Kamis, 02 Februari 2012

juz 1




بسم الله الرحمن الرحيم
Kanthi Asma Alloh ingkang Maha Murah tur kang Maha Asih

ALBAQOROH AYAT 1
GOLONGAN  MU’MIN AYAT  1-5


الم

1.Alif Laam Miim *)

1.ora ana  kang pirso tegese kajobo Alloh Ta’ala  dhewe.

ALBAQOROH AYAT 2
GOLONGAN  MU’MIN AYAT  1-5

ذَلِكَ الْكِتَابُ لَا رَيْبَ فِيهِ هُدًى لِلْمُتَّقِينَ (2)
2.Dzaalikal kitaabu laa roiba fiihi hudzal lil muttaqiina

iku ذلِكَ Kitab الْكِتابُ ora ana لَا ragune  رَيْبَ  ing jerone Qur'an  فِيهِ  petunjuk هُدًى kanggone uwong-uwong kang taqwa لِّلْمُتَّقِينَ ﴿البقرة:٢

2.Kitab*1) AlQur’an iku  Ora ono keraguane  Minongko pituduh tumrape wong wong kang podho taqwa *2)
 

*1)Pangeran maringi jeneng Al Quran  kanthi Kitab  kang mengku arti “kang ditulis  “ kuwi minangka isyarat menawa Al Qur’an mau diprentahake supaya ditulis .”
*2) Taqwa artine ngreksa siksane Alloh kanthi nglakoni sakabehing perintahe Pangeran lan ninggal sekabehing kang dilarang . iki ora mung cukup diarteke wedi wahe.


ALBAQOROH  AYAT  3
GOLONGAN  MU’MIN AYAT  1-5

الَّذِينَ يُؤْمِنُونَ بِالْغَيْبِ وَيُقِيمُونَ الصَّلَاةَ وَمِمَّا رَزَقْنَاهُمْ يُنْفِقُونَ (3)

3.Alladziina yu’minuuna bilghoibi wayuqiimuunash sholata wamimma razaqnaahum yunfiquuna

uwong-uwong kang الَّذِينَ dheweke beriman يُؤْمِنُونَ kanthi kang ghaib بِالْغَيْبِ lan dheweke ngedhegake وَيُقِيمُونَ sholat الصَّلَاةَ  lan saka apaوَمِمَّا       uwis Ingsun wenehi rezeqi marang dhewekeرَزَقْناهُم ْ dheweke           nafkahaheيُنفِقُونَ  ﴿البقرة:٣

3.( Yoiku) wong wong kang padha iman*3) marang kahanan kang ghoib*4)  lan padha nglakoni sholat*5) lan padha gelem nginfaqkake sak dhengah saking rizki*6) , kang Ingsun paringake marang dheweke.
 


*3).iman kuwi kepercayan kang kuat kang dibarengi  kanthi tundhuk lan masrahake jiwa raga. Tandha-tandha anane iman yoiku ngelakani apa wahe kang dikarepake dening iman mau.
*4).Kang ghoib yoiku perkara kang ora bisa ditingali dening panca driyo .percaya marang kang ghoib maksude neqodake marang perkara kang wujud kang ora bisa ditingali dening panca driyo , amarga dalil-dalil kang nuduhake  marang anane perkara ghoib mau , kaya anane Alloh, Malaikat-malaikat, dina akhirat lan sapanungggalane.
*5).Sholat miturut  bahasa arab artine “ do’a “ miturut istilahe syara’ yoiku ibadah kang wus kinaweruhan, kang diwiwiti kanthi takbir lan dipungkasi kanthi salam kang dilakoni kanggo mbuktekake kumawula lan ngasorake awak marang Alloh.Ngelakoni Sholat artine nindakake kanthi teratur , kanthi nglengkapi kabeh syarat syarat lan rukune sarta tatakramane ,padha uga kang ketingal utawa  kang batin ( ora ketingal ) kaya khusyu’, nggatekake marang kang diwaca lan sapanunggalane.
*6)Rezeki: sakabehaning perkara kang bisa dimanfa’atake . Nafkahake saperangan rezeki iku menehake saperangan bandha donyane kang diparingake dening Alloh marang wong kang duweni hak nerima , kaya wong –wong fekir , wong –wong miskin , sanak kerabat, bocah-bocah yatim lan sapanunggalane

ALBAQOROH  AYAT  4
GOLONGAN  MU’MIN AYAT  1-5

وَالَّذِينَ يُؤْمِنُونَ بِمَا أُنْزِلَ إِلَيْكَ وَمَا أُنْزِلَ مِنْ قَبْلِكَ وَبِالْآَخِرَةِ هُمْ يُوقِنُونَ (4)
4.Walladiina yu/minuuna bimaa unzila ilaika wamaa unzila min qoblika wabil akhirotihum  Yuuqiinuuna.

 Lan uwong-uwong kangوَالَّذِينَ dheweke berimanيُؤْمِنُونَ marang  apaبِمَا diudhunake أُنزِلَ marang sira إِلَيْكَ lan apa وَمَا diturunake  أُنزِلَ saka  مِن sak durung siraقَبْلِكَ lan kanthi ananing  dina akhir وَبِالْآَخِرَةِ dheweke  هُمْ padha yakin يُوقِنُونَ ﴿البقرة:٤

4.Lan uwong uwong kang padha percaya marang kitab(AlQur’an) kang diudhunake marang Sira (Muhammad) lan kitab kitab kang diudhunake sak durunge sira*7) , sarta padha percaya marang anane dina akhirat*8)

 

*7)Kitab-kitab kang tumurun sak durunge Nabi Muhammad SAW. Yoiku kitab-kitab kang temurun sak durunge Al Qur’an, kaya : Taurot, Zabur , Injil lan shuhuf-shuhuf kang diterangake ana ing Al Qur’an kang tumurun marang para Rosul, Alloh nurukake kitab marang Rosul yoiku kanthi cara maringi wahyu marang malaikat Jibril A.S. nuli malaikat Jibril ngaturake marang Rosul .
*8)Yakin yoiku kepercayaaan kang kuat ora dicampuri mamang 
sak thithika .Akhirat kuwi walike donyo. Panguripan akhirat hiya 
iku urip maneh sak wuse donyo iki ora ono. Yakin marang 
panguripan ono ing akhirat artinebener-bener percaya marang 
bakal anane urip maneh sak wise dunyo iki ora ono.

ALBAQOROH AYAT 5
GOLONGAN  MU’MIN AYAT  1-5

أُولَئِكَ عَلَى هُدًى مِنْ رَبِّهِمْ وَأُولَئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ (5)

5.ulaa-ika 'alaa hudan min robbihim waulaa-ika humul muflihuuna.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar