Senin, 11 April 2011

Al Baqoroh ( arti jowo : 1-20 ) oleh pardiro as slemani

بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَٰنِ الرَّحِيمِ
Bismillaahir rohmaanir rohiimi
Nama Surat: Al-Baqarah
Ayat: 2
Jumlah Ayat: 286
Turun: Madaniah
Juz: 1, 2, 3
Urutan wahyu: 87
SUROH ALBAQOROH
Suroh Al Baqoroh (sapi wadon)
Suroh kaping 2 : 286
Kagolong suroh madaniyah,
kajaba ayat 281 turun ono ing Mina(Mekkah) nalika Haji Wada’(haji pepisahan)
lan akehe kata lafadz 6121 lafadz/kalimat ,lan okehe huruf 25500 huruf.
kalebu surat kaping pisan turun ing Madinah. *) (Muqodimaah Tafsir Ibnu Katsir )
Suroh Al Baqoroh iki kalebu surat Al Qur’an kang dawa dhewe.
Lan Surat Al Qur’an kang paling cendak yaiku Suroh Al Kausar.
Lan ayat kang paling dawa dhewe yoiku ayat kang mbahas soal utang piutang( dain) : (QS.AlBaqoroh : 282)*) ( Muqodimah Tafsir Al Maroghi )

الم (١)
1.Alif Laam Miim
1.ora ana kang pirsha tegese kajobo Alloh Ta’ala dhewe
ذَلِكَ الْكِتَابُ لا رَيْبَ فِيهِ هُدًى لِلْمُتَّقِينَ (٢)
2.Dzaalikal kitaabu laa roiba fiihi hudzal lil muttaqiin
2.Kitab AlQur’an iku Ora ono keraguane Minongko pituduh tumrape wong wong kang podho yaqiin.
الَّذِينَ يُؤْمِنُونَ بِالْغَيْبِ وَيُقِيمُونَ الصَّلاةَ وَمِمَّا رَزَقْنَاهُمْ يُنْفِقُونَ (٣)
3.Alladziina yu’minuuna bilghoibi wayuqiimuunash sholata wamimma razaqnaahum yunfiquuna
3.( Yoiku) wong wong kang padha iman marang kahanan kang ghoib lan padha nglakoni sholat lan padha gelem nginfaqkake sak dhengah saking rizki , kang Ingsun paringake marang dheweke.
وَالَّذِينَ يُؤْمِنُونَ بِمَا أُنزِلَ إِلَيْكَ وَمَا أُنزِلَ مِن قَبْلِكَ وَبِالْآخِرَةِ هُمْ يُوقِنُونَ ﴿٤
4.Walladiina yu’minuuna bimaa unzila ilaika wamaa unzila min qoblika wabil akhiratihum Yuuqiinuuna.

4.Lan uwong uwong kang padha percaya marang kitab(AlQur’an) kang diudhunake marangSira (Muhammad) lan kitab kitab kang diudhunake sak durungira , sarta padha percayaMarang anane dina akhirat .
أُولَئِكَ عَلَى هُدًى مِنْ رَبِّهِمْ وَأُولَئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ (٥)
5.ulaa-ika 'alaa hudan min robbihim waulaa-ika humulmuflihuun
5.Hiyo uwong-uwong kang mangkono mou (wong) kang oleh pituduh saking Pengerane, lan hiyo wong-wong kang mengkono iku wong kang beja-beja kabeh.

Golongan Kafir ( ayat : 6-7 )
إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا سَوَاءٌ عَلَيْهِمْ ءَأَنْذَرْتَهُمْ أَمْ لَمْ تُنْذِرْهُمْ لا يُؤْمِنُونَ (٦)
6.innalladziina kafaruu sawaaun 'alayhim a-andzartahum am lam tundzirhum laa yu/minuun.
[2:6] Saktemene uwong-uwong kang pada kafir, padha uga sira widen-wedeni utawa ora sira widen-wedeni, dheweke iku ora gelem padha iman
خَتَمَ اللَّهُ عَلَىٰ قُلُوبِهِمْ وَعَلَىٰ سَمْعِهِمْ ۖ وَعَلَىٰ أَبْصَارِهِمْ غِشَاوَةٌ ۖ وَلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيمٌ ﴿٧

7.khatamallaahu 'alaa quluubihim wa'alaa sam'ihim wa'alaa abshaarihim ghisyaawatun walahum 'adzaabun 'azhiim
[2:7] Alloh wus matri (nutup) atine wong-wong kafir mau lan (nutup) kupinge wong-wong kafir . Lan nutup matane wong-wong kafir. Lan wong-wong kafir mau bakal oleh siksa kang gedhe banget.

Golongan Munafiq ( ayat : 8-20 )
وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَقُولُ آمَنَّا بِاللَّهِ وَبِالْيَوْمِ الآخِرِ وَمَا هُمْ بِمُؤْمِنِينَ (٨)
8.wamina nnaasi man yaquulu aamannaabillahi wabil yaumilaakhiri wamahum bimu'miniin
[2:8] Sak dengah sangking manungsa iku ana kang ngucap : “ Kita iki wis iman marang Alloh lan dina akhir , nanging sak temene dheweke iku ora padha iman.
يُخَادِعُونَ اللَّهَ وَالَّذِينَ آمَنُوا وَمَا يَخْدَعُونَ إِلا أَنْفُسَهُمْ وَمَا يَشْعُرُونَ (٩)
9.yukhaadi'uunallaaha walladziina aamanuu wamaa yakhda'uuna illaa anfusahum wamaa yasy'uruun
9.Wong-wong munafiq iku arep nipu Alloh lan wong-wong mukmin,nanging saktemene kang mengkono iku dheweke namung nipu awake dhewe, mung dheweke ora padha rumangsa.
فِي قُلُوبِهِم مَّرَضٌ فَزَادَهُمُ اللَّهُ مَرَضًا ۖ وَلَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ بِمَا كَانُوا يَكْذِبُونَ ﴿١٠

10.fii quluubihim maradhun fazaadahumullaahu maradhan walahum 'adzaabun liimun bimaa kaanuu yakdzibuun
10.Ing atine wong-wong munafiq ana penyakite , nuli dheweke ditambahi penyakit dening Alloh, lan dheweke bakal oleh siksa kang banget larane, sebab anggone padha goroh.
وَإِذَا قِيلَ لَهُمْ لا تُفْسِدُوا فِي الأرْضِ قَالُوا إِنَّمَا نَحْنُ مُصْلِحُونَ (١١)
11.wa-idzaa qiila lahum laa tufsiduu fii l-ardhi qaaluu innamaa nahnu mushlihuun

11.Lan nalikane wong-wong munafiq dikandani : “ siro kabeh aja padha gawe kerusakan ing bumi .Dheweke padha njawab : “ sejatine kita iki padha gawe becik”.
أَلا إِنَّهُمْ هُمُ الْمُفْسِدُونَ وَلَكِنْ لا يَشْعُرُونَ (١٢)
12.alaa innahum humu lmufsiduuna walaakin laa yasy'uruun

2:12.Elinga,Saktemene wong-wong munafiq iku pada gawe kerusakan, mung wahe dheweke ora padha rumangsa
وَإِذَا قِيلَ لَهُمْ آمِنُوا كَمَا آمَنَ النَّاسُ قَالُوا أَنُؤْمِنُ كَمَا آمَنَ السُّفَهَاءُ ۗ أَلَا إِنَّهُمْ هُمُ السُّفَهَاءُ وَلَٰكِن لَّا يَعْلَمُونَ ﴿١٣﴾

13.wa-idzaa qiila lahum aaminuu kamaa aamana nnaasu qaaluu anu/minu kamaa aamana ssufahaau laa innahum humu ssufahaau walaakin laa ya'lamuun
2:13.Lan nalika wong-wong munafiq dikaandhani : ‘padha imano sira kabeh kaya olehe wong-wong liya wis padha iman “ Dheweke padha muni-muni : “ apa kita dikon iman kaya wong-wong bodho iku? “ Elinga , satemene wong wong munafiq dhewe kang bodho-bodho , mung wahe dhewke ora padha ngerti ( bodhone )
وَإِذَا لَقُوا الَّذِينَ آمَنُوا قَالُوا آمَنَّا وَإِذَا خَلَوْا إِلَى شَيَاطِينِهِمْ قَالُوا إِنَّا مَع
َكُمْ إِنَّمَا نَحْنُ مُسْتَهْزِئُونَ (١٤

14.wa-idzaa laquulladziina aamanuu qaaluu aamannaa wa-idzaa khalaw ilaa syayaathiinihim qaaluu innaa ma'akum innamaa nahnu mustahzi-uun
2:14.Lan Nalika wong-wong munafiq kepethuk wong-wong kang padha iman : dheweke padha kandha-kandha : :kita iki wis padha iman .” laan nalika dheweke wis padha bali kumpul karo syetan syetane . dheweke padha muni : “ Saktemene kita iki tetep tetep (urip) karo sampeyan kabeh, kita iku naming geguyonan.”
اللَّهُ يَسْتَهْزِئُ بِهِمْ وَيَمُدُّهُمْ فِي طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُونَ (١٥)
15.allaahu yastahzi-u bihim wayamudduhum fii thughyaanihim ya'mahuun

2:15. Alloh baaakal bales ngina wong wong munafiq mau lan Alloh bakal ngulur-ngulur ( ngumbar ) dheweke ana ing kelacutan kelawan bingung.
أُولَئِكَ الَّذِينَ اشْتَرَوُا الضَّلالَةَ بِالْهُدَى فَمَا رَبِحَتْ تِجَارَتُهُمْ وَمَا كَانُوا مُهْتَدِينَ (١٦)
16.ulaa-ikalladziina isytarawuu dhdhalaalata bilhudaa famaa rabihat tijaaratuhum wamaa kaanuu muhtadiin

2:16.Wong-wong kang mangkono iku wong-wong kang tuku sasar dituku kaaro pituduh, dadi (umpamane wong dagang ), wong-wong munafiq iku ora bathi dagangane lan dheweke iku ora oleh pituduh.
مَثَلُهُمْ كَمَثَلِ الَّذِي اسْتَوْقَدَ نَارًا فَلَمَّا أَضَاءَتْ مَا حَوْلَهُ ذَهَبَ اللَّهُ بِنُورِهِمْ وَتَرَكَهُمْ فِي ظُلُمَاتٍ لَّا يُبْصِرُونَ ﴿١٧

17.matsaluhum kamatsalilladzii istawqada naaran falammaa adhaa-at maa hawlahu dzahaballaahu binuurihim watarakahum fii zhulumaatin laa yubshiruun

2:17.Sifate wong-wong munafiq iku kaya sifate wong kang ngurubaake geni, bareng wis murub bisa madhangi kiwa tengene , dumadakan diilangake padhange dening Alloh lan dheweke diumbarake dening Alloh aana ing kahanan peteng ndedhet , ora bisa weruh aapa –apa.
صُمٌّ بُكْمٌ عُمْيٌ فَهُمْ لَا يَرْجِعُونَ ﴿١٨
18.shummun bukmun 'umyun fahum laa yarji'uun

2:18.Dheweke iku budheg, bisu lan picek , mulane dheweke padha ora bisa bali ( marang dalan kang bener )
أَوْ كَصَيِّبٍ مِّنَ السَّمَاءِ فِيهِ ظُلُمَاتٌ وَرَعْدٌ وَبَرْقٌ يَجْعَلُونَ أَصَابِعَهُمْ فِي آذَانِهِم مِّنَ الصَّوَاعِقِ حَذَرَ الْمَوْتِ ۚ وَاللَّهُ مُحِيطٌ بِالْكَافِرِينَ ﴿١٩﴾

19.aw kashayyibin mina ssamaa-i fiihi zhulumaatun wara'dun wabarqun yaj'aluuna ashaabi'ahum fii aatsaanihim mina shshawaa'iqi hadzara lmawti walaahu muhiithun bilkaafiriin

2:19.Utawa kaya ( wong wong kang kena ) udan deres saking langit ana ing kahanan peteng ndedhet, akeh bledheg lan kilat pating cleret; dheweke padha nyumpeli kupinge nganggo drijine, karana ( krungu suara ) bledheg ,jalaran padha wedi mati . Lan Alloh ngliputi wong-wong kang padha kapir.

يَكَادُ الْبَرْقُ يَخْطَفُ أَبْصَارَهُمْ ۖ كُلَّمَا أَضَاءَ لَهُم مَّشَوْا فِيهِ وَإِذَا أَظْلَمَ عَلَيْهِمْ قَامُوا ۚ وَلَوْ شَاءَ اللَّهُ لَذَهَبَ بِسَمْعِهِمْ وَأَبْصَارِهِمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ ﴿٢٠

20.yakaadu lbarqu yakhthafu abshaarahum kullamaa adhaa-a lahum masyaw fiihi wa-idzaa azhlama 'alayhim qaamuu walaw syaa-allaahu ladzahaba bisam'ihim wa-abshaarihim innallaaha 'alaa kulli syay-in qadiir
2:20.Meh-meh wae kilat iku nyamber pandhelengane dheweke. Semangsa kilat iku madhangi dheweke , dheweke padha mlaku ana ing ngisore cahya padhang iku, nanging yen nuju peteng ndhedhet, deweke padha mandheg .Upama Alloh ngersakake, temtu Alloh nyirnakake pengrungune lan pendelenge dheweke. Satuhune Alloh Kuwasa marang sakabehe perkara.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar