Senin, 03 Maret 2014

AL BAQOROH AYAT 146 -152 OLEH PARDIRO AS SLEMANI


Al Baqoroh ayat 146 :
الَّذِينَ آَتَيْنَاهُمُ الْكِتَابَ يَعْرِفُونَهُ كَمَا يَعْرِفُونَ أَبْنَاءَهُمْ وَإِنَّ فَرِيقًا مِنْهُمْ لَيَكْتُمُونَ الْحَقَّ وَهُمْ يَعْلَمُونَ (146)
Utawi wong akeh ٱلَّذِينَ
Kang maringi Ingsun ing alladzina ءَاتَيْنٰهُمُ
Ing kitab ٱلْكِتٰبَ
Iku pdha weruh hiya alladzina ing Muhammad  يَعْرِفُونَهُۥ
Kaya olehe padha كَمَا
Ngerti hiya alladzina يَعْرِفُونَ
Ing pira pira anake alladzina أَبْنَآءَهُمْ ۖ
Lan satuhune  وَإِنَّ
Sak panutan  فَرِيقًا
Saking alladzina مِّنْهُمْ
Yekti iku padha anyimpenaken /ndlelikaken /ngumpetaken لَيَكْتُمُونَ
Ing perkara kang hak ٱلْحَقَّ
Lan dheweke وَهُمْ
Dheweke padha mangerti يَعْلَمُونَ


146.Wong-wong Yahudi lan Nashroniu ) kang wis Ingsun paring Al Kitab  ( Taurot lan Injil ) padha kenal Muhammad kaya kenale marang anak-anake dhewe*)97 . Satuhune saperangan saking dheweke padha ngumpetake kebeneran, ing mangka dheweke padha ngerti.


146. orang-orang (Yahudi dan Nasrani) yang telah Kami beri Al kitab (Taurat dan Injil) Mengenal Muhammad seperti mereka Mengenal anak-anaknya sendiri[97]. dan Sesungguhnya sebahagian diantara mereka Menyembunyikan kebenaran, Padahal mereka mengetahui.

[97] Mengenal Muhammad s.a.w. Yaitu Mengenal sifat-sifatnya sebagai yang tersebut dalam Taurat dan Injil.

Al Baqoroh ayat 147 :
الْحَقُّ مِنْ رَبِّكَ فَلَا تَكُونَنَّ مِنَ الْمُمْتَرِينَ (147)


Utawi kebeneran  ٱلْحَقُّ
Iku sangking  مِن
Pengeran ira رَّبِّكَ ۖ
Mangka aja ana  فَلَا
Temenan sira  تَكُونَنَّ
 Iku Kalebu  مِنَ
 Golongane  wong kang padha mamang  ٱلْمُمْتَرِينَ


147.Perkara kang bener iku saking Pangeran ira  mula iku sira aja padha dadi wong kang mamang.

147. kebenaran itu adalah dari Tuhanmu, sebab itu jangan sekali-kali kamu Termasuk orang-orang yang ragu.



Al Baqoroh ayat 148:
وَلِكُلٍّ وِجْهَةٌ هُوَ مُوَلِّيهَا فَاسْتَبِقُوا الْخَيْرَاتِ أَيْنَ مَا تَكُونُوا يَأْتِ بِكُمُ اللَّهُ جَمِيعًا إِنَّ اللَّهَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ (148)

 Lan iku tetep kaduwene  saben-saben  وَلِكُلٍّ
Utawi adhep ( kiblat) وِجْهَةٌ
Kang utawi  kullu هُوَ
Iku madhep wijhatun  مُوَلِّيهَا ۖ
Pdha balapana tha  sira kabeh  فَٱسْتَبِقُوا۟
Ing pira –pira kebagusan  ٱلْخَيْرٰتِ ۚ
Ing dalem endi أَيْنَ
anggon مَا
Tinemu sira kabeh تَكُونُوا۟
Mangka nekakaken  يَأْتِ
Kelawan sira kabeh بِكُمُ
Sap Gusti Alloh  ٱللَّـهُ
Sak kabehane  جَمِيعًا ۚ
Satuhune  إِنَّ
Gusti Alloh  ٱللَّـهَ
Ingatase  عَلَىٰ
Saben saben  كُلِّ
Suwiji –wiji  شَىْءٍ
Iku Kuwasa  قَدِيرٌ
148. Saben-saben  Umat iku ana kiblate (dhewe) kang diadhepi . Mangka padha rerekatana sira kabeh ( ing dalem ngelakoni ) kebecikan . Ana ing ngendi wah sira mesthi Alloh bakal ngumpulake  sira kabeh ( ana ing dina qiyamat) . Setuhune Alloh Maha Kuwasa marang sakabehe perkara.

148. dan bagi tiap-tiap umat ada kiblatnya (sendiri) yang ia menghadap kepadanya. Maka berlomba-lombalah (dalam membuat) kebaikan. di mana saja kamu berada pasti Allah akan mengumpulkan kamu sekalian (pada hari kiamat). Sesungguhnya Allah Maha Kuasa atas segala sesuatu.


Al Baqoroh ayat 149 :

وَمِنْ حَيْثُ خَرَجْتَ فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ وَإِنَّهُ لَلْحَقُّ مِنْ رَبِّكَ وَمَا اللَّهُ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُونَ (149)
 Lan sangking  وَمِنْ
Endi wae sira anggon  حَيْثُ
Metu sira /lunga sira  خَرَجْتَ
Mangka ngadhepna sira  فَوَلِّ
 Ing rahi ira  وَجْهَكَ
Ana ing arah  شَطْرَ
Masjidil ٱلْمَسْجِدِ
Haram ٱلْحَرَامِ ۖ
Lan satuhune madhep Masjidil Harom  وَإِنَّهُۥ
Yekti iku bener  لَلْحَقُّ
Sangking  مِن
Pengeran ira  رَّبِّكَ ۗ
Lan ora ana  وَمَا
 Sapa Allah ٱللَّـهُ
Iku lali  بِغٰفِلٍ
Sangking barang kang padha  عَمَّا
Ngelakoni sira kabeh  تَعْمَلُونَ


149.Lan saking endi wahe oleh ira metu ( teka ) mangka adhepna wajah ira marang arah Masjidil Harom ,satuyhune madhep arah Masjidil Harom iku sawijine perkara kang yekti saking Pangeran ira , Alloh ora bakal lali marang apa kang padha sira lakoni .

149. dan dari mana saja kamu keluar (datang), Maka Palingkanlah wajahmu ke arah Masjidil haram, Sesungguhnya ketentuan itu benar-benar sesuatu yang hak dari Tuhanmu. dan Allah sekali-kali tidak lengah dari apa yang kamu kerjakan.





AL BAQOROH AYAT 150

وَمِنْ حَيْثُ خَرَجْتَ فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ وَحَيْثُ مَا كُنْتُمْ فَوَلُّوا وُجُوهَكُمْ شَطْرَهُ لِئَلَّا يَكُونَ لِلنَّاسِ عَلَيْكُمْ حُجَّةٌ إِلَّا الَّذِينَ ظَلَمُوا مِنْهُمْ فَلَا تَخْشَوْهُمْ وَاخْشَوْنِي وَلِأُتِمَّ نِعْمَتِي عَلَيْكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَهْتَدُونَ (150)
 Lan sangking  وَمِنْ
Endi wae sira anggon  حَيْثُ
Metu sira /lunga sira  خَرَجْتَ
Mangka ngadhepna sira  فَوَلِّ
 Ing rahi ira  وَجْهَكَ
Ana ing arah  شَطْرَ
Masjidil ٱلْمَسْجِدِ
Haram ٱلْحَرَامِ ۖ
Lan ing dalem endi   وَحَيْثُ
Anggon  مَا
Tinemu sira kabeh  كُنتُمْ
Mangka ngedhepna sira kabeh  فَوَلُّوا۟
Ing pira –pira rahi ira kabeh  وُجُوهَكُمْ
Ana ing arah Masjidil Haram  شَطْرَهُۥ
Supaya ara ana   لِئَلَّا
mereka adalah يَكُونَ
iku tumraping manungsa  لِلنَّاسِ
ing ngatase sira kabeh  عَلَيْكُمْ
apa hujah / alasan حُجَّةٌ
kejaba  إِلَّا
Wong akeh  ٱلَّذِينَ
Kang padha dholim  iya alladzina  ظَلَمُوا۟
Saking  Nas  مِنْهُمْ
Mangka aja padha wedi  فَلَا
Sira kabeh ing alladzina dholamu  تَخْشَوْهُمْ
Lan wedhiya sira kabeh  ing Ingsun  وَٱخْشَوْنِى
Lan supya Ingsun nyampurnakake وَلِأُتِمَّ
Nikmat Ingsun  نِعْمَتِى
Ing ngatase sira kabeh  عَلَيْكُمْ
lan menawa  sira kabeh   وَلَعَلَّكُمْ
Iku oleh pituduh sira kabeh  تَهْتَدُونَ


150. dan dari mana saja kamu (keluar), Maka Palingkanlah wajahmu ke arah Masjidil Haram. dan dimana saja kamu (sekalian) berada, Maka Palingkanlah wajahmu ke arahnya, agar tidak ada hujjah bagi manusia atas kamu, kecuali orang-orang yang zalim diantara mereka. Maka janganlah kamu takut kepada mereka dan takutlah kepada-Ku (saja). dan agar Ku-sempurnakan nikmat-Ku atasmu, dan supaya kamu mendapat petunjuk.

150.Lan saking endi wae sira metu, mangka adhepna wajah ira marang arah Masjidil Harom , la nana ing ngendi wahe panggonan ira kabeh , mangka adhepna wajahira marang arah  Masjidil Harom , supaya manungsa ora padha nduweni hujjah marang sira kabeh , kejaba wong-wong kang padha dholim , mangka sira aja padha wedi  marang dheweke lan wediyo marang Ingsun .Lan supaya Ingsun nyempurnakake nikmat Ingsun marang sira kabeh lan supaya sira padha oleh pituduh.

AL BAQOROH AYAT 151

كَمَا أَرْسَلْنَا فِيكُمْ رَسُولًا مِنْكُمْ يَتْلُو عَلَيْكُمْ آَيَاتِنَا وَيُزَكِّيكُمْ وَيُعَلِّمُكُمُ الْكِتَابَ وَالْحِكْمَةَ وَيُعَلِّمُكُمْ مَا لَمْ تَكُونُوا تَعْلَمُونَ (151)


Kayadene  كَمَآ
Olehe ngutus  sapa Ingsun  أَرْسَلْنَا
Ing dalem sira kabeh فِيكُمْ
(ing utusan ) رَسُولًا
(saking sira kabeh  ) مِّنكُمْ
( kang maca rosul ikui ) يَتْلُوا۟
 ( ing ngatase sira kabeh ) عَلَيْكُمْ
 ( ing pira –pira ayat Ingsun ) ءَايٰتِنَا
( lan ambersihaken /mensucikan  sapa  Alloh ing sira kabeh  ) وَيُزَكِّيكُمْ
 ( Lan mulang sapa Alloh ing sira kabeh ) dan dia mengajarkan kamu وَيُعَلِّمُكُمُ
  ( ing kitab ) ٱلْكِتٰبَ
 ( lan hikmah ) وَٱلْحِكْمَةَ
 ( lan mulangake sapa Alloh ing sira kabeh ) وَيُعَلِّمُكُم
 (Ing barang ) مَّا
 ( kang ora ana ) لَمْ
 ( sira kabeh )  تَكُونُوا۟
 ( iku padha ngerti sira kabeh  ing ma ) تَعْلَمُونَ

151.Kaya dene Ingsun wus ngutus marang sira kabeh Rasul saking golongan ira kabeh kang macakake ayat-ayat Ingsun marang sira kabeh  lan nyucekake sira kabeh lan mulangake marang sira kabeh  Al Kitab  lan Hikmah ( As Sunnah ) sarta mulangake marang sira kabeh apa kang sira kabeh durung ngerti.
151. sebagaimana (kami telah menyempurnakan nikmat Kami kepadamu) Kami telah mengutus kepadamu Rasul diantara kamu yang membacakan ayat-ayat Kami kepada kamu dan mensucikan kamu dan mengajarkan kepadamu Al kitab dan Al-Hikmah, serta mengajarkan kepada kamu apa yang belum kamu ketahui.

AL BAQOROH AYAT 152

فَاذْكُرُونِي أَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوا لِي وَلَا تَكْفُرُونِ (152)


Mula elinga sira kabeh ing Ingsun  فَٱذْكُرُونِىٓ
Mangka eling ingsun  ing sira kabeh  أَذْكُرْكُمْ
Lan pdha syukura sira kabeh  وَٱشْكُرُوا۟
Marang Ingsun  لِى
Lan aja padha  وَلَا
Kufur sira kabeh ing Ingsun   تَكْفُرُونِ

152.Mula saka iku ,padha elinge sira kabeh marang Ingsun mesthi Ingsun (uga) eling marang sira kabeh *)98  lan padha syukura sira kabeh marang Ingsun , lan sira aja padha ngufuri ( nikmat) Ingsun.
152. karena itu, ingatlah kamu kepada-Ku niscaya aku ingat (pula) kepadamu[98], dan bersyukurlah kepada-Ku, dan janganlah kamu mengingkari (nikmat)-Ku.

[98] Maksudipun : Ingsun limpahake Rohmat lan ampunan Ingsun Marang Sira kabeh

ASBABUN NUZUL  :

Firman Alloh  SWT :
Uwong –uwong kang kurang akale ing antarane manungsa bakal pdaha kandha ...........nganti  akhir ayat  .(  suroh al baqoroh ayat 142  )

Ngendika Ibnu Ishaq :  diceritakaken marang Ingsun dening Ismail bin Abi Kholid saka Abu Ishaq saka Barra , ngendikane  :” Rosululloh  SAW   biasa nindakake salat kearah Baitul Maqdis  lan asring deleng kearah langit  nunggu perintahe Alloh. Mula Alloh nurunake  “Temenan Ingsun  (tansah) pirsa bola baline wajah ira ing arah langit, mangka Ingsun mesthi bakal mindhahake  kiblat sira marang kiblat sira kang sira senengi . Mangka adhepna wajah ira marang arah Masjidil Harom . (  surah Al Baqoroh ayat 144 )
Para tokoh kaum muslimin padha kandha \;  kita kepengin mangerteni  kepriye nasibe  sahabat-sahabat  kita kang seda/meninggal  sak durunge  kiblat dipindahake  , semana uga nasib sholat  kita kearah Baitul Maqdis  . Mula Alloh nurunake  : “ lan ora Alloh iku bakal nyia-nyia-ake Iman iro kabeh  .: ( suroh al baqoroh ayat 143 )
Lan wong-wong kang bodho  utawa kurang akale  ing antarane manungsa  padha kandha :  apa sebabe wong Islam  padha ngalih saking kiblate(baitul Maqdis) kang wus ditindakake-wingi-wingine ? “ Mula Alloh banujur nurunake  :  “.Wong-wong kang kurang akale  *)93  bakal padha guneman :” ............... hingga akhir ayat  .” ( suroh Al Baqoroh ayat 142 )
Lan okeh jalur –jalur ana ing hadits shohih kang sumber sanad saka Barra’  menawa sak durunge kiblat dipindahake / dialihake  ana saka pirang –pirang lelaki  kang wus gugur ing peperangan jalaran mati terbunuh , apa kang kudu diucakae  marang deweke mau . Mula Aloh  banjur nurunake  : “lan Alloh ora bakal nyia –nyiakake iman ira kabeh. “ ( suroh Al Baqoroh ayat 143 )
ditegasake dening Sahabat Ibnu Jarir  jalur sanad saka As Suddi  ngendikane : “ Nalikane kiblat Nabi SAW  dipindahake  nuju ke ka’bah  , wong wong Musyrik  warga Mekkah padha kandha :” Agana Muhammad mbingungake  , hingga sak iki berkiblat ing arahmu lan nyadari bilih langkahmu luwih antuk pituduh  saka sebab langkahmu lan nyadari deweke meh wae padha arep mlebu ing agamamu .”
MUla Alloh Banjur nurunake   “ supaya ora ana alas an kanggo manungsa  kanggo nyalahake sira ........hinggo akhir ayat.” ( surah Al BAQOROH AYAT 150 )













Tidak ada komentar:

Posting Komentar