Selasa, 12 April 2011

khutbah jum'at bag 2 . pardiro as slemany

Pakurmatan,Pangucap lan tata krama
bertamu lan menyambut tamu
bagian 2

الخطبة الأوال
اَلْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أللهم صل وسلم وبارك سيدنا وحبيبنا وشفيعنا محمد وعلى آله وأصحابه أجمعين. أَمَّا بَعْدُ؛
فَيَا عِبَادَ اللهِ، يَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا.
يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.

---»
Ma’ashirol Muslimiin Rohimakumulloh
Puji lan syukur kunjuk dateng Alloh SWT ingkang sampun paring dateng kita kanikmaatan saha barokah lan inayahipun sahingga kita taksih waget ngleksanakaken sholat jumah kanthi jamaah punika.
Sholawat lan salam mugi kunjuk wonten ngarsa dalem Junjungna kiota Nabi Agung Muhammad SAW ,Sumrambah Keluarganipun , Para sahabat tuwin dateng kita sedaya .
Aamiin Allohumma Aamiin, Amma Ba’du

Sinartan lenggah sila, timpuh ugi tumakninah saha musataken pikiran ngonsentrasekaken diri kita mangga sami sami nyaketaken diri kita dateng Alloh SWT , injih ngleksanani dhawuh Pangeran lan nebihi awisanipun syariat Islam sedanten punika ingkang kawastanan “ Haqqo tuqootih “
Kewajiban muslim gegayutan kaliyan “akromul dhuyufinaa ” ( mulyakaken tamu-tamu kita )

Ugi kagem ngimbangi pakurmatan ingkang kita tampi kedah kita bales pakurmatan punika kalawan pakurmatan ingkang langkung sahe utawi langkung bagus kados ingkang dipun tegasaken wonten ing Firmanipun Alloh :
Mangga kita sareng sareng ngonceki panegasanipun Alloh wonten ing firmanipun :
QS. 4 An Nisaa : ayat : 86,
وَإِذَا حُيِّيتُم بِتَحِيَّةٍ فَحَيُّوا بِأَحْسَنَ مِنْهَا أَوْ رُدُّوهَا ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ حَسِيبًا ﴿٨٦﴾


86.Yen sira kinurmatan nganggo sawijining pakurmatan ,mangka walesa pakurmatan kuwi kanthi kang luwih bagus utawa walesa (kanthi kang padha) *) saktemene Alloh tansah ngetung apa wahe

*) ( pakurmatan ingkang wonten ing agami Islam injih menika kanthi ngucapaken “ Assalaamu ‘alaikum “

Alloh ugi negasaken dateng kita umat muslim menawi kadumugen rencang utawi sederek kita perlu kita uluk salam keselametan kados ingkang kategasaken wonten ing Firmanipun :

Q.S. 6 . Al An ‘Am : ayat :54,

وَإِذَا جَاءَكَ الَّذِينَ يُؤْمِنُونَ بِآيَاتِنَا فَقُلْ سَلَامٌ عَلَيْكُمْ ۖ كَتَبَ رَبُّكُمْ عَلَىٰ نَفْسِهِ الرَّحْمَةَ ۖ أَنَّهُ مَنْ عَمِلَ مِنكُمْ سُوءًا بِجَهَالَةٍ ثُمَّ تَابَ مِن بَعْدِهِ وَأَصْلَحَ فَأَنَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ ﴿٥٤﴾


54.Yen wong-wong kang Iman marang ayat-ayat Ingsun padha teka marang sira , mangka dhawuha : Salamun ‘alaikum “ ( Muga –muga Alloh maringi keslametan marang sira ) Pangeranira wus netepake marang panjenengane dhewe welas asih *) ( maksude sangka sifat kemurahane Alloh wus paring janji bakal maringake rahmate marang kabeh makhluqe ) ( hiya iku ) sing sapa wahe kang ngelakoni lelakon kang ala ing antarane sira amarga ora ngerti *) ( maksude hiya iku 1.wong nglakoni maksiyat kanthi ora ngerti yen lelakon iku maksiyat kejaba yen dipikir luwih disik ; 2 . wong kang duraka marang Alloh , disengaja utawa ora disengaja; 3. wong kang nglakoni kejahatan kanthi ora sadar, amarga banget muring-muringe utawa sebab kadhorang hawa nepsune ) ; Nuli sak wise kuwi dheweke tobat lan ngelakoni kebecikan , mangka saktemene Alloh maha Mangapura tur Maha Welas Asih. “



ASBABUN NUZUL :

1.Ibnu Hibban lan Al Hakim ngriwayatake ing bab iki ( surah Al An’am ayat 52 – 64 ) kanthi jalur ( sanad) Sa’ad ibnu Abu Waqqos kang negasake , Manawa ayat kang diturunake iki gegayutan anane uwong enem , yoiku Sa’ad ibnu Abu Waqqos, Abdulloh ibnu Mas’ud lan papat uwong liyane . Dheweke( kaum mussyrik ) padha kandha marang Rosululloh SAW : “ diusir wae dheweke iku ( yakni para pengikut Nabi) sebab kita rumangsa isin dadi pengikutmu kang padha kara dheweke iku .” Akhire meh wae Nabi SAW. Terpengaruh marang panjaluke wong Musyrik mau , ananging sak durunge bab iku kedayeyan pengusiran marang sahabat Nabi SAW mau , Alloh nurunake Firmanipun :

وَلَا تَطْرُدِ الَّذِينَ يَدْعُونَ رَبَّهُم بِالْغَدَاةِ وَالْعَشِيِّ يُرِيدُونَ وَجْهَهُ ۖ مَا عَلَيْكَ مِنْ حِسَابِهِم مِّن شَيْءٍ وَمَا مِنْ حِسَابِكَ عَلَيْهِم مِّن شَيْءٍ فَتَطْرُدَهُمْ فَتَكُونَ مِنَ الظَّالِمِينَ ﴿٥٢

Al An’am ayat 52 :
‘” Lan aja pisan –pisan sira nundhung wong-wong kang ngajak-ajak marang Pangeran ana ing wektu esok lan wektu sore , sedheng dheweke padha ngarep-arep karidane Alloh . Sira sethithik wahe ora nanggung jawab tumerap lelakone wong-wong mahu lan wong-wong mahu ( uga ) ora nanggung jawab sethithik wahe tumrap lelakonira , kang anjalari sira (nduweni hak ) ngusir dheweke , nganti sira kalebu golongane wong-wong kang padha zholim .” *) ( Nalika kanjeng Nabi Muhammad SAW . nembe pinarak bareng-bareng karo wong mu’min kang dianggep ina lan fekir dening wong-wong Quraisy , nuli para pengarepe wong-wong Qurasy teka saperlu wawan rembug marang Rasululloh , ananging dheweke ora gelem lungguh bareng karo wong-wong mu’min lan dheweke padha nyuywun yen uwong-uwong mu’min kuwi supaya diusir wahe, nganti dheweke bisa wawan rembug marang Rasululloh , akhire Alloh nuli nurukake ayat iki .)

Ayat ing nginggil jelas sanget tumrap kita umat Islam dipun larang ngusir utawi nundhung dateng sederek kita piyambak ing mangka sedherek kita menika ngajak- ajak nuju dateng ing Pangeran , bab menika boten prayogi sanget ing antawisipun Muslim sami ungkur sinungkuran namung margi saking mboten cocok kaliyan kapribadhenipun.
Na’udzu billahi min dzaalika.

Islam ugi mboten ngeparengaken kita ngina dateng sederek kita ingkang ringkih ekonominipun . ugi mboten kepareng nyepelekaken dateng sederek sederek kita
Sesami mukmin .
Awit sugih bandha bandhu tuwin mlarat/ miskin bandha menika sedanten mujudaken pacoben gesang tumrap manungsa ; jalaran Alloh boten badhe ningali kesugihan bandha saking kawulanipun ananging Alloh badhe ndadar dumugi sepinten agengipun raos syukur kawula dateng Pangeranipun .
Bab menika Alloh negasaken wonten ing Firmanipun :

وَكَذَٰلِكَ فَتَنَّا بَعْضَهُم بِبَعْضٍ لِّيَقُولُوا أَهَٰؤُلَاءِ مَنَّ اللَّهُ عَلَيْهِم مِّن بَيْنِنَا ۗ أَلَيْسَ اللَّهُ بِأَعْلَمَ بِالشَّاكِرِينَ ﴿٥٣﴾
53.Lan kang kaya mangkana kuwi Ingsun nyoba marang saperangan saking dheweke ( wong-wong kang sugih ) kanthi saperangan kang liya ( wong –wong miskin ) , supaya ( wong –wong kang sugih ) ngucap : “ apa wong-wong kang kaya mangkene kuwi kang diparingi kanugrahan dening Alloh ? “ ( Aloh dhawuh) “ Apa toh Alloh ora luwih Mirsani marang wong-wong kang padha syukur ( marang Panjenengane ) ? “.

ASBABUN NUZUL

2.Imam Ahmad , Imam Thabroni, Ibnu Abi Hatim uwis ngriwayatake jalur ( sanad ) Ibnu Mas’ud R.A. kang wus negasake menawa ana segolongan uwong-uwong Qurasy ketemu marang Rosululloh SAW , kang nalika iku nembe bareng marang Khabbab Ibnul Art , Suhaib , Bilal lan Ammar , banjur wong wong Qurasy iku matur marang Rosululloh : ‘” Hai Muhammad, apa sira seneng marang dheweke iki , lan uwong uwong kang mangkene iki kang bakal antuk kanugrahane Alloh ? Manawa sira gelem ngusir wong-wong iki mesthi wahe aku bakal gelem dadi pengikutmu .” banjur Alloh nurunake surah Al An ‘am ayat 51-55 ).


ASBABUN NUZUL

3.Ibnu Jarir ngaturaken bab punika kanthi jalur ( sanad) Ikrimah kanthi panegasanipun : uwis teka pemuka –pemuka kabilah Quraisy : Atabah ibnu Rabi’ah, Syaibah ibnu Rabi’ah, Mut’im ibnu ‘Adi lan Al Har ibnu Naufal lan uga pemuka kabilah Abdu Manaf kabeh iku saka kalangan kafir nemoni Abu Tholib banjur kandha :” umpamane keponakanmu iku gelem ngusir wong wong mlarat ( budak budak/ BILAL , AMMAR IBNU YASIR, SALIM, SHOLEH, IBNU MAS’UD AL MIQDAD IBNU ABDILLAH,) kang sumandhing ing sisihe keponakanmu iku , mesthi aku sak kanca bakal ngagungake lan bakal melu taat marang ajake\ane ponakanmu iku.” , banjur Abu Tholib ngaturake panjaluke pemuka pemuka quraisy iku marang Nabi Muhammad SAW, : “ Umar ibnul Khotob ngusulake : “ ndos pundi menawi Panjenengan nindakaken punapa ingkang dipun suwun pemuka –pemuka Quraisy manika ya Rosulullah ? , ananging durung nabi njawab pitakon iku Alloh Nurunake Suroh Al An ‘am ( ayat 51-53 )

Dheweke kang dimaksud wong wong mlarat/ budhak budhak yoiku : BILAL , AMMAR IBNU YASIR, SALIM , bekas budhak Ibnu Huzaifah, SHOLEH Bekas budak Usaid , IBNU MAS’UD AL MIQDAD IBNU ABDILLAH , WAQID IBNU ABDULLOH AL HANZALI lan uwong uwong kang miskin kang kaya dheweke iku Sa’ad ibnu Abu Waqqos, Abdulloh ibnu Mas’ud ,Khabbab Ibnul Art , Suhaib . Akhire Umar banjur ngadep marang kanjeng Nabi lan jaluk ngapura saka pangucap kang wus kawetu ing mau ngarep .

sak banjure Alloh Nurunake suroh Al An’am ayat : 54 :

وَإِذَا جَاءَكَ الَّذِينَ يُؤْمِنُونَ بِآيَاتِنَا فَقُلْ سَلَامٌ عَلَيْكُمْ ۖ
54.Yen wong-wong kang Iman marang ayat-ayat Ingsun padha teka marang sira , mangka dhawuha : Salamun ‘alaikum “ ( Muga –muga Alloh maringi keslametan marang sira )
كَتَبَ رَبُّكُمْ عَلَىٰ نَفْسِهِ الرَّحْمَةَ ۖ
Pangeranira wus netepake marang panjenengane dhewe welas asih *) ( maksude sangka sifat kemurahane Alloh wus paring janji bakal maringake rahmate marang kabeh makhluqe )
أَنَّهُ مَنْ عَمِلَ مِنكُمْ سُوءًا بِجَهَالَةٍ
( hiya iku ) sing sapa wahe kang ngelakoni lelakon kang ala ing antarane sira amarga ora ngerti *) ( maksude hiya iku 1.wong nglakoni maksiyat kanthi ora ngerti yen lelakon iku maksiyat kejaba yen dipikir luwih disik ; 2 . wong kang duraka marang Alloh , disengaja utawa ora disengaja; . wong kang nglakoni kejahatan kanthi ora sadar, amarga banget muring-muringe utawa sebab kadhorang hawa nepsune ) ;

ثُمَّ تَابَ مِن بَعْدِهِ وَأَصْلَحَ
Nuli sak wise kuwi dheweke tobat lan ngelakoni kebecikan


فَأَنَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ
mangka saktemene Alloh maha Mangapura tur Maha Welas Asih. “

Q.S. 10 ( Yunus ) Ayat :10, .....
دَعْوَاهُمْ فِيهَا سُبْحَانَكَ اللَّهُمَّ وَتَحِيَّتُهُمْ فِيهَا سَلَامٌ ۚ وَآخِرُ دَعْوَاهُمْ أَنِ الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ ﴿١٠﴾


10.Dongane *) ( maksude : diwenehi pituduh Gusti Alloh supaya nindakake amal amal kang bisa nekakake ing suwarga ) Dheweke kabeh ing njero (suwarga) hiya iku : “ Subhanakallahumma “ *) ( maksude : puja lan pujine deweke kabeh marang Gusti Alloh ) , Lan Salam pakurmatane dheweke kabeh hiya iku “ Salam “ * ) ( artine : selamet saaka samubarang panca baya ) Lan pungkasane dongane dheweke kabeh hiya kuwi “ Alhamdulillaahi Robbil ‘Alamiin .” *) ( artine ; sakabehe puji kagungane Alloh kang mangerani sakabehe ngalam )

MUSNAD AHMAD 1073

10733- و قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ الضِّيَافَةُ ثَلَاثَةُ أَيَّامٍ فَمَا زَادَ فَصَدَقَة


Gegayutan kaliyan mulyaken tamu menika kanjeng Nabi negasaken dateng kita umat Muslim :

FI KITAABI MUSNAD AHMAD Hadits Nomer 1073.

Kategasaken sumber saking jalur riwayat ingkang sami kanthi keterangan Hadits saking [Abu Sa'id] bilih Rasulullah shallallahu 'alaihi wasallam bersabda: "nyuguh tamu iku suwene telung dina, seluwihe iku minangka sedekah."

بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم - ونفعني وإياكم بما فيه من الأيات والذكر الحكيم - وتقبل مني ومنكم تلاوته إنه هو السميع العليم – أقول قولي هذا واستغفر الله العظيم لي ولكم ولسائر المسلمين والمسلمات والمؤمنين والمؤمنات فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم


الخطبة الثانية
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى اَهْدَى لِلْمُتَّقِيْنَ سَبِيْلَ الرَّشَادِ
وَالْكَرَمَ لِلْمُؤْمِنِيْنَ بِِِِِِِِِِِِِِِِمَا فِيْهِ مِنَ السَّعَادَةِ بَعْدَ السَّعِِى وَالْجِهَادِ , فَأَظْلَمَالكافِرِيْنَ بِمَا يَسُوْقُهُمْ اِلَى سَوْطِ عَذَابِ , وَاَهْلَكَ الظَالِمِيْنَ
بِأَنْوَاعِالْكَرََا ئِبِ وَالْمَصَائِبِ
اَشْهَدُ اَنْ لااِلَهََ اِلآّاللهُ الْعَزِيْزُ اْلحَمِيْدُ , فَنَحْنُ اِلَيْهِ حُسْنُ الْمَتَابِ
وَ اَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُجِيْدُ , فَنَحْنُ اِلَيْهِ الْاِسْتِجَادَ
أللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلى سَيِّدِنَا وَحَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا محَمَّدٍ هََذَا النَّبِىِ المُعْتَمَدِ , وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَ مَنْ تَبِعُهُ بِالْخَيْرِ الَى عُقْدَةِ المِعَادِ ,
أللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمَّ تَسْلِيْمًا كثِيْرًا , اَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَ الله ِاُوْصِيْكُمْ وَ اِيَّاىَ بِِِِتَقْوَى اللهَ فِى السِّـرِّ وَالْعَلَنِ . فَاتَّقُوْا اللهَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ .
وَاعْلمُواْ اَيُّهَا الْمُؤ ْمِنُوْن َإِنَّ الَّلهَ صَلّىَ عَلىَ نَبِيِّه ِقَدِيْمًا وَبَدَأَ بِنَفْسِهِ تَعْلِيْمًا وَقالَ اللهُ تَعَالى إِنَّ الله َ وَمَلَائْكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلى النَّبِيِّ ياَأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمَوْا تَسْلِيْمًا


أللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّم ْ عَلى سَيِّدِنَا وَحَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا محَمَّدٍ وعلى آله وصحبه أجمعين.
بِرَحْمَتِكَ يَأَرْحَمَرَ الرَّحِمِيْنَ :

- أللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتٍ والمؤمنين والمؤمنات الأجياء منهم والأموات انك سمعٌ قربٌ مجبٌ الدعواتِِ ياقا ضى الحاجاتِ

-أللَّهُمَّ اغْفِرْ لَنَا وَلْآبَائِنَا وَأُمَّهَاتِنَا وأَجْدَادِنَا وَجَدَاتِنَا

-اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلاءَ والْبَلاءَ وَالوَبَاءَ وَالفَحْشَاءَ وَالمُنكَرَ والبَغْىَ والسُّيُوْفَ والمُخْتَلِفَةَ وَالشَدَائِدَ والْمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا هذَا خَا صَّـةً وَ مِنْ بُلْدَانِ المُسْلِمِيْنَ عَا مَّـةً ,

وَبِالحُصُوْسِ بَلَدِنَا الْا ِنْدُوْنِسِيّ ِ وَ فىِ السّمِِـيـْنِ وَالْقَرْيَةِ الكرجكان

اِنّـكَ عَلى كُلِّ شَيْءٍ قـَدِيـْرٌ :

- اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ

- رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ

- رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِوَالِد َيْنَا وَارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيَانَا
صِغَارًا


- رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ

- رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

- رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِاْلإِيْمَانِ وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاًّ لِّلَّذِيْنَ ءَامَنُوْا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ

- سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْْعِزَّةِ عَماَّ يَصِفُوْنَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْْعَالََمِيْنَ .

- عِبَادَ الله إِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالِإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَخْشَآءِ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ يَعِيْظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ
– فَاذْكُرُوْا اللهَ الْعَظِيْمِ يَذ ْكُرْكُمْ- وَاشْكُرُوْهُ عَلى نِعَمَهُ يَزِدْ كُمْ
- وَلََذِكْرُ اللِه اَكْبَرُ.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar