) kang diudhunake marang Sira (Muhammad) lan kitab kitab kang diudhunake sak durunge sira*7) , sarta padha percaya marang anane dina akhirat*8)

 

*7)Kitab-kitab kang tumurun sak durunge Nabi Muhammad SAW. Yoiku kitab-kitab kang temurun sak durunge Al Qur’an, kaya : Taurot, Zabur , Injil lan shuhuf-shuhuf kang diterangake ana ing Al Qur’an kang tumurun marang para Rosul, Alloh nurukake kitab marang Rosul yoiku kanthi cara maringi wahyu marang malaikat Jibril A.S. nuli malaikat Jibril ngaturake marang Rosul .
*8)Yakin yoiku kepercayaaan kang kuat ora dicampuri mamang sak thithika .
Akhirat kuwi walike donyo. Panguripan akhirat hiya iku urip maneh sak wuse
donyo iki ora ono. Yakin marang panguripan ono ing akhirat artine
bener-bener percaya marang bakal anane urip maneh sak wise dunyo iki ora ono.
  1. 5.Hiyo uwong-uwong kang mangkono mou (wong) kang oleh pituduh saking Pengerane, lan hiyo wong-wong kang mengkono iku wong kang beja-beja kabeh.
5.Hiyo uwong-uwong kang mangkono mou (wong) kang oleh pituduh saking Pengerane, lan hiyo wong-wong kang mengkono iku wong kang beja-beja kabeh.*9)
*9)Hiyo iku wong-wong kang diparingi apa wahe kang disuwun saking Alloh sak wuse dheweke usaha.
ASBABUN NUZUL :
“Faryabi lan Ibnu Jarir negasaken sumber sanad saking Mujahid , ngendikane : ono papat ( 4 ) ayat saka awal suroh Al Baqoroh  kang diturunake  ngenani sifat-sifate wong Mukmmin , loro ( 2 ) ayat nerangake sifat-sifate wong Kafir , lan telulas ayat ( 13 ) nerangake sifat-sifate wong Munafiq .”
“ Ibnu Jarir negasaken saking sanad Ibnu Ishaq  , saking Muhammad bin Abi Ikrimah , saking Said bin Jubaur , saking Ibnu Abbas ngengingi Firmanipun Alloh :” Sayektine uwong-uwong  kang kafir……… ( Q.S.Al Baqoroh :6) hinggo akhir  loro ( 2) ayat.” Menawa kelorone aayat kasebut tumurun ngenani uwong-uwong Yahudi Madinah.

  1. [2:6] Saktemene uwong-uwong kang pada kafir, padha uga sira widen-wedeni utawa ora sira widen-wedeni, dheweke iku ora gelem padha iman
[2:6] Saktemene uwong-uwong kang pada kafir, padha uga sira widen-wedeni utawa ora sira widen-wedeni, dheweke iku ora gelem padha iman

ASBABUN NUZUL :

“Faryabi lan Ibnu Jarir negasaken sumber sanad saking Mujahid , ngendikane : loro ( 2  yoiku  : ayat 6-7  ) ayat nerangake sifat-sifate wong Kafir ,
“ Ibnu Jarir negasaken saking sanad Ibnu Ishaq  , saking Muhammad bin Abi Ikrimah , saking Said bin Jubaur , saking Ibnu Abbas ngengingi Firmanipun Alloh :” Sayektine uwong-uwong  kang kafir……… ( Q.S.Al Baqoroh :6) hinggo akhir  loro ( 2) ayat.” Menawa kelorone aayat kasebut tumurun ngenani uwong-uwong Yahudi Madinah.

  1. [2:7] Alloh wus matri (nutup) atine wong-wong kafir mau lan (nuttup) kupinge wong-wong kafir . Lan nutup matane wong-wong kafir. Lan wong-wong kafir mau bakal oleh siksa kang gedhe banget.

[2:7] Alloh wus matri (nutup) atine wong-wong kafir mau lan (nutup) kupinge wong-wong kafir*10) . Lan nutup matane wong-wong kafir*11). Lan wong-wong kafir mau bakal oleh siksa kang gedhe banget.
 

*10). Hiya iku wong kuwi ora bisa nampa pituduh , lan nasehat apa wahe ora bakal tumama marang dheweke.
*11). Maksude : dheweke ora bisa migatwkake lan mahami marang ayat-ayat Al Qur’an kang dirungokake lan dheweke ora bisa ngalap conto sangka tandha-tandha keagungane Alloh kang ditingali ana ing cakrawala , ing sak lumahing bumi lan kang ana ing awake dhewe.
  1. [2:8] Sak dengah sangking manungsa iku ana kang ngucap : “ Kita iki wis iman marang Alloh lan dina akhir , nanging sak temene  dheweke iku ora padha iman.
[2:8] Sak dengah sangking manungsa iku ana kang ngucap : “ Kita iki wis iman marang Alloh lan dina akhir,*12) nanging sak temene  dheweke iku ora padha iman.

 

*12).Dina besok hiya iku : wiwit sangka kabeh makhluk dikumpulake ana ing ara-ara Mahsyar nganti tumeka wektu kang ora ana watese.

ASBABUN NUZUL :

“Faryabi lan Ibnu Jarir negasaken sumber sanad saking Mujahid , ngendikane : lan telulas ayat ( 13 yoiku : ayat: 8-20 ) nerangake sifat-sifate wong Munafiq .”
“ Ibnu Jarir negasaken saking sanad Ibnu Ishaq  , saking Muhammad bin Abi Ikrimah , saking Said bin Jubaur , saking Ibnu Abbas ngengingi Firmanipun Alloh :” Sayektine uwong-uwong  kang kafir……… ( Q.S.Al Baqoroh :6) hinggo akhir  loro ( 2) ayat.” Menawa kelorone aayat kasebut tumurun ngenani uwong-uwong Yahudi Madinah.

  1. 9.Wong-wong munafiq iku arep nipu Alloh lan wong-wong mukmin,nanging saktemene kang  mengkono iku dheweke namung nipu awake dhewe, mung dheweke ora padha rumangsa.
  2. 10.Ing atine wong-wong munafiq ana penyakite , nuli dheweke ditambahi penyakit dening Alloh, lan dheweke bakal oleh siksa kang banget larane, sebab anggone padha goroh.
10.Ing atine wong-wong munafiq ana penyakite , *13)  nuli dheweke ditambahi penyakit dening Alloh, lan dheweke bakal oleh siksa kang banget larane, sebab anggone padha goroh.
 

*13)  .Yoiku keyakinane dheweke marang kebeneran NABI Muhammad SAW. Banget ringkihe keyakinan mau, bisa njalari anane rasa drengki , ati iri lan mangkel marang Nabi SAW. Agama lan wong-wong Islam .

  1. 11.Lan nalikane wong-wong munafiq dikandani : “ siro kabeh aja padha gawe kerusakan ing bumi .Dheweke padha njawab : “ sejatine kita iki padha gawe becik”.
  2. 2:12.Elinga,Saktemene wong-wong munafiq iku pada gawe kerusakan,   mung wahe dheweke  ora padha rumangsa.
  3. 2:13.Lan nalika wong-wong munafiq dikaandhani : ‘padha imano sira kabeh  kaya olehe wong-wong liya  wis padha iman  “ Dheweke padha muni-muni  : “ aapa kita dikon iman kaya wong-wong bodho iku? “ Elinga , satemene wong wong munafiq dhewe kang bodho-bodho , mung wahe dhewke ora padha ngerti ( bodhone )
  4. 2:14.Lan Nalika wong-wong munafiq  kepethuk wong-wong kang padha iman  : dheweke padha kandha-kandha  : :kita iki wis padha iman .”  laan nalika dheweke wis padha bali  kumpul kaaro syetan syetane . dheweke padha muni : “ Saktemene kita iki tetep   tetep (urip) karo sampeyan kabeh, kita iku naming geguyonan.”
  5. 2:15. Alloh baaakal bales ngina wong wong munafiq mau lan Alloh bakal nguylur-ngulur ( ngumbar ) dheweke ana ing kelacutan kelawan bingung.
  6. 2:16.Wng-wong kang mangkono iku wong-wong kang tuku sasar dituku kaaro pituduh, dadi (umpamane wong dagang  ), wong-wong munafiq iku ora bathi dagangane lan dheweke iku ora oleh pituduh.
  7. 2:17.Sifate wong-wong munafiq iku kaya sifate wong kang ngurubaake geni, bareng wis murtub bias madhangi kiwa tengene , dumadakan diilangake padhange dening Alloh lan dheweke    diumbarake dening Alloh aana ing kahanan peteng ndedhet , ora bias weruh aapa –apa.
  8. 2:18.Dheweke iku budheg, bisu lan picek , mulane dheweke padhaa ora bisa bali ( marang dalan kang bener )
  9. 2:19.Utawa kaaya ( wong wong kang kena )  udan deres saking langit aana ing kahanan peteng ndedhet, akeh bledheg lan kilat pating cleret; dheweke padha nyumpeli kupinge nganggo deijine, karana ( krungu suara ) bledheg ,jalaran padha wedi mati . Lan Alloh ngliputi wong-wong  kang padha kapir.
  10. 2:20.Meh-meh wae kilat iku nyamber pandhelengane dheweke. Semangsa kilat iku madhangi dheweke , dheweke padha mlaku aana ing ngisore cahya padhang iku, nanging yen nuju peteng ndhedhet, deweke padha mandheg .Upama Alloh ngersakake, temtu Alloh nyirnakake pengrungune lan pendelenge dheweke. Swetuhune Alloh Kuwasa marang sakabehe perkara.
19.  2:21.Hai para manungsa,padha nyembaha marang Pangeran ira kang wus nitahake sira kabeh lan wong-wong kang sak durungira kabeh , supaya sira kabeh padha taqwa.
  1. 2:22.(Alloh) kang nitahake bumi kanggo lemek ira kabeh lan langit minangka dadi payon ,  lan nemurunake banyu ( udan ) sangking langit  , nuli sebab  banyu iku ,Alloh ngetokake  macem-macem  who-wohan minangka  rezqi kanggo sira kabeh , mula sira kabeh  aja padha gawe sesekuthon kang nyekuthoni Alloh 30).Yoiku kabeh perkara kang disembah sinembahi nyembah  marang Alloh kaya : brahala-brahala,dewa-dewa lan sapanunggalane.   Ing mangka sira kabeh wus padha ngerti.


Tantangan marang kaum musrikin ngenani  Al Qur’an


23.Lan Manawa ssira kabeh  ( tetep) , ana ing kemamangan babagan Al Qur’an kang Ingsun udhunake  marang kawula Ingsun ( Muhammad ) ,coba sira kabeh gaweya 31) .aayat iki arupa sawijining tantangan marang dheweke kang padha  mamang marang kebenerane Al Qur’an kang ora bias ditiru sanajan  kanthio ngumpulake kabeh ahli kesusasteraan lan ahli basa amarga Al Qur’an kuwi minangka mu’jizate Nabi Muhjammad SAW.    Sak surat ( wahe ) kang madhani AlQur’an  lan padha ngajaka sesembahan – sesembahan  ira kabeh sak liyane Alloh, yen sira kabeh padha bener.

24.Mangka yen sira kabeh ora bias gawe  lan mesthi sira kabeh ora bakal bisa gawe, ngreksaha awak ira kabeh saking neraka  kang urup-urupe  manunghsa lan watu-watu kang dicawisake kanggo wong-wong kang padha kafir.

Piwales marang wong-wong kang padha iman

25.Lan sira bebungaha marang dheweke kang padha iman lan gelem amal salih; yen dheweke bakal oleh pinwales suwarga kang banyune mili saking ngisore suwartga mau. Samangsa-mangsa dheweke  diparingi rezki rupa who-wohan ana ing suwarga  mau, dheweke padha ngucap  : ‘”  iki kok kaya kang wis diparingake marang kita mau “  Dheweke diparingi who-wohan kang padha rupane  lan dheweke uga diparingi garwa-garwa kang suci lan dheweke langgeng ana ing suwarga iku “. 32).Kani’matan ing suwarga hiya iku kani’matan kang sarwa lengkap, padha uga jasmani, utawa rohani.


Tepa Tulada ing Al Qur’an lan hikmah-hikmahe


26.Satuhune Alloh ora isin gawe tuladha rupa nyamuk utawa kang luwih ina tinimbang nyamuk 33).nalika tumurune ayat 73 surah kaping 23 Al Hajj kang ing sak jerone Alloh nerangake  yen paaara brahala kaang disembah mau ora bias gawe laler, sanajan digawe kanthi bebarengan , Laan temurune aayat 41 surah al An kabut kang ana  ing sak jerone   Pengeran paring gambaran keapesane brahala-brahala kang didadekake pengayom dening wong-wong musyrik padha karo ringkihe omahe kemlandhingan.   Dene  uwong-uwong kang padha iman , mangka dheweke padha yakin  yen tuladha mau nyata bener saking Pangerane, dene wong –wong kang padha kafir , dheweke padha ngucap : Apa kang dikersakake Alloh dene Alloh gawe tuladha kang mangkene iki ? “ jalaran anane tuladha  mau akeh wong kang disasarake dening Alloh 34).disasareke dening Allh tegese : yen wong wong mau kesasar amarga dheweke  ingkar lan ora gelem maahami pituduhe Alloh. Ana ing ayat iki , aamarga dheweke ingkar lan ora gelem mahami aaapa sebabe   Alloh agawe  nyamuk minangka tuladha nganti dheweke mau dadi kesasar.     Lan jaalaran tuladha mau (   uga ) aakeh wong kang diparingi pituduh  dening Alloh .Lan ora ana wong kang disasarake dening Alloh kejaba wong-wong kang padha fasik.

27.(  hiyo iku ) wong-wong kang padha nyulayani  janji marang Alloh sak wise janji iku kukuh, lan padha medhotake apa kang diprentahake dening Alloh ( marang  dheweke ) supaya disambung lan padha gawe kerusakan ana ing bumi .Hiya dheweke  iku wong wong kang padha kapitunan.

Bukti-Bukti Kekuwasaan Pangeran


28. 28.Kepriye toh sira kaok padha kufur  maarang Alloh, ing mangka sira kabehj iku asale maati, nuli Alloh nguripaake sira kabeh, nu;li Alloh mateni sira kabeh, nuli nguripake sira kabeh, nuli maaarang Alloh sira kabeh dibalekake.


29.Alloh yoiku Dzat kang nitahake sakabehe kang ana ing bumi kanggo sira kabeh lan Alloh ngersakake nitahake langit, nuli dititahake dadi pitung langit lan Aloh iku Maha Ngudaneni  skabehe perkara.


Tinitahe manungsa lan penguwasaane ing bumi


30.Elinga nalika Pangeran ira dhawuh marang malaikat : “ Satuhune Ingsun arep nitahake kholifah ana ing bumi” Para Malaikat padha matur : “ Menapa  prayogi Panjenengan nitahaken ( kholifah ) wonten ing bumi rupi tiyang ingkang naming badhe damel kerisakan lan paten pinaten, kang mangka kita punika tansah maos tasbih lan tahmid sarta nyucekaken dhumateng Panjenengan ? “ Alloh Dhawuh : “ setuhune Ingsun iku pirsa apa kag sira kabeh ora padha mangerti.”

31.Lan Alloh paring pirsa marang Adam ing jeneng –jenenge( barang-barang) kabeh ,nuli barang barang mau dipentokake marang para Malaikat , kanthi dawuh  : “ coba padha matura  marang ingsun jenenge barang –barang iki yen nyata sira kabeh padha bener ! “


32.Dheweke padha matyur : “ maha suci Panjenengan , kita sedaya mboten gadah pangertosan punapa punapa kejawi ingkang sampun Panjenengan  paringaken dateng kita, sayektosipun Paanjenengan  punika ingkang Maha Ngudaneni saha Maaha Wicaksana *) ( sabenere lafadz “ Hakim” den jawakake kanthi  “ kang wicaksana” kuwi kurang pas  amarga makna Hakim “ kuwi kang dueni hikmah. Hikamh artine agawe utwa nggunakake sawijining perkara ccccocok karo sifat ,guna lan faedahe. Ing kene  diartekake  : “ kang Wicaksana “ aaamarga aarti kuwi dianggep wis merg-maregi aartine lafadz “ Hakim “ )


33.Alloh dawuh  : He Adam , para malaikat iku critanana    jeneng-jenenge   barang barang iki “. Bareng Adam wis nyeritani para Malaikat, nuli Alloh dhawuh; “ ana toh Ingsun ora dhawuh marang sira kabeh yen satuhune  Ingsun pirsa  perkara kang samar-samar ana ing Langit lan Bumi, Lan Ingsun pirsa aapa kang sira lahirake lan apa kang sira umpetake.”

34.Lan Elinga nalika Ingsun dhawuh marang para Malaikat  : “Padha sujuda *) ( Sujud ing kene artine ngurmati lan mulyakake Adam AS., ora kok maksude kumawula, amarga Sujud   kanthi kumawula kuwi naming marang Alloh wahe )   sira kabeh marang Adam” . mangka dheweke nuli padha Sujud  kejaba Iblis ; Iblis  mbangkang lan gumedhe  lan dheweke  kalebu golongane  wong kang padha kafir.

35.Lan Ingsun Dhawuh  : ‘” Hai Adam, sira  lan bojo ira manggona ana ing suwarga iki , lan padha mangana aapa wae kang ana ing suwarga iki sak karep ira, nanging sira  aja  parek-parek wit iki *) ( wit-wit kang dilarang dicedaki dening Alloh ora bisa dimesthekake , amarga  Al Qur’an lan Hadits  ora ana kang nerangake . Ana kang ngarani wit khuldi kaya kang disebut ana ing surah Thoha ayat 120 , ananging kuwi jeneng kang digawe  dening syetan )  kang nyebabake sira  kalebu golongane wong –wong kang kang padha zalim.”

36.Nuli karo-karone diplesedake dening syetan saking suwarga mau *)  ( Adam lan Hawa  kanthi rekadaya        syetan nganti dahar  wohe wit kang dilarang kuwi kag nyebababake  karo-karone  metu saka suwarga , lan Alloh  ndawuhi karo-karone mudhun ana ing dunyo . Kang dikarepake tembung “ syetan “ ana ing kene hiya iku iblis kaya kang diterangake ana ing ayat 34 surat Al Baqoroh mau. )   Lan diwetokake saking kahanan mau-maune   *)  ( kang dimaksud kahanan mahu-mahune hiya iku kani’matan lan kamulyaning urip aana ing suwarga )   Lan Ingsun Dhawuh  : “ Padha mudhuna sira ! saweneh ira kabeh iku dadi sateru tumrap saweneh liyane , lan tumrap sira ana panggonan tetep ana ing bumi, lan kebungahan urip nganti tumeka mangsa kang ditemtokake.”

37.Nuli Adam nampa kalimah-kalimah *) ( ngenani kalimat ( ajaran-ajaran ) sangka Pangeran kang diterima dening Adam, saperangan sangka ahli tafsir: “nggatekake kanthi  ucapan-ucapan kanggo tobat.”)  saking Pangeran , mangka Alloh nerima taubate . Satuhune Alloh  iku Maha Narima taubat tur Maha Asih

38.Ingsun Dhawuh  : Padha mudhuna  sira kabeh saka suwarga iku  ! ing tembe yen sira katekanan pituduh saking Ingsun  ,mangka sira sapa wonge   gelem anut  marang pituduh Ingsun temtu ora ana kekhawatiran tumrap dheweke, lan ( uga) ora bakal susah.

39.Dene wong-wong kang padha kafir lan nggorohake ayat-ayat Ingsun , dheweke iku duweni  bagian neraka , dheweke padha langgeng ana ing neraka iku.
40.   He Bani Isroil *) ( Isroil iku minangka sebutan tumrap Nabi Ya’qub. Bani Isroil  kuwi   artine anak turune Nabi Ya’qub ; sak iki sering diarani kaum Yahudi )  elinga marang nikmat Ingsun  kang wis Ingsun paringake marang sira kabeh  lan padha nuhanana janji ira marang Ingsun  *) ( janjine wong wong Yahudi marang Pangeran hiyo iku : dheweke bakal nyembah marang Alloh lan ora bakal nyekuthokake kanthi apa wahe , uga bakal iman marang para rasul kang ing antarane hiyo iku Nabi Muhammad SAW kaya kang diterangake ana ing kitab Taurat .)   mesthi Ingsun Nuhani  janji Ingsun marang sira kabeh ; lan namung marang Ingsun sira kabeh kudu wedi ( tundhuk).

41.Lan padha imana sira kabeh marang apa kang wis Ingsun turunake (AlQur’an ) kang mbenerake marang apa kang ana ing sandhing ira kabeh ( Taurat), lan sira kabeh aja  ngawiti dadi wong kang kafir marang kitab Al Qur’an , lan sira kabeh aja padha ngijolake ayat-ayat Ingsun kelawan rega kang sethitik, lan namung marang Ingsun sira kabeh kudu padha taqwa.

42.Lan sira aja padha nyampur aduk perkara kang haq kelawan perkara kang bathil lan sira aja padha ngumpetake perkara haq iku *) ( ing antarane kang padha dirahasiakake kaum Bani Isroil hiyo iku : Pangeran bakal ngutus sawijining Nabi saking keturunan Nabi ISMAIL kang arep mbangun ummat kang gedhe ana ing dina mburi , hiyo iku Nabi Muhammad SAW )  ing mangka sira kabeh wis padha ngerti.

43.Lan padha nglakonana sholat, padha mbayara zakat , lan padha rukuka bareng-bareng karo wong kang padha rukuk.*) ( kang dimaksud hiyo iku : sholat jamah, lan uga diarani : padha manuta marang printah –printahe Alloh bareng –bareng  kara wong kang padha manut

44.Kena apa sira padha prentah marang wong liya ( nglakoni ) kebecikan , nanging sira padha nglalekake  awak ( kewajiban ) ira dhewe , ing mangka sira padha maca Al Kitab ( Taurat) ? Apa sira ora padha angen-angen ?.

45.Padha ndadekna sabar lan sholat minangka dadi penulung ira kabeh. Setuhune kang mangkana iku pancen abot , kejaba tumrape wong –wong  kang padha  khusyu” .

46.(Hiyo iku ) wong-wong kang padha yakin  yen dheweke bakal padha kepethuk Pangerane , lan dheweke padha bakal bali marang Alloh .

47.Hai Bani Isroil, padha elinga marang nikmat Ingsun kang wus  Ingsun paringake marang sira kabeh  lan ( uga padha elinga ) yen setuhune Ingsun wis ngutamakake sira kabeh ngeluwihi sekabehe umat .*)  ( Bani Isril kang wus diparingi nikmat dening Alloh  lan diparingi kaluwihan katimbang umat liyane hiyo iku embah buyute kang urip ana ing jamane Nabi Musa AS.

48.Lan padha ngrekshaha awak ira saking ( azab) dina ( kiamat, kang  ana ing dina iku ) ora ana siji wong kang bisa mbela wong liya , sanajan sethitik ; lan ( semono uga ) ora diterima syafa’at  *) ( syafaat : luru lantaran supaya bisa nekakake manfaat tumrap wong liya utawa bisa nyingkirake kemelaratan kanggo wong liya. )   lan tebusan saking wong mahu, lan dheweke ora bakal ditulungi .

PARINCEN NIKMATE PANGERAN MARANG BANI ISROIL
49.( Lan elinga ) nalika Ingsun nylametake sira kabeh saking ( Fir’aun ) lan brahala brahalane , dheweke tansah nyiksha sira kabeh terus –menerus  , dheweke padha nyembelih anak anak ira kang lanang , lan padha nguripi anak anak ira kang wadhon. Kedadeyan kang mengkana iku ngemu ujian kang gedhe saking Pangeran ira kabe

50. .( Lan elinga )nalika Ingsun miyak segara kanggo sira kabeh  , nuli Ingsun nylametake sira kabeh , lan Ingsun ngeremake ( Fir’aun ) lan bala tentarane  kang mangka sira dhewe padha weruh.*) ( nalika Nabi Musa  AS. Bareng Bani Isroil sangka negara Mesir tumuju palistina lan digudhak/ diuyak dening raja Fir’aun  , dheweke ngliwati segara abang ( laut Merah )  sisih lor . Nuli Pangeran dawuhi  marang Nabi Musa supaya nuthukake tekene  ana ing segara. Dhawuh mau dileksanakake dening Nabi Musa AS sak nalika iku  segara miyak dadi loro lan ing tengah-tengahe katon  ana dalan kang amba. Musa nuli liwat dalan mau nganti deweke  sak kaume selamet nganti pinggir gisik . Sedeng Firngaun  sak wadiya balane nalika isih ana ing tengahing segara , segara nuli nangkeb lan pulih maneh kaya maune lan Rojo Firngaun sak wadiya balane nuli padha kerem ).
51.Lan ( elinga )  nalika Ingsun njanjeni marang Musa ( maringi Taurat ,sakwise) patang puluh bengi , nuli sira padha ndadeake pedhet *)  ( pedhet emas kang digawe sangka emas kuwi kanggo disembah).(Sembahan ira )sak wise Musa budhal lan sira kabeh wong-wong kang padha dholim .

52.Sak wise  mengkana , Ingsun  nuli ngapura kesalahan ira kabeh , supaya sira kabeh padha syukur .

53.Lan ( elinga ) nalika Ingsun  paring marang Musa  Al Kitab ( Taurat) lan katerangan  kang mbedakake  aaantarane perkara haq lan bathil, supaya sira kabeh padha oleh pituduh.

54.Lan ( elinga ) nalika Musa dhawuh marang kaume : He kaum ingsun , satuhune sira kabeh iku wong-wong kang padha nganiaya awak ira dhewe kabeh , sebab padha ndadekake pedhet ( sesembahan ira ) < mula padha tobata marang Pangera kang nitahake awak ira kabeh lan padha matenana awak ira kabeh *) (  mateni awak dewe : ana kang ngartekake  wong wong kang ora padha nyembah pedhet kuwi padha mateni wong wong kang padha nyembah . Uga ana kang ngartekake  : wong-wong kang padha nyembah brahala      pedhhet kuwi paten-pinaten dhewe-dhewe , lan ana uga kang ngartekake : dheweke diprintah supaya padha mateni awake dhewe-dhewe minangka tobate. ) kang mangkana iku  luwih bagus tumrap sira kabeh ana ing ngarsane Pangera kang nitahake awak ira kabeh , mangka Alloh bakal nerima taubat ira kabeh . Setuhune Alloh iku Maha Paring Pangapura tur Maha Asih .

55.Lan ( elinga)  naalika  sira padha matur : kita kabeh ora percaya marang sira  ( musa )  kajaba yen  kita bisa weruh Alloh kanthi jelas *) ( maksude ningali Alloh kanthi nganggo mripat )  kerana iku sira padha disamber bledheg , sira  hiya padha ndeleng *) ( aamarga panyuwunan kang kaya mangkaana iku  nnuduhake keingkaran  lan ketaakaburane wong wong mau , mula sangka kuwi dheweke disamber bledheg  minangka adzab sangka Pangera. )   

56.sak wise iku Ingsun nangekake       sira kabeh sak wise sira padha mati *) ( kang dikarepake mati ana ing kene   miturut dhawuhe saweneh ahli tafsir  hiya iku : mati  kang sak benere , lan miturut saweneh liya hiya iku  klenger amarga disamber bledheg.)    supaya sira padha syukur.
57.Lan Ingsun manyungi sira kabeh kalawanb mendhung , lan Ingsun ngudhunake marang sira Manna lan salwa  *) ( salah sawijining nikmate Alloh marang Dheweke hiya iku :   wong wong mau tasah dipayungi mendhung nalika dheweke padha mlaku aana ing padhang pasir ana ing dina pkang panas banget . Manna  panganan kang legi kaya madu . Salwa memper manuk gemak / puyuh .)   padha mangana saking panganan kang apik apik kang wis Ingsun paringake marang sira kabeh . Lan dheweke ora padha  nganiaya Ingsun , nanging sak benere dheweke padha nganiaya awake dhewe.

58.Lan ( elinga ) nalika Ingsun dhawuh : padha mlebuha sira kabeh ana ing desa  iki ( Baitul Maqdis ) lan padha mangana isine ing kono sekarep ira , lan padha mlebuha lawange desa mau kanthi sujud *) ( maksude : miturut saweneh ahli tafsir : ngasorake awak )    lan padha matura : Mugi Panjenengan nglebur dosa kita , mesthi Ingsun bakal ngapura kesalahan  kesalahan ira kabeh . Lan Ingsun bakal nambahi ( ganjarane ) wong-wong kang padha gawe becik .


59. Nanging wong-wong kang padha dholim padha ngowahi printah kalawan ( nglakoni ) kang ora diprintahake marang dheweke  . Karana  iku Ingsun ngudhunake siksa saking langit marang wong-wong kang padha dholim mau amarga anggone padha tumindak fasiq .

60.Lan ( elinga ) nalika Musa nyuwun banyu kanggo kaume , nuli Ingsun dhawuh : teken ira gebukna  watu iki banjur watu mau mancur-mancur banyune  dadi loras pancuran. Yekti saben saben golongan wis padha weruh panggonan pangombene ( dhewe-dhewe )  *) ( hiya iku sakabehing suku Bani Isroil kaya kang kasebut aaana ing surat Al Arof aaayat 160 )       padha mangan lan ngombeha sira kabeh saking rezqi ( kang diparengake ) Alloh , lan sira aja padha gawe kerusakan ana ing bumi.

Piwalese marang salah bawane Bani Isroil


61.Lan ( elinga ) nalika sira kabeh padha matur : He Musa kita boten saget sabar naming kaparingan tetedhan werni setunggal  , mila kita sami panjenengan suwunaken  dhateng Pangeran panjenengan , supadas Pangeran  ngedalaken  tethukulan bumi, kadosta  jejanganan , timun, bawang putih , adas, lan brambang . Musa nuli ngendika  Apa sira kabeh kepingin  perkaara kang luwih ina  sira ijolake  perkara kang luwih bagus ?”  padha medhuna sira kabeh ana ing sawijining kutha , ana ing kono sira kabeh bisa oleh apa kang sira suwun .” Nuli dheweke padha didadekake  ina  lan meskin sarta  dheweke  padha oleh bendhu e Alloh . Kang mangkana mau sebab anggone  padha kufurmaarang ayat-ayate Alloh lan Anggone padha mateni para Nabi tanpa sebab kang bener . Kang mangkana mau sebab anggone padha duraka lan padha ngliwati wates.


Ganjarane kanggo wong kang padha Iman


62.Satuhune wong-wong mukmin , wong wong Yahudi     , Wong wong Nasroni, lan wong-wong shabiin *) ( shabvi’in hiya iku wong-wong kang manut marang syariate nabi-nabi zaman dhisik utawa wong-wong kang nyembah lintang utawa kang nyembah marang dewa-dewa   )    Sapa wahe saking wong-wong mahu  kang bener-bener iman marang Alloh *) ( wong-wong mukmin semono uga wong Yahudi , Nasrani lan shabi’in  kang padha Iman marang Alloh kalebu kang iman marang  Nabi Muhammad SAW  ,percaya marang dina akhirat lan ngelakoni amalan kang sholeh , wong-wong mau baakal entuk ganjaran sangka Alloh.)    dina kiyamat lan pdha ngamal sholeh *) ( hiyo iku lelakon kang becik kang diprentahake  dening Agama Islam , padha uga kang ana sesambungane karo agama utawa ora .)     dheweke baakal padha oleh ganjaran saking Pangerane , ora ana rasa kuwatir  tumrap dheweke laan ( uga ) dheweke ora bakal padha susah .

63.Lan ( elinga ) nalika  Ingsun mundhut janji saking sira  kabeh lan Ingsun angkatake gunung  ( Thursina ) ana  ing dhuwur ira  kabeh,( nailka iku Ingsung dhawuh )   “ gondhelana kuwat-kuwat aaaapa kang wis Ingsun   paringake maarang sira kabeh  laaah eling-eling aapa kang ana ing njerone , supaaya sira kabeh padha taqwa “

64.Nuli sira padha mengo sak wise  ( anane   janjen )  iku , mangka  umpamane ora ana kanugrahan  lan rohmate ALLOH  marang sira kabeh   , temtu sira kabeh  klebu golongane wwong-wong kang padha tuna .

65.lan yekti sira kabeh wis padha weruh uwong uwong kang padha nglanggar saking sira kabeh ana ing dina Sabtu *) ( dina sabtu kuwi dina kang kusus  kanggo ibadahe tumrap uwong-uwong yahudi )  nuli ingsung dhawuh marang dheweke  : “ padha dadiya kethek  *) (par ahli tafssir  duweni pendaaapat  yen  iki minangka sawijining cconto , aartine    atine wong –wong mau kaya dene  atine kethek , amarga padha ora bisa nerima nasehat lan pepiling. Penemune jumhur ahli Tafsir ngendikakake   yen wong –wong mahu   benr –bener maleh dadi kethek, mung wahe ora padha duwe anak , ora mangan lan ora ngombe , lan uripe ora luwih sangka telung dina )   sira kabeh dadi ina

66.Mangka Ingsun dadekake kang mengkana mau minangka pepeling tumeraping wong-wong kala iku, lan tumrape wong-wong  sakburine ,sarta dadi pitutur tumeraping wong-wong kang padha taqwa.

carita penyembelehane sapi wadon *) ( surat iki diarani surat Al Baqoroh ( SAPI wadhon ) amarga mengku ceritae nyembelih sapi.

67.lan ( elinga ) nalika Musa dawuh  marang kaume : “ satuhu8ne Alloh mriontah sira kabeh nyembelih sapi wadhon .” dheweke padha matur ; Punapa panjenengan badhe damel gegujengan *)  ( hikmahe Alloh dhawuhi   nyembelih sapi hiya iku supaya ilang rasa pakurmatane wong-wong mau marang sapi kang nate disembah.)  dating kita ? “. Musa dawuh : “ Ingsun nyuwun pangreksha marang Alloh, supaya ingsun ora kalebu golongane wong kang padha bodho “.

68.Dheweke padha matur : “ nyuwuna dating Pangeran Panjenengan  kangge kawula , supados maringi keterangan dumateng kawula , sapi wadon ingkang kados punapa .” Musa dawuh : “ saatuhune Alloh dhawuh yen sapi wadhon iku hiya iku sapi wadhon kang ora tuywa lan ora enom , dadi sapi kang sedengan  umur-umurane ; mula tindakna apa kang diprentahake marang sira kabeh,”

69.Dheweke padha matur  : “ nyuwuna dateng Pangeran panjenengan kangge kawula , supados maringi  keterangan dumateng kawula punapa warninipun ?”  Musa dhawuh  : “Satuhune Aloh dhawuh  yen sapi wadon iku hiya iku sapi wadhon kang warnane kuning tur kang nyenengake marang wong-wong kang padha nyawang.”

70.Dheweke padha matur :” nyuwuna  dhaateng Pangeran panjenengan kangge kawula supadas maringi keterangan dateng kawula kados pundi hakekat sapi wadhon wahu, sebab satuhune sapi wadhon wau tumrap kula ( taksih ) samar lan satuhune kawula  insya Alloh badhe pikanthuk pitedah .”

71.Musa dhawuh : “ satuhune Alloh dhawuh sapi wadhon mau hiya iku sapi wadhon kang dddurung tahu kanggo ngluku lemah lan during tahu kanggo nyirami tanduran , ora cacat, ora ana blenthong-blenthonge.” Dheweke padha matur : “ sak punika sampun jelas katerangan panjenengan.” Nuli dheweke padha nyembelih sapi wadon lan meh-meh wahe dheweke padha ora bisa nglakoni printah mahu.*) ( amarga sapi kang miturut  syarat  kang diturunake kuwi angel golekake , meh-meh wahe dheweke ora bisa nemokake.)

72.Lan ( elinga )  nalika sira padha mateni sawijining wong nuli sira padha bantah-bantahan ana ing perkara rajapati  mau lan Alloh kang nglahirake apa kang padha sira umpetake .

73.Nuli Alloh Dhawuh:” sabetna sak dhengah nggaotane sapi iku marang mayit !” kaya mangkana Alloh nguripake wang kang wis mati , lan meruhake marang sira kabeh tandha –tandha kekuwasaane , supaya sira kabeh padha ngerti .*) ( miturut penemune jumhur ahli Tafsir ayat iki ana gathuke kar lelakon kang dilakoni dening salah sijining wong sangka kaum Bani Isroil , Saben-saben sangka wong –wong mau padha tudhuh –tinudhuhan  masalah sapa kang mateni.Sak wise dheweke padha ngaturake maslah iki marang NABI Musa AS . Allloh  nuli ngutus wong – wong mahu supaya nyembelih sapi wadhn supaya wong kang dipatini mau  bisa urip maneh, nuli bisa nrangake sapa sejatine kang mateni dheweke , sak wuse dithuthuk kanthi sebagian sangka nggaotane sapi kuwi . )

74.Nuli sakwise iku ati nira kabeh padha atos kaya watu malah luwih atos maneh. Kang mangka sak dengah saka watu ana kang bisa mancur-mancurake banyu, lan sak dengah ana kang sigar nuli ngetokake  banyu , lan sak dhengah maneh ana kang bisa ngglundhung jalaran saking wedine marang Alloh. Lan Alloh ora bakal lali apa kang sira lakoni.
75.Apa sira kabeh isih ngarepake dheweke  bakal padha percaya maarang sira kabeh, kang mangka segolongan saking dheweke padha krungu  dhawuh-dhawuhe Alloh , nuli dheweke padha ngowahi dhawuh-dhawuhe Alloh sak wise dheweke padha angen-angen , ing mangka dheweke padha ngerti ?” *) ( kang dimaksud hiya iku embah buyute wong-wong mau kang nyimpen Kitab Taurat , nuli Kitab Taurat mau dirobah-robah dhewe , ing antarane sifat-sifate Nabi Muhammad SAW kang kasebut ana ing Kitab Taurat mau.)

76. lan lamun dheweke padha ketemu kelawan wong-wong mukmin , dheweke padhakandha :” kita kabeh iki wis padha iman >”nanging sak wise dheweke ana ing kalangane kanca-kancane , dheweke padha ngucap : aapa sira kabeh padha nyritakake marang dheweke ( wong-wong mukmin) apa kang wis diterangake dening Alloh marang sira kabeh, supaya kelawan mangkana   dheweke ( wong-wong mukmin) bisa ngalahake hujjah ira kabeh ana ing ngarsane Pangeran ira kabeh ; apa sira ora padha mikir ? *)( sebagian kaum Bani ISROIL KANG NGAKU IMAN MARANG Nabi Muhammad SAW , kuwi nate cerita marang wong-wong islam , yen aana Kitab Taurat pancen disebutake abakal katekan Nabi Muhammad SAW , mangka glongan liya mbanjur ngelingake dheweke kanthi ngucap “ kena apa sira critakake masalah kuwi marang wong-wong islam nganti hujjahe tambah kuwat ?” )

77.Apa dhewkw ora padha ngerti yen satuhune Alloh iku pirsa sakabehe perkara kang padha dheweke umpetake lan sakabehe perkara kang padha dheweke lahirake .

78.Lan sak dengah saking dheweke iku ana kang ora bisa maca .ora ngerti Al Kitab ( Taurat) ,ngertine mungb keterangan kang goroh-goroh lan dheweke  mung padha ngira-ngira.*) ( akeh akehe wong  wong Yahudi bkuwi padha ora bisa maca , lan ora bisa mangerteni apa kang dadi isine kitab Taurat kejaba mung dongeng-dongeng kang nate dicritakake dening para pendhitane )   

79.Mangka cilaka kang gedhe tumrape  wong –wong kang padha nulis Al Kitab kelawan tange dhewe , nulin kandha kandha : “ iki saking ngarsane Alloh” ( kelawan maksud ) supaya oleh kauntungan kang ora ana ajine . mangka cilaka kang gedhe tumrap gedhe dheweke, jalaran saka apa kang ditulis dening tangane , lan cilaka kang gedhe tumrap deweke , jalaran saka kelakuane .

80. Lan dheweke padha ngucap : “ kita bakal kagepok denning geni naraka , kejaba sawetora dina wahe “ . Dhawuha :” apa sira wus padha gawe janji ana ing ngarsane Alloh mangka Alloh ora nulayani janjine , utawa apa sira padha gawe-gawe ing atase Alloh kang sejatine sira kabeh ora padha ngerti ? “.

81.( ora kaya mangkana ) , sak benere , sing sapa wonge nglakoni  dosa lan deweke wis dikubengi dening dosane , hiya dheweke iku kang duweni bagian naraka , deweke padha Langgeng ana ing naraka kana.

82.Dene wong- wong kang padha iman lan beramal sholeh , hiya deweke iku wong wong kang duweni bagian suwarga, dheweke padha Langgeng ana ing suwarga kana.

Bani Isroil nyulayani janjine marang Alloh

83. Lan ( elinga ) nailka Ingsun mundhut janji saking Bani Isroil , ( hiya iku ) : “ sira kabeh aja padha nyebah sak liyane Alloh, lan sira kabeh pdha beciki wong tuwa lara, para sanak famili , bocah-bocah yatim, lan wong-wong miskin, sarta sira kabeh padha guneman kang bagus marang manungsa , padha nglakanana sholat lan padha bayara zakat . Nuli sira kabeh ora padha nuhani janji mau ,kejaba sithik saking sira kabeh ,lan sira kabeh tansah padha mengo.

84. Lan ( elinga ) nalika Ingsubn mundhut janjisaking sira kabeh ( hiya iku) : sira kabeh otra padha ngutahake getih ira kabeh ( mateni uwong) lan sira kabeh ora padha ngusir kanca ira ( sedulur ira sak bangsa ) saking negara ira nili sira padha ikrar ( bakal nuhani ) lan sira padha nekseni “.

85.Nuli sira kabeh (Bani Isrioil ) padha mateni awakira ( sedulur ira sak bangsa ) lan ngusir segolongan saking sira saking negarane , sira kabeh padha Bantu biyantu nglakoni maksiyat lan nganiaya bangsa sira dhewe . Nanging yen dheweke padha teka marang sira kabeh minangka tawana , sira kabeh padha nebus dheweke ,  kang mangka ngusir dheweke iiku ( uga ) dilarang tumrap ira kabeh. Apa sira padha iman marang sak denganh Al Kitab ( Taurat)  Nanging ngufuri sak dengah kang weneh ? ara ana walese tumrape kang tumindak kaya mangkana saking sira kabeh kejaba ina  uripe ana dunya lan besok ana ing dina qiyamat bakal dibalekke marang siksa kang banget larane . Alloh ora bakal  lali kelakuwan  kang padha sira lakoni *) ( ayat iki gegayutane marang wong –wong Yahudi ing Madinah aana ing kawitane hijroh. Yahudi Bani Quraidhah manunggal dadi siji karo suku Aus  , sedheng Yahudi sangka Bani Nadzir manunggal dadi siji kara wong-wong Khajraj . Antarane suku Aus lan suku Khojraj sak durunge katekan Agama Islam  terus padha memungsuhan la padha peperangan kang nyebabake Bani Quraidhah biyantu Aus lan Bani Nadzir biyantu wong –wong Khojraj , Nganti antarane karo-karone suku Yahudi kuwi uga kedadeyan perang lan padha tawan-tinawanan,  amarga biyantu marang sekuthune. Ananging nalikane ana wong-wong Yahudi kang ditawan karo-karone suku Yahudi mau padha sarujuk arep padha nebus sanajan dheweke asale padha perang-perangan.)

86.Hiya iku wong-wong kang padha tuku panguripan donya kalawan ( penguripan ) akhirat  mangka ora bakal dientengake siksane dheweke lan dheweke ora bakal ditulungi.

Solahe wong Yahudi marang para Rosul lan Kitab-kitab kang diudhunake  dening Alloh

87.Lan satuhune Ingsun wis nekake Al Kitab ( Taurat) marang Musa , lan sak wise Musa Ingsun susuli Rasul-rosul lioya lan Ingsun wis maringi bukti-bukti kebenaran ( Mu’jiyat ) marang Isa putrane Maryam  lan Isa Ingsun kuwatane kalawan Ruhul Qudus.*) ( maksude  kedadeyane Nabi Isa AS Pancen Kedaden Kang Aneh, Tanpa Bapa , Hiyaiku Kanthi Sebulane Ruhul Qudus dening Jibril marang Maryam . Iki kalebu Mujiyat Nabi ISA AS menurut pendapate jumhur ahli tafsir : Yen Ruhul Qudus hiya iku malaikat Jibril .) Apa saben sben teka maarang sira kabeh sawijining rasul nggawa dhawuh kang ora nyocoki kekarepan ira kabeh banjur  sira kabeh padha gumedhe nuli sadengah ( saking rosul ) sira gorohake lan sak dengah ( kang liya ) sira pateni ?.

88.lan  dheweke padha muni : “ Atiku kabeh padha buntu .” Nanging  sak benere Alloh wis nglaknat marang dheweke karana anggone padha kufur , mangka sithik banget dheweke kang padha iman.

89.Lan sak wise teka marang  dheweke Al Qur’an  saking ngersane Alloh kang benerake  aapa kang ana ing sandhinge dheweke *)( maksude kerawuhane Nabi Muhammad  SAW  , kang diterangake aana ing Kitab Taurat kang ana ing kono diterangake sifat-sifate uga )     kang mangka sak durunge iku dheweke padha nyuwun ( rawuhe Nabi ) supaya oleh kemenangan ngalahake  wong kafir , mangka sak wise teka maarang dheweke apa kang  wis padha dheweke ngertini  , dheweke padha ngufuri . Mangka  laknate Alloh tetep marang wong-wong kang padha kuffur .

90.Alloh banget ( kelakuwane ) dheweke kang padha ngedol awake dhewe kelawan kekufuran marang apa kang wis  diudhunake  dening Alloh , kerana drengki yen Alloh udhunake kanugrahane *)( maksude  : Alloh ngudhunake wahyu ( kenabian ) marang Muhammad SAW .)   Maarang Spa Wahe Kang Dikersakake  Saking Kawula – Kawulane. Kerana   iku dheweke padha oleh bendhu kang tumpa –tumpa  *) ( maksude  ; dheweke entuk bendhu kang tumpa –tumpa hiya iku bendhu aamarga ora padha gelem iman marang Muhammad SAW  , lan bendhu kang disebabake  lelakone dheweke nalika dhisik hiya padha mateni nabi , nggorohake , nguwahi isine Kitab Taurat lan sak panunggalane .)   Lan tumrape wong-wong kafir siksa kang ina.

91.Lan lamun didhawuhake maarang dheweke : “ padha imana sira kabeh marang AlQur’an kang diudhunake dening Alloh.” dheweke padha ngucap : “ kita naming imanmarang apa kang diudhunake marang kita : “ dheweke padha ngufuri Al Qur’an kang diudhunake sakwise Tauraty , kang mangka Al Qur’an iku (Kitab ) kang haq,  kang mbenerake marang apa kang ana ing sandhinge dheweke . Dhawuha : Kena aapa sira kabeh kok padha mateni nabi-nabiune Alloh, yen sira kabeh nyata wong-wong kang padha iman?”

Panyembahan kang dilakoni bangsa Yahudi marang anak sapi, minangka tandha dheweke condhong marang barang ( materi )

92.Saatuhune Musa wus teka marang sira kabeh  kanthi nggawa bukti-bukti kebeneran ( Mu’jiyat) , nuli sira kabeh padhja ndadekake pedhet ( minangka dadi sesembahan ira ) sakwise ( budhale ) Musa *) ( maksude : tindake Nabi Musa AS  ana ing gunung Tur kang dumunung ana ing Sinai sak wuse kaparingan Mu’jiyat – mu’jiyat)   , Lan sak benere sira kabeh iku wong-wong kang padha dholim .

93.Lan ( elinga ) nalika Ingsssun mundhut janji saking sira kabeh , lan Ingsun ngangkat gunung ( Tursina ) ana ing dhuwur ira kabeh ( kanthi Ingsun dhawuh ) : Cekelana kanthi kuwat aapa kang wis Ingsun paringake marang sira kabeh lan padha  ngrungu sira kabeh :” dheweke banjur padha matur : “ kita sami miring nanging kita sami mbangkang “ > Lan wis dicampurake ana ing njero atine dheweke iku ( rasa demen nyembah) pedhet karana kekufuraaane, Dhawuha : Ala banget *)( lelakon aaaala kang padha dilakoni hiyaiku padha nyembah marang pedhet , maateni para nabi lan nulayani janji)   kelakuane kang diprentahake dening iman ira marang sira kabeh yen bener-bener sira padha iman ( marang taurat).”

94. Dhawuha ; Yen sira padha ( nganggep yen ) kanmpung akhirat ( suwarga ) iku khusus kanggo   siara kabeh ana ing ngarsane Alloh, ora kanggo wong liya, mangka padha ngarep-ngarepa pati ira *)( makssude padha nyuwuna supaya sira diparingi mati sak iki uga )   yen sira kabeh padha nyata bener.”

95.Lan dheweke ora padha gelem aarep –arep pati slawase , amaarga kesalahan-kesalahan kang wis dilakoni dening tangane ( dhewe ) lan Alloh iku Maha nguidaneni marang wong-wong kang padha dholim.

96.Lan temen sira bakal nemoni dheweke, manungsa kang paling srakah marang panguripane ( ing donyo) , malah ( luwih srakah ) kaatimbnag wong-wong musyrik. Siji-sijine dheweke kepingin supaya diparingi umur sewu tahun , kang mangka umur dawa iku ora bisa ngedohake dheweke saking siksa. Alloh iku Maha Pirsa apa kang padha dhewewke lakoni.

Nyatroni Jibril padha karo nyatroni A;lloh kang ngutus maarang deweke ( Jibril).

97.Dhawuha : Sing sapa wonge dadi saaterune Jibril, mangka setuhune Jibril iku wis ngudhunake Al Qur’a ana ing ati ira kanthi izine Allohj; mbenerake apa ( Kitab-kitab) kang sakdurunghe AlQur’an lan dadi pituduh sarta dadi bebungah tumrapig wong-wong mikmin

98.Sing spa wonge dadi satrune Alloh, Malaikat-malaikate Alloh, rasul-rasule Alloh, Jibril lan Mikail , mangka setuhune Alloh iku saterune wong-wong kafir.

99.Lan yekti Ingsun wis  ngudhunake  marang sira ayat-ayat kang pertela, lan ora ana kang kufur marang ayat-ayat mau kejaba wong-wong kang padha fasik.

100.Apa pantes dheweke padha kufur marang ayat-ayate Alloh ) lan samangsane dheweke padha gawe janji , segolongan saking dheweke padha  mbuwang janji mau ? malah akeh-akehe dheweke iku ora padha iman .

101. Lan sakwise teka marang dheweke suwijine Rasul saking ngarsane Alloh kang mbenerake apa (kitab)  kang ana ing sandhinge dheweke , sak dhengah  saking wong-wong kang diparingi Kitab ( Taurat) padha mbuwang kitabe Alloh ana ing mburine ( gegere) kaya-kaya dheweke ora ngerti ( Yen Kitab Iku Kitabe Alloh) .

Pandakwane wong Yahudi marang Nabi Sulaiman AS.

102.Lan dheweke iku padha nutupi apa *)( maksude buku-buku sihir )  kang diucapake dening setan-setan *) ( kang dikarepake syetan-syetan ing kene hiya iku  wong-wong jahat) ana ing mangsa kratone Nabi Sulaiman ( lan dheweke padha ngandhakake yen Nabi Sulaiman iku nindakake sihir )  kang mangka Nabi Sulaiman ora kufur ( ora nindakake sihir). Dheweke padha mulangake ilmu sihir marang para manungsa lan apa kang diturunake marang malaikat loro *)( para ahli tafsir padha bedha panemu maslah malaikat loro kuwi , Ana kang kagungan penemune , karo-karone bener-benr malaikat lan uga kang kagungan panemu hiya iku wong saleh kang kaya malaiat , lan ana maneh kang kagungan panemu hiya iku wong jahat loro kang ethok-ethok saleh kaya malaikat.)   ana ing negara  Babil, yoiku Harut lan Marut , lan Malaikat loro mau  ora mulang marang swijine wong, hingga ngendika : “ satuhune ingsun iki naming  dadio coba ( tumrap sira kabeh 0 mula sira aja padha kufur”. Nanging dheweke meksa padfha sinahu saking malaikat loro mau apa kang kelawan sihir iku, dheweke bisa misahake antarane sijine wong ( bojo lanang) karo bojo wadhone *)( akeh banget wernane sihir kang dilakoni dening wong Yahudi , nganti tumeka sihir kang kanggo ngocar-ngacir masyarakat , kaya ngocar-ngacirirake wong kang jejodhohan.)  Lan dheweke iku ( ahli sihir ) ora bisa nggawe madhorat kelawan sihire  marang sapa wahe , kajaba kelawan izine Alloh. Lan dheweke padha  nyinahu perkara kang madhoroti awake  lan ora manfa’ati awake. Saktemene dheweke wis padha ngerti yen sing sapa wonge ngijolake  kitabe Alloh kalawan sihir iku , ora ana tumrap dheweke ganjaran ing akhirat , lan ala banget anggone padha ngedol awake kelawan sihir , yen dheweke padha ngerti .

103.Satuhune lamun dheweke padha gelem iman lan taqwa  ,temtu dheweke baakal oleh ganjaran , lan setuhune ganjaran saking ngarsane Alloh iku luwih bagus yen dheweke padha ngerti.

Ora sopane wong –wong Yahudi marang Nabi lan Sahabat- sahabate ..

104. He wong-wong kang padha iman, sira aja padha matur ( marang Muhammad ) ‘ Raa’inaa” , nanging padha matura : “ Undzurnaa. “ lan padha ngrunguwa sira kabeh . Lan tumrap wong-wong kafir siksa  kang banget larane .*)( Raa’inaa : muga Panjenengan Kersa Merhatosaken Dumathng Kita , Nalika para sahabat ngaturake ucapan iki marang Rasululloh , wong –wong Yahudi uga nggunakake ucapan iki kanthi gremengan ( alon-alon ) kaaya –kaya lagi ngucapake R aa’inaa ,  padahal kang padha diucapake kuwi Ru’unah kang artine bodho banget , minangka ngina marang Rasululloh, amarga kuwi Alloh dhawuhake supaya para shahabat nganti ucapan “ Raa’inaa “  kanthi ucapan Unzurnaa” kang artine padha kara “ Raa’inaa” )

105.Wong-wong kafir saking ahli Kitab lan wong-wong mussyrik iku ora padha seneng yen aana suwijine kebagusan diparingake marang sira kabeh saking Pangeran ira kabeh. Lan Alloh nemtokake sapa-sapa kang dikersakake ( diparingi )) rahmate ( kenabian) ; lan Alloh kagungan kanugrahan kang Agung.

Nasakhake ayat iku urusane Alloh.

106.Ayat aapa wahe *)( para ahli tafsir padha beda  penemune maslah artine “ aayat” ana kang maringi arti “ ayat Al Qur’an “ lan ana uga kang maringi arti mu’jizat.”)    kang Ingsun nasakhake , utawa Ingsun dadekake ( manungsa) lali marang ayat mau, Ingsun nekakake kang luwih bagus katimbang aayat mau utawa kang sapadhane . Apa sira ora ngerti yen Aloh iku  Maha Kuwasa marang sakabehe perkara ?

107.Apa sira ora ngerti yen satuhune kraton langit lan bumi iku kagungane Alloh ? Lan sira kabeh ora duwe pangayom lan kang nulungi sak lioyane Alloh.

108.Apa sira ora padha duwe karep nyuwun marang Rasul ira kaya olehe Bani Israil nyuwun marang Musa ana ing zaman biyen ? S ing sapa wonge nganti imane kelawan kekufuran , mangka temen wong iku wis kesasdar saking dalan kang jejeg.

109.Sebagiyan akeh saking ahli Kitab  kepengin supaya dheweke bisa mbalekake sira kabeh marang kekafiran sakwise sira kabeh padha iman, karana drengki kang ( laahir) saking awake dheweke , sakwise jelas tumrape dheweke kebeneran . Mula padha ngapuranen lan umbarna dheweke nganti Alloh nekakake printahe *)(   maksude : ijin merangi lan ngusir wong Yahudi.)   Satuhune Alloh iku MAHA Kuwasa marang sakabehe perkara.
110.Lan padha jumenengna sholat lan padha mbayara zakat . Lan kebagusan apa wahe kang sira amalake kanggo awak ira , iku mesthi bakal padha sira temu ganjarane ana ing ngarsane Alloh . Setuhune alloh iku pirsa samubarang kang padha sira lakoni.


111.Lan dheweke ( wong-wong Yahudi lan Nashroni ) padha guneman ; Ora bakal mlebu suwarga kejaba wong-wong ( kang nganut agama  Yahudi lan Nashroni. Kang kaya mangkana iku ( naming) angen-angene dheweke kang kosong . Dhawuha : Coba tekakna bukti kebeneran ira kabeh yen sira kabeh iku wong wong kang  padha bener.”

112.( Ora kaya mangkana) nanging sing sapa wonge  kang masrahake jiwa ragane marang Alloh, lan dheweke tumindak becik , mangka tumrap dheweke ganjaran ana ing  ngarsane Pangeran  lan ora ana kekuwatiran tumrap dheweke lan (uga) dheweke ora padha susah.

113.Lan wong-wong Yahudi padha guneman : wong-wong Nasroni ora bener agamane wong-wong Nasroni uga padha guneman :” wong-wong Yahudi iku ora bener agamane.” kang mangka dheweke ( padha-padha)  maca Al Kitab mengkana uga wong-wong kang padha ora ngerti, padha guneman kaya gunemane  wong-wong mahu , mangka Alloh dhewe kang bakal paring putusan mbesuk ana ing dina kiyamat, ana ing perkara sulayane wong-wong mahu.

Lakon Lakon  kang ngalang-alangi wong kang ibadah.

114.Lan spa toh kang luwih nganiaya katimbang , wong-wong kang padha ngalang-ngalangi nyebut asmane Alloh ana ing mesjid-mesjid Alloh. Lan uwong-wong kang tansah usaha ngrubuhake mesjid mesjide Alloh? Dheweke iku ora pantes mlebu marang njerone ( mesjide Alloh) , kejaba kalawan rasa wedi ( marang Alloh) dheweke ing donya oleh ina lan ing akherat nampa siksha kang banget larane.

115.Lan kagungane Alloh dhewe wetan lan kulan , mangka marang endhi wahe sira madhep , hiyaiku wajah Aloh *)( ana ing kono Dzate Alloh , maksude : kekuwasaane Alloh iku ngliputi skabehing alam mula sangka kuwi ana ing ngendhi wahe manungsa manggon , Alloh mirsani aapa wahe kang dilakoni, amarga dheweke terus-terusan madhep marang Alloh .)   Satuhune Alloh iku Maha Jembar ( rahmate ) tur Maha Ngudaneni.

116.Dheweke ( wong-wong kafir ) padha ngucap: “ Alloh kagungan Putra >” Maha suci Alloh , malah apa wahe kang ana ing langit lan ing bumi iku kagungane Alloh ; kabeh padha tundhuk marang Alloh.

117.Alloh iku Dzat kang nitahake langit lan bumi , lan yen Alloh kagungan kersa ( nitahake ) siji perkara , mangka Alloh ( cukup ) dhawuh : Wujuda , perkara mau banjur wujud .

118.Lan wong-wong kang padha ora mangerti padha guneman : Kenaapa Alloh ora paring dhawuh ( langsung) marang kita kabeh , utawa  teka tandha-tandha kekuwasaane Alloh marang kita ? “ Kaya mangkana uga wong-wong kang sadurunge dheweke wis tahu guneman kaya gunemane dheweke mahu; atine dheweke kabeh iku padha . Saatuhune Ingsun wis nerangake tandha-tandha kekuwasaan Ingsun marang kaum kang padha yakin .

Waleran melu Yahudi lan Nasroni.

119.Satuhune Ingsun wus ngutus ( Muhammad ) kanthi ( nggawa pituduh kang ) bener , minangka kang nggawa kabar kang nyenengake lan kabar kang medhen-medheni lan sira ora bakal ditutuh ngenani wong-wong kang mlebu neraka.

120.Wong-wong Yahudi lan Nasroni ora bakal seneng marang sira yen sira during anut agamane dheweke . Dhawuha ; ‘ satuhune pituduhe Alloh hiya iku pituduh ( kang bener) “ Lan yensira iku anut marang marang apa kang dadi kekarepane dheweke , sak wise sira nampa ilmu, mesthi  sira ora bakal duwe pangayom lan pitulung tumerap sira saking ( siksane  Alloh.

121.Wong-wong kang wis Ingsun Paringi Al Kitab , nuli dheweke gelem maca Al Kitab mau miturut mesthine *)(  maksude ora ngowahi lan na’wilake Al Kitab kanthi sak kepenake dhewe.)  dheweke iku bener –bener  iman marang Kitab Ingsun Lan sing sapa wonge ngufuri Kitab Ingsun , mangka dheweke iku wong-wong kang padha kapitunan.

122.He Bani Isroil , padha elinga marang nikmat Ingsun kang wis  Ingsun paringake marang siara kabeh , lan Ingsun  wis ngutamakake sira kabeh ngungkuli sakabehe umat.*)( maksude : umat kang sak mangsa karo Bani Isroil.)

123.Lan padha wediya sira kabeh marang sawijine dina kang ing wektu iku ora ana awak kang bisa ngganteni *)(maksude : dosa lan ganjaran sawijining wong ora bisa dipindahake marag wong liya.)  marang awake liyane sethithia , lan ora ana syafaat kang maafa’ati marang awak , kabeh wahe ora ana kang tinulungan.

Janjian karo Nabi Ibrahim AS .

124.Lan ( elinga ) nalika Ibrahim diuji *)( Ujiane Nabi Ibrahim A.S.   ing antarane : mbangun kabah, ngresikake ka’bah sangka kemusyrikan , ngorbanake putrane Ism’il , ngadhepi raja Namrudz lan liya –liyane.)  dening Pangerane  kalawan pirang –pirang kalimah ( perinta lan waleran) , nuli Ibrahim nindakake kalimah-kalimah mau kanthi sampurna. Alloh Dhawuh:” Satuhune Ingsun bakal ndadekake sira dadi imam tumraping kabeh manungsa.” Ibrahim matur : “ ( lan kawula ugi nyuwun) sadhengah saking anak turun kawula *)( Alloh wus ngabulake dongane Nabi Ibrohim AS  . amarga akeh banget para rasul kuwi sanga anak turune Nabi Ibrahim AS.)  . Alloh dhawuh : “ Janji Ingsun ( iki ora bisa ngenani wong-wong kang padha dholim.”

125.Lan ( elinga) nalika Ingsun ndadekake omah iku ( Baitulloh) dadi panggonan  kumpul tumrap manungsa lan panggonan kang aman. Lan gunakna sadhengah saking maqom Ibrahim *)(hiyaiku panggonan kanggo jumenenge Nabi Ibrahim AS . nalika mbangun kabah)  panggonan sholat . Lan wis Ingsun printahake marang Ibrahim lan Isma’il : “ Sira padha ngresikana  omah Ingsun kanggo wong-wong kang padha thowaf , padha I’tikaf, padha rukuk lan padha Sujud .”

126.Lan ( elinga) , nailak Ibrahim ngonga : Dhuh Pangera kula , mugi Panjenejngan ndadosaken negari punika , negari ingkang aman sentosa, lan mugi Panjenengan  paring rizqi saking warni-warninipun who-wohan dhateng pendhudhukipun ingkang purun iman dateng Alloh  lan dinten Akihir. Alloh Dhawuh: Lan wong-wong kafir uga Ingsun paringi kebungahan sethithik , nanging akhire bakal Ingsun peksa marang siksa neraka lan hiyaiku panggonan  kang banget alane.

127.Lan ( elinga ) nalika Ibrahim dhuwurake ( mbangun )  pandhemen-pandhemene   Baitulloh karo Ismail  ( nalika iku dheweke padha donga ): dhuh Pangeran kawula  , Panjenegan mugi kersa nampi saking kula ( amal kula ) , sak estu Pnjenengan punika Maha Midhanghet tur Maha Ngudaneni.

128.Dhuh Pangeran kula, mugi  Panjenengan kersa ndadosaken kula kekalih dados tiyang ingkang tundhuk  nurut dhateng Panjenengan , lan ( mugi Panjenengan  kersa ndadosaken ) saperangan saking turunan  kula , umat ingkang sami tundhuk datheng kula cara-cara saha panggenan-panggenan ibadah haji kula , lan mugi Panjenengan kersa nampi tobat kula . Sayektosipun Panjenengan punika ingkang maha Nampi tobat saha Maha Asih.

129.Dhuh Pangeran kula , mugi Panjenenngan ngutus satunggalipun Rasul saking golongan turunan kula , ingkang maosaken dhawuh-dhawuh Panjenengan lan mucalaken datheng para turunan kula lan nyucekaken para turunan kula , Saestu Panjenengan punika Maha Prakosa tur Maha Wicaksana .

Agami Nabi Ibrahim A.S.

130.Ora ana wong kang gething marang agamane Ibrahim kejaba wong kang ora ngerti marang  awake dhewe , lan temen Ingsun wis milih Ibrahim *)( ing antarane dadi : imam ,rosul, akeh banget anak turune kang dadi nabi lan diparingi pangkat Khililulloh .)  ana ing dunyo iki lan satuhune  dheweke besuk ing akhirat yekti kalebu golongane  wong-wong kang sholeh-sholeh.

131.Nalika Pangeran dhawuh marang dheweeke : Sira thundhuka ta’ata ! ‘ “ Ibrahim nuli matur : “ Kula tundhuk  ta’at datheng Pangeraning jagad sedaya.”

 132.Lan Ibrahim wis washiyat marang putra putrane supaya netepi agama Islam, semana uga yaqub .( Ibrahim dhawuh): He Anak-Anakku , Satuhune Alloh wis milih agama iki kanggo sira kabeh, mulane sira aja padha mati , kejaba ing netepi agama Islam.

133.Apa sira kabeh padha melu teka nalike Ya’qub katekanan  ( tandha –tandha) pati , nalika dheweke ndangu putra –putrane : “ apa kang padha sira sembah sak wise aku mati / “, Putra –putrane mangsuli “ kula sedaya tetep nyembah Pangeran Panjenengan lan Pangeranipun leluhur Panjenengan . Ibrahim, Isma’il lan Ishaq,( inggih punika ) Pangeran ingkang Sawiji ngijeni lan  kula sedaya naming tundhuk ta’at dhateng Alloh.”

134.Iku sawijining umat kang wus keliwat, tumrap dheweke apa kang wis padha diusulake lan tumrap sira apa kang wis padha sira usahake, lan sira kabeh ora bakal dijaluki pertanggung jawab gandheng karo apa kang padha dheweke lakoni.

 135.Lan dheweke padha ngucap : sira kabeh padha mlebuwa agama Yahudi utawa agama nasroni , mesti sira padha oleh pituduh .” Dhawuha : “ balik (kita tetep midherek ) agamane Ibrahim kang jejeg. Lan dheweke ( Ibrahim ) iku ora klebu golongane wong-wong Musyrik.

 136.Padha ngucapa ( He wong-wong mukmin ) : “ Kita kabh tetep iman marang Alloh lan aaaapa kang diudhunake  marang Ibrahim, Ismail , Ishaq, Yaq’qub lan para putra –putrane , lan apa kang diparingake  marang nabi-nabi aking Pangerane . Kita ora mbedak –mbedakake antarane siji-sijine nabi lan kita naming tundhuk ta’at marang Alloh.”  
137.Mangka yen dheweke padha iman marang apa kang sira imanake , temen dheweeke  wis oleh pituduh, dene kang dheweke tetep padha mengo,etuhune dheweke ana ing sakjerone sesatrn ( kalawan sira saking dheweke . Lan hiya Alloh Kang  Maha Midhanget tur Maha Ngudaneni.

138.Sibghoh Alloh *)( sibgoh artine celupan.Sibgoh Alloh : celupane Alloh kang artine iman marang Alloh kang ora dibarengi kemusyrikaan.)    lan apa toh kang luih bagus  sibgohe katimbang Alloh? Lan naming marang Alloh kita padha nyembah.

139.Dhawuha : Apa sira padha madoni Ingsun babagan Alloh. Kang mangka Alloh iku Pangeran Ingsun lan Pangeran ira kaabeh; tumrap Ingsun amal  ingsun la  tumrap sira amal ira, lan naming marang Alloh kita padha murnekake Ibadah kita.

140.Utawa apa toh sira ( he wong-wong Yahudi lan Nasroni) padha ngucap yen Ibrahim , Isma’il, Ishaq, Ya’qub lan putra –putrane iku netepi agama Yaahudi utawa Agama Nasroni ? Dhawuha : Apa sira kang luwih pirsa utawa Alloh , lan sapa kang luwih Dholim katimbang wong kang ngumpetake syahadah saking Alloh *)( syahadah sangka Alloh hiya iku peseksene Alloh kang disebutake ana ing Kitab Taurat lan injil menawa Ibrahim AS. Lan anak keturunane ora melu agama Yahudi utawa Nasroni lan saktemene Alloh bakal ngutus marang Muhammad SAW.)   kang ana ing sandhinge dheweke ?” lan Alloh ora bakal lali aapa kang padha sira lakoni.

141.Iku suwijine umat kang wis keliwat; tumrap dheweke apa kang wis padha sira usahakake , lan sira kabeh ora bakal dijaluki tanggung jawab gandheng karo apa kang padha dheweke lakoni.











Tidak ada komentar:

Posting Komentar