Jumat, 16 September 2011

arti jowo q.s. al baqoroh juz 2

ARTI JOWO Q.S. AL BAQOROH JUZ 2
ayat :142.Wong-wong kang kurang akale  ( hiyo iku wong kang kurang pikirane  nganti ora bisa mahami maksud dipindahake kiblat ) bakal padha guneman : " apa sebabe wong Islam  padha ngalioh saking kiblat ( Baitul Maqdis ) kang wis ditindakake wingi-wingine ? " dhawuha : Arah wetan lan arah kulon iku kagungane Alloh; Alloh paring pituduh marang wong kang dikersakake marang dalan kang lempeng ( maksude Nalika nabi Muhammad SAW . ana ing Mekkah ana ing kalangane uwong-uwong Musyrik, Panjenengane nganggo kiblat Baitul Maqdis . Ananging sak wuse mongsa 16 utawa 17 wulan nalika Panjenengane  ana ing Madinah   ana ing kalangane wong Yahudi lan Nasroni, Panjenengane diutus suipaya ndadekake Ka'bah  minangka kiblat, kang luwih penting maneh kanggo maringi pengertian yen sholat madhep Baitul Maqdis utawa Ka'bah kuwi ora sawijining tujuwan pokoke , ananging kang dadi tujuwan pokok kuwi madhep marang Pangeran . Kanggo nyawijikake wong-wong Islam , Alloh nuli ndadekake Ka'bah miknangka kiblate ).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar